Menyang kontèn

Tasya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Tasya Kamila
Tasya Kamila
LairShafa Tasya Kamila
22 Novèmber 1992 (umur 33)
Jakarta, Indonesia
BangsaIndonesia
PakaryanPenyanyi, Artis, Presenter

Shafa Tasya Kamila utawa kang lumrahé diundang Tasya Kamila lair ing Jakarta, 22 Novèmber 1992; umur 33 taun).[1] Wiwit populer nalika dadi bintang iklan Pepsodent lan nggawé album kang judhulé Libur Telah Tiba.[1]

Tasya Kamila wiwit lumebu ing donyaning hiburan Indonésia wiwit isih sekolah ing Taman Kanak-kanak.[1] Wektu iku Tasya Kamila ditawani dadi bintang iklan karo salah sijiné ibu.[1] Wiwit iku Tasya banjur ditawani salah sijiné biro iklan. Sawisé casting, Tasya Kamila éntuk kontrak kanggo dadi bintang iklan ing prodhuk susu.[1] Wiwit iku, Tasya Kamila terus dadi bintang iklan ing prodhuk asuransi, Department store, Keju, Pasta Gigi Permen, lan wedhak.[1] Taun 1998, anak bungsu saka sadulur kang cacahé telu iki éntuk kontrak eksklusif saka prodhuk odhol.[1] Tasya Kamila iku anak saka pasanganGatot Permadi lan Isverina.[1] Saka iklan iki Tasya Kamila banjur ditawani main sinétron.[1] Ing taun 1998, Tasya Kamila main ing sinétron kang judhulé Takdir.[1] tasya banjur main ing filem kang disiyaraké ing tivi.[1] Film iki judhulé Kupu-kupu Ungu lan Nyanyian Burung.[1] Sinetron liyané kang tau dibintangi Tasya Kamila ya iku sinétron kang judhulé Matahariku, Tasya lan Jangan Menangis Adinda.[1]

Sanajan sibuk syuting iklan lan sinétron, Tasya Kamila isih ngusahakaké supaya Tasya Kamila bisa lés nyanyi ing Bina Vokalia, lan sekolah vokal kang dikelola Elfa Secioria.[1] Sawisé iku ing taun 2000, Tasya Kamila banjur éntuk kasempatan rekaman.[1] Album perdanané ya iku Libur Tlah Tiba, kang duwé lagu andalan kang judhulé pada karo judhul albume ya iku "Libur Tlah Tiba" karangané A.T Mahmud.[2] Album kang sepisanan bisa kadol 350 èwu kopi.[2] Sawisé sukses ing albumé kang sepisanan Tasya Kamila banjur nggawé album kang nomer loro kang temané Gembira Berkumpul.[1] Album iki digawé nalika taun (2001).[2] Ing album iki Tasya Kamila isih kolaborasi karo AT. Mahmud lan Duta (Sheila on 7) ing lagu kang dikarang Eross.[2] Lagu iki judhule "Jangan Takut Gelap".[2]

Taun 2005, Tasya Kamila nggawé album The Very Best of Tasya kang isiné 14 lagu kang paling apik saka album-albume Tasya Kamila.[3] Lagu iki kaya ta "Anak Gembala", "Barisan Musik", "Jangan Takut Akan Gelap", hingga "Paman Datang".[3]

Tasya Kamila bareng karo Ricky Subagja, Marshanda, Dian Nitami, lan Farhan, nalika tanggal 20 Juni 2007 resmi diangkat dadi 'Duta Kampanye Minum Susu'.[4] Lan ana kang ngabaraké yèn Tasya Kamila nduwéni pipi kang chubby amarga ngedhot.[5]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 Profil ing KapanLagi.com (dipunundhuh tanggal 9 Juli 2011)
  2. 1 2 3 4 5 Gembira Berkumpul Bersama Tasya (dipunundhuh tanggal 9 Juli 2011)
  3. 1 2 The Very Best Of Archived 2008-08-03 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 9 Juli 2011)
  4. Duta Minum Susu (dipunundhuh tanggal 9 juli 2011)
  5. Tasya: Chubby Karena Ngedot(dipunundhuh tanggal 9 Juli 2011)