Taun Jawa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Taun Jawa iku cacahé ana wolu lan ditata sajeroning siklus wolung taunan kang karan windu. Siklus wolung taunan kang diarani windu iki ana patang golongan, ya iku: windu Adi, windu Kuntara, windu Sengara lan windu Sancaya. Ana sawatara ciri wigati sajeroning pranatan taun Jawa, ya iku: nguri-uri kabudayan asli Jawa kaya déné pawukon kanggo tandha pranatan wektu (klairan lan sapanunggalané), sarta Primbon lan pétungan Jawa liyané. Bisa nglestarèkaké kabudayan Hindhu kang sugih bab kasusastran lan kagunan lan atusan taun ngrenggani kabudayan Jawa, uga nyelaraské karo pétungan Arab kaya déné pananggalan Hijjriah kanggo nggampangaké mèngeti dina-dina riyaya lan ngibadah Islam.

Jeneng taun Jawa[besut | besut sumber]

Sajeroning sawindu (8 taun) ana taun Kabisat cacahé 3, ya iku ing taun kaping 2 (Ehe), kaping 4 (Je) lan kaping 8 (Jimakir). Amarga miturut pétungan taun Jawa sajeroning sawindu ana telu taun Kabisat, sajeroning 120 taun (15 x 8 taun), taun Kabisat-é ana 15 x 3 = 45. Déné miturut pétungan taun Arab saben 30 taun, taun Kabisat-é ana 11. Sajeroning 120 taun, taun Kabisat-é ana 11 x 4 = 44. Dadi pétungan taun Jawa sajeroning 120 taun, taun Kabisat-é luwih siji saka taun Arab. Supaya pétungan taun Jawa padha karo pétungan taun Arab, saben 15 windu (120 taun), ana taun wuntu Jawa 1 kang diilangna. Ilangé taun wuntu 1 iku njalari gantiné aksara,ya iku dina pisanan sajeroning windu. Dadi aksara iku gantiné saben 120 taun.

Pétungan taun Jawa 120 taun iku katoné ora diugemi banget. Buktiné sajeroning taun 1674 (taun masehi 1748/49) taun Jawa wis diowahi manèh karo taun Arab, ya iku kanthi mbuwang taun wuntu 1. Ing taun 1748 (taun masehi 1820/210), dadi durung 120 taun, wis diowahi manèh kanthi mbuwang siji dina manèh (dina wiwitan windu-kurup).

Ing wektu semana kang lumaku ya iku kurup Jamngiah. Ing tanggal 11 Dhésèmber 1749 kurup iku didadèkaké kurup Kamsiah lan ing tanggal 28 September 1821 diowahi manèh dadi kurup Arbangiah. Sanadyan taun Jawa wis dicocogaké karo taun Arab saben 120 taun pisan, nanging tanggalé durung mesthi bebarengan. Amarga, kajaba béda klompoké, taun Kabisat Jawa iku mlakuné ora bebarengan karo taun Kabisat Arab. Kajaba iku ana uga kang kudu kita élingi, ya iku umur wulan sajeroning taun Je lan Dal. Wiwit taun 1547 (kurup Jamngiah) nganti taun 1674 (ganti kurup Kamsiah), taun Je durung didadèkaké taun Kabisat, isih dadi taun wastu. Umuré wulan ora ganti-gumanti 30 karo 29 dina, nanging: 30, 30, 29, 29, 29, 29, 30, 29, 30, 29, 30, 30 dina.

Wiwit kurup Kamsiah, taun Je nembé didadèkaké taun Kabisat, supaya tanggal 12 Mulud sajeroning taun Dal (grebeg Mulud) tiba ing dina Senen Pon. Déné taun Dal sajeroning kurup Jamngiah (1547-1674) didadèkaké taun Kabisat. Nanging wiwit kurup Kamsiah (1677-1748) taun Dal banjur didadèkaké taun Wastu. Wiwit kurup Arbangiah (1749) umur wulan sajeroning taun iku drowahi manèh, ora ganti-gumanti 30 karo 29 dina, nanging: 30, 30, 29, 29, 29, 29, 30, 29, 30, 29, 30, 30 dina. Wiwit kurup Salasiah (1867), miturut pétungan, tanggal 12 Mulud sajeroning taun Dal wis ora tiba ing dina Senin Pon.

Jeneng taun kang spèsifik ya iku yèn tanggal 1 Sura tiba ing dina Jemuwah, dijenengaké taun Sukraminangkara (taun urang), wateké: sithik udan. Yèn tiba dina Setu, dijenengaké taun Tumpak-maenda (taun wedhus), wateké: sithik udan. Yèn tanggal 1 Sura tiba dina Ngaat, dijenengaké taun Ditekalaba (taun klabang), wateké: sithik udan. Yèn tiba dina Senèn, dijenengaké taun Somawertija (taun cacing), wateké: sithik udan. Yèn tiba dina Selasa, dijenengaké taun Anggarawrestija (taun kodok), wateké: akèh udan. Yèn tiba dina Rebo, dijenengaké taun Buda-wiseba (taun kebo), wateké: akèh udan. Yèn tiba dina Kemis, dijenengaké taun Respati-mituna (taun mimi), wateké: akèh udan.[1]

Jeneng lan umuré taun Jawa kaya kang mau ing ngisor iki:

  • Alip (Purwana), umuré 354 dina
  • Éhé (Karyana), umuré 355 dina (lawas), 354 dina (anyar)[2]
  • Jimawal (Anama), umuré 354 dina
  • (Lalana), umuré 354 dina (lawas), 355 dina (anyar)
  • Dal (Ngawanga), umuré 355 dina
  • (Pawaka), umuré 354 dina
  • Wawu (Wasana), umuré 354 dina
  • Jimakir (Swasana), umuré 355 dina

Wiwitané dina lan tanggal Jawa[besut | besut sumber]

Pranata mangsa[besut | besut sumber]

Pranata Mangsa iku pamérangan mangsa miturut adat Jawa. Pamahaman kang mèmper kaya iki uga dikenal déning suku-suku liyané ing Indonésia mligi suku Sundha. Mangsa kang lumaku ing tanah Jawa miturut pamahaman iki dipérang dadi 4 mangsa kang utama ya iku: mangsa udan utawa rendheng, mangsa pancaroba utawa marèng, mangsa garing utawa mangsa katiga lan mangsa ngadhepi udan utawa mangsa labuh.

Ka 4 mangsa iku dipérang manèh dadi 12 mangsa kang rentang wektuné luwih cendhek ya iku:[3]

  1. Mangsa kasa utawa mangsa kartika, umuré 41 dina (22 Juni-1 Agustus)
  2. Mangsa karo utawa mangsa puso, umuré 23 dina (2 Agustus-24 Agustus)
  3. Mangsa katelu utawa mangsa Manggasri, umuré 24 dina (25 Agustus-17 September)
  4. Mangsa kapat utawa Mangsa Sitra, umuré 25 dina (18 September-12 Oktober)
  5. Mangsa kalima utawa Mangsa Manggakala, umuré 27 dina (13 Oktober-8 November)
  6. Mangsa kanem utawa Mangsa Naya, umuré 43 dina (
  7. Mangsa kapitu utawa Mangsa Palguna, umuré
  8. Mangsa kawolu utawa Mangsa Wisaka, umuré
  9. Mangsa kasanga utawa Mangsa Jita, umuré
  10. Mangsa kasepuluh utawa Mangsa Srawana, umuré
  11. Mangsa destha utawa Mangsa Padrawana, umuré
  12. Mangsa sada utawa Mangsa Asuji, umuré

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. Blog Semaransanta
  2. Umur anyar sawisé dijumbuhaké karo pananggalan Hijriah
  3. Penanggalan Jawa 120 Tahun Kurup Asapon déning H. Danudji, Dahara Prize, Edisi Pertama 2006, ISBN 979-501-454-4

Uga delengen[besut | besut sumber]