Menyang kontèn

Siti Hartinah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Tien Soeharto)
Raden Ayu Hj.
Siti Hartinah
Ibu Nagara Indonésia 2
Linggih
12 Maret 1967  28 April 1996
PrésidhènSoeharto
Kang sadurungéFatmawati Soekarno
Kang sawiséHasri Ainun Habibie
Rerincèn dhiri
Lair(1923-08-23)23 Agustus 1923
Nèderlan Surakarta, Jawa Tengah, Hindia Walanda
Pati28 April 1996(1996-04-28) (umur 72)
Indhonésia Jakarta, Indonésia
BangsaIndonésia
SisihanSoeharto
AnakSiti Hardijanti Rukmana (Tutut)
Sigit Harjojudanto (Sigit)
Bambang Trihatmodjo (Bambang)
Siti Hediati Hariyadi (Titiek)
Hutomo Mandala Putra (Tommy)
Siti Hutami Endang Adiningsih (Mamiek)
AgamaIslam

Siti Hartinah utawa Radèn Ayu Siti Hartinah (lair ing Désa Jaten, Surakarta, Jawa Tengah, 23 Agustus 1923  pati ing Jakarta, 28 April 1996 ing umur 72 taun) yaiku garwa saking présidhèn kaping kalih RI, Jendral Purnawirawan Soeharto.[1]. Limrahipun dipuntimbali Ibu 'Tien'. Bu Tien lair saking pasangan KPH Soemohardjo lan Raden Ayu Hatmanti Soemohardjo.[1] Ibu Tien ingkang taksih katurunan ningrat menika canggah saking Pangéran Mangkunagara III.[1] Ibu Tien palakrami kaliyan Soeharto tanggal 26 Dhésèmber 1947 ing Surakarta.[1] Ibu Tien dipunsarèkaké wonten ing Astana Giri Bangun, Jawa Tengah.[1]Ibu Tien dados salah satunggaling tokoh wanita ingkang gadhah pengaruh wigati, utaminipun minangka penggerak Kongres Wanita Indonesia lan pendorong tumrap larangan poligami kanggé para pejabat nagari. Upaya punika ndadosaken medalipun Peraturan Pemerintah Nomor 10 taun 1983 ingkang nglarang PNS kanggé poligami, selaras kaliyan Undhang-undhang Nomor 1 taun 1974 bab Perkawinan. Ibu Tien minangka putri kaping kalih saking KPH Soemoharjomo lan Raden Ayu Hatmanti Hatmohoedojo, lan nalika alit asring pindhah papan amargi damelipun rama.[2]

Sanadyan gadhah peran gedhé ing ndampingi karier politik Pak Harto, gesang Ibu Tien ugi boten lepas saking sorotan lan kontroversi. Ing pungkasan taun 1990-an, piyambakipun ugi dipunmangertosi paring piwucal dhateng para petinggi Partai Golkar supados boten malih nyalonaken Pak Harto. Salah satunggaling kabar ingkang marak nalika semana inggih punika rumor bilih Ibu Tien séda amargi tertembak nalika wonten pasulayan antawis putra-putranipun. Nanging, kabar punika dipunbantah déning Tutut Soeharto ingkang njlentrehaken bilih Ibu Tien séda amargi serangan jantung.[3]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 www.indonesiaindonesia.com
  2. Adryamarthanino, & Nada Nailufar, Varelladevanka, & NIbras (2021-06-28). "Siti Hartinah: Kehidupan, Kiprah, dan Akhir Hidup". Kompas.com. Dibukak ing 2025-11-20.
  3. Kusuma Rahmanda, Sharisya (2024-04-28). "Sejarah Hari Ini, Kilas Balik Kematian Ibu Tien Soeharto 28 Tahun Lalu". Tempo. Dibukak ing 2025-11-20.

Cithakan:Ibu Nagara Indonésia