Ukir Jepara
Ukir Jepara utawa tatah Jepara yaiku sawijining kaprigelan sarta kalantipan kang diduwèni déning sawenèh bebrayan ing wewengkon Jepara lan sakiwa tengené.[1] Sakliyané kondhang minangka kutha ukir, Jepara iku uga kawentar dadi kutha kang gegayutan kalawan salah sijining wira Nasional, yaiku R.A. Kartini. Ukir Jepara ing buku kang diwetokaké déning Dirjen Kebudayaan Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan 2018 wis dadi warisan budaya takbenda (WBTB) kang didhaftaraké marang UNESCO.[2]
Sajarah
[besut | besut sumber]Kawit abad 19 Jepara wis dadi kembang lambé ing Nuswantara malah manca nagari. Sajarah nyritakaké ngenanin juru tatah lan juru lukis saka jaman Raja Brawijaya kang mandhegani karaton Majapahit kang digethok-tularke kanthi turun-temurun ing kutha Jepara. Saking teguhé sajarah kang tumancep satemah uwong-uwong mitayani yèn Jepara sepisan kawentar minangka ukirané.[3]
Kocap kacarita duk ing nguni ana sawijining juru tatah lan lukis aran Prabangkara banjur ditimbali déning Raja Brawijaya kanggo nglukis garwané sang raja kang lukaran minangka wujud tresnané sang raja. Minangka juru lukis dhèwèké kudu migunakaké angen-angené tanpa diolèhaké nyawang kahanan sang ratu kang lagi lukar. Prabangkara migunakaké kaprigelané kanthi paripurna nganti sawijining cecak nelèk banjur nibani ing lukisané satemah kaya-kaya lukisan kasebut duwé andheng-andheng. Raja Brawijaya banget marem mirsani lukisan Prabangkara nganti ngawenangi ana sawijining andheng-andheng kang dadèkaké duka sang raja. Raja Brawijaya nuduh yèn Prabangkara nyawang garwane kang lagi lukar sebab panggonan andheng-andheng kasebut persis kaya kang dikagungi sang ratu. Prabangkara banjur diukum dijiret ana layangan, diaburaké lan tiba ing saburiné gunung kang saiki arané Mulyoharjo.
aribané ing kono, Prabangkara tekad mulang muruk kabisan kang diduwèni marang warga ing kono lan kabisan kuwi isih bisa dideleng tumeka saiki. Ing jaman Ratu Kalinyamat taun 1549 seni ukir Jepara ngrembaka banget katambah déning anané menteri jenengé Sungging Badarduwung asalé saka Campa lan banget mumpuni ing seni ukur utawa tatah. Sawetara kuwi ing buri gunung diceritakaké ana paguyuban juru ukir kang duwé jejibahan garap pesenan ukir mligi saka keraton. Saben dinané paguyuban kuwi samsaya akèh jalaran akèh para warga désa sakupengé kang mèlu-mèlu sinau bab kaprigelan ukir kang tundhoné mèh sumebar ing saben laladan Jepara.[3]
Ing jaman pergerakan nasional utawa jaman Hindhiya-Walanda, Kartini asring dadèkaké ukir Jepara minangka olèh-olèh kang dikirimaké marang mitrané kang adoh ing manca nagara. Malah Kartini uga sregep nawakaké lan nyambungi Oost en West (paguyuban kerajinan) ing Hindia. Kartini nyengkuyung piyambake sedaya supados mbiyantu promosi produk seni ukir Jepara. Malah R. A. Kartini uga ngirim bebungah ambal warsa marang Ratu Wilhelmina ing Walanda.[4] Kawit saka iku ukir Jepara banjur kondhang kaloka ing saindhenging donya lan kasil lumebu pasar internasional malah dianggepé ukir Jepara kuwi kang paling pinunjul sa Indhonésia.[5]
Ciri khas
[besut | besut sumber]Ing Jepara, kagiyatan ngukir utawa natah uga wis dadi perangan saka budaya, seni, ékonomi, sosial lan pulitik sing wis suwé ditindakaké lan angèl dipisahake saka oyod sajarahé.[6] Kaprigelan kanggo ngukir utawa natah uga wis diwarisaké saka generasi menyang generasi. Kajaba iku, macem-macem lembaga pawiyatan uga wis diadegake kanggo mènèhi palatihan babagan furnitur, ngukir lan cara gawé pola sing bisa ngrembaka. Mangkéné ciri babukiran Jepara sing misuwur banget kayata duwé motif lan pola kang unik. Ciri khas ukir Jepara kang sepisanan yaiku keunikan kang bisa dideleng saka motif lan corak ukiran kasebut.[7] Ukiran ing saben laladan uga duwèni ciri sing beda-beda, lan sing paling khas yaiku ukiran godhong trubusan. Ora mung iku, ana uga gambar woh telu utawa papat ing dhasaran godhong. Iki sing ndadèkake dheweke dadi salah sawijining ciri khas ukiran asli Jepara. Ciri liyané, ing cawang lung-lungan ana pola muter dawa lan nyebar supaya mbentuk sawetara cawang cilik kang ngisi perangan luwung kanggo nambah kaendahané.
Kapindho, ciri liyané saka ukir Jepara, yaiku princèn kang apik kang kadhangkala katon kaya urip, princèn ukir Jepara iki kagawé kanthi presisi banget. Bisa kaya mangkono amarga juru ukir saka Jepara kalebu wong sing wis mumpuni.[8] Dhèwéké bisa nggawé ukiran Jepara kanthi ngemati kanthi tumemen saben obyèké. Asil ukiran iki bisa dideleng ing macem-macem lairan mèbel. Asil ukir jati Jepara lumrahé duwèni asil ukiran kang apik banget amarga tekstur kayu jati, mahoni, séngon, lan liya-liyané sing digunakaké luwih gampang diukir. Katelu, saliyané ukiran kang princi, cara mernani uga apik satemah mènèhi kesan kang élok. Cara kang digunakaké kanggo mernani yaiku cara tradhisional. Dadi, asil werna uga ora gampang luntur, merak ati, lan katon luwih alus.
Kapapat, pancèn ana pathokan tinamtu kanggo gawe ukiran Jepara. Dadi, ora kabèh wong bisa nggawe ukiran kasebut. Nanging, para pengrajin isih bisa bebas nyaluraké gagasan kanggo saben ukiran kang bakal digawe. Kabukti kanthi manéka werna motif lan corak kang ana ing jaman saiki,kang dadi wohing inovasi. Motif kang digunakake uga ora kuwa-kuwi. Saben pengrajin duwèni kabisan nggawe motif-motif kasebut luwih rapi, lincah, lan mesthi luwih narik kawigatèn.
Unsur
[besut | besut sumber]Ukiran asli Jepara uga bisa dideleng saka motif Jumbai utawa ujung-ujung legokan kang ana godhong mèmper kipas kabuka ing pucuking godhong ana runcingané. Kajaba iku, ana uga telu utawa papat woh wiji kang metu saka dhasar godhong. Sliyané iku tatahan legok duwé pola muter karo manjang lan nyebar cawang-cawang cilik sing ngebaki papan utawa gawé ramé ukiran. Salah siji ciri isi wujudé pola lan motif, kanggo motif kita dhewe bisa ndeleng saka: godhong trubusan dumadi saka rong jinis, yaiku katon saka apa sing metu saka pucuk lung-lungan lan sing metu saka cawang utawa ros-rosané.[9]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Fitria Utami, Rahmi Nur (2021-03-31). "Etnomatematika: Eksplorasi Seni Ukir Jepara". JP3M: 1–16.
{{cite journal}}
: Cite journal requires|journal=
(pitulung) - ↑ "Ukir Jepara". Warisan Budaya Takbenda Indonesia. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-02. Dibukak ing 2023-02-03.
- ↑ a b "Kartini, Kota Jepara, dan Seni Ukir Berkelas Dunia". Kompas. Dibukak ing 2023-02-02.
- ↑ "Ngulik Jepara minangka Punjer Seni Ukir Kelas Donya (saka Basa Indonésia)". Good News From Indonesia. Dibukak ing 2023-02-02.
- ↑ "Asal-Usul Jepara Dijuluki Kota Ukir Dunia". Solopos. Dibukak ing 2023-02-02.
- ↑ "Pelestarian Seni Ukir Jepara". Fakultas Tarbiyah dan Keguruan Universitas Islam Nahdlatul Ulama. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-02. Dibukak ing 2023-02-02.
- ↑ Arifin, Zainul (2020-12-14). "Budaya Rupa Motif Ukir Masjid Mantingan Pada Mebel Ukir Jepara". Imajinasi. 14: 1–10.
- ↑ Prastiyan, Damas (2017). "Dinamika Industri Kerajinan Seni Ukir Jepara 1989-2008" (PDF). E-Jurnal UNY. 1: 1–22.
- ↑ Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2018). Katalog Warisan Budaya Takbenda Indonesia 2018 Buku Satu. Jakarta: Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Republik Indonesia. kc. 277.