Menyang kontèn

Sariswara

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Serat Sariswara anggitanipun Ki Hadjar Déwantara (PDF)

Sariswara inggih punika cara mulang laré lumantar gabungan kagunan ingkang dumados saking lelagon, mbeksa, kaliyan cariyos.[1] Cara mulang punika dipun ripta déning Ki Hadjar Déwantara kaliyan racakipun dipun anggé wonten ing Taman Siswa.[2]

Wedharan

[besut | besut sumber]

Pasinaon ing Sariswara ngandharaken materinipun kanthi cara nyampuraken ébahan badan utawi mbeksa (wiraga), lelagon utawi cariyos (wirama), kaliyan pangrasa (wirasa). Bab punika dipun anggé amrih swasana pasinaon dados nyenengaken para siswa. Ing bab wiraga, siswanipun sami mbeksa supados langkung bébas anggènipun sinau. Ing bab wirama, siswanipun sami nembang supados sumringah ing papan pasinaonipun. Wondéné ing bab wirasa, materinipun dipun andharaken lumantar pamanah, dados siswanipun ugi kedah nampi lumantar pamanahipun piyambak kanggé mangertosi bab ingkang becik kaliyan ingkang ala.[3]

Kajawi punika, cara mulang Sariswara saged dipun terapaken kanggé para siswa ingkang anggadhahi kabetahan mligi ingkang kangèlan nyumerepi materi ing pawiyatan limrah. Laré-laré mawi kabetahan mligi punika namung saged nampi kanthi sarana swanten, ébahan, kaliyan gambaran (visual).[4] Lelagonipun saged awujud tembang dolanan punapa déné macapat.[5][1]

Ing satunggaling pamulangan Sariswara ingkang dipun adani wonten ing Kemantrèn Mergangsan, Kitha Ngayogyakarta, pamulanganipun mbetahaken 90 tiyang ingkang dumados saking 36 guru, 36 siswa (tigang siswa saking 12 SD), 15 panabuh gamelan, kaliyan 3 wali.[6] Para siswa ingkang nembang boten kedah salaras kaliyan iring-iringan gamelan utawi malah boten kairingan gamelan satunggal punapa, satemah para siswa langkung bébas anggènipun nembang tanpa nggatèkaken nada swantenipun. Pasinaon ingkang dipun wulangaken ngewrat piwulang basa, sajarah, kaliyan bebudèn.[7] Ing jaman sapunika, para siswa, guru, kaliyan wali ngapalaken tuwin nembangaken tembang-tembang dolanan kados ta "Sepuran", "ABC", "Hanacaraka", "Ping-Para-Tambah-Suda", "Dolanan Angka", kaliyan "Jaranan" supados piyambakipun sami nyumerepi raos seneng sumringahipun para siswa utawi larénipun. Kagiyatan punika ugi kanggé ngasilaken raos kasarengan antawising laré–ibu–bapak kaliyan nuwuhaken raos saling anyengkuyung ing satunggal kulawarga.[8]

Sepuran

[besut | besut sumber]

"Sepuran" pinilih dados salah satunggal tembang kanggé mindhakaken daya kreatif kaliyan inovatifipun laré. Para siswa maragakaken kados pundi lumampahing sepur kanthi baris ndèlèhaken asta ing pundhaking laré sanès sarta nembang manut alon-bantering sepuripun.[9]

Kok kok kok, jès jès jès... Kok kok kok, jès jès jès
Sepur langsir maju mundur, Sepur langsir maju mundur
Trèt trèt trèt, trèt jengglèng... Trèt trèt trèt, trèt jengglèng
Jès jès jès jès jès jès kok... Jès jès jès jès jès jès kok
Jès jès jès jès jès jès kok

Anggènipun mbeksa kaliyan nembang "Sepuran" punika anggadhahi pangaribawa tumrap laré-laré ing sawenèh aspèk, kados ta aspèk kognitif, èmosi, sosial, motorik, basa, kaliyan watek. Suraos aspèkipun inggih punika mikir amrih gerbong ngajeng kaliyan wingking boten ucul, boten nyalahaken prakanca kaliyan boten panik menawi gerbongipun ucul, nyengkuyung sesami supados sepuripun tansah aman, nata alon-bantering sepur mawi ébahan badan jumbuh kaliyan wiramanipun, ngapal kaliyan nyumerepi teges tembang dolanan ing basa Jawi saha niru ungeling sepur (onomatopé), kaliyan anggadhahi kawruh ngenani tepa salira kaliyan raos tanggung jawab.[9]

Hanacaraka

[besut | besut sumber]

"Hanacaraka" pinilih dados salah satunggal tembang kanggé nepangaken aksara Carakan dhumateng para siswa supados saged maos kaliyan nyerat nganggé aksara Carakan. Pirantos ingkang kaanggé ing kagiyatanipun inggih punika 20 kertas karton ingkang saben kertasipun sineratan satunggal aksara Carakan, manut cacah kaliyan urut-urutaning aksara Carakan saking "ha" ngantos "nga". Para siswa mbekta satunggal kertasipun lajeng nembang manut wirama kaliyan aksaranipun.[10]

Ha na ca ra ka, da ta sa wa la, pa dha ja ya nya, ma ga ba tha nga
bali
a n c r k f t s w l p d j y v m g b q z

Anggènipun mbeksa kaliyan nembang "Hanacaraka" punika anggadhahi pangaribawa tumrap laré-laré ing sawenèh aspèk, kados ta aspèk kognitif, basa, kaliyan watek. Suraos aspèkipun inggih punika kanggé nyinaoni kaliyan ngapalaken saben aksara ing aksara Carakan supados saged mangsuli pitakèning liyan, nyerat tembung-tembung basa Jawi nganggé aksara Carakan, nanem sikap amarsudi kaliyan sregep sinau.[10]

Jaranan

[besut | besut sumber]

"Jaranan" pinilih dados salah satunggal tembang kanggé mindhakaken kaprigelan motorik. Nalika mbeksa beksan jaranan, para siswa prelu nyaimbangaken badanipun sabab anggènipun mbeksa kedah ngangkat suku tur gantos-gantosan anggènipun mlumpat antawising suku kiwa kaliyan suku tengen ingkang njalari badanipun pambeksa oyag-ayig.[10]

Jaranan jaranan jarané jaran tèji
Sing nunggang Mas Ngabèhi, sing ngiring para mantri
Jrèg jrèg nong jrèg jrèg gung srek esrek turut lurung
Bug krincing gedebug krincing prok prok gedebug jedhèr
Bug krincing gedebug krincing prok prok gedebug jedhèr

Anggènipun mbeksa kaliyan nembang "Jaranan" punika anggadhahi pangaribawa tumrap laré-laré ing sawenèh aspèk, kados ta aspèk motorik, basa, sosial, kaliyan èmosi. Suraos aspèkipun inggih punika ngenani nata ébahan beksan kanggé kasaimbangan badan, nyumerepi pitembungan énggal basa Jawi (jaran tèji, mantri, Mas Ngabèhi), awor sesrawungan kaliyan siswa saking sekolah sanès, kaliyan karsa paring pangapunten dhumateng siswa sanès ingkang anggènipun mbeksa tubruk-tubrukan.[11]

Rujukan

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b Shandy 2020, kc. 26.
  2. Karyawanto 2018, kc. 167.
  3. Salsabila 2021, kc. 1074.
  4. Salsabila 2021, kc. 1071.
  5. Saktimulya 2019, kc. 3.
  6. Saktimulya 2019, kc. 5–6.
  7. Saktimulya 2019, kc. 7.
  8. Saktimulya 2019, kc. 8.
  9. a b Saktimulya 2019, kc. 9.
  10. a b c Saktimulya 2019, kc. 10.
  11. Saktimulya 2019, kc. 10–11.

Kapustakan

[besut | besut sumber]
  • Karyawanto, Harpang Yudha; Noordiana (Juli 2018). "Sariswara Method as the Basis of Art Lesson in Tamansiswa". Proceedings of the 2nd Social Sciences, Humanities and Education Conference: Establishing Identities through Language, Culture, and Education (SOSHEC 2018). Paris: Atlantis Press. doi:10.2991/soshec-18.2018.36. ISBN 978-94-6252-585-6.
  • Saktimulya, Sri Ratna; Nugroho, Akhmad; Raharja, R. Bima Slamet (April 2019). "Implementasi Metode Sariswara Karya Ki Hadjar Dewantara pada Sekolah Dasar di Kecamatan Mergangsan Yogyakarta". Bakti Budaya. 2 (1). doi:10.22146/bb.45026. ISSN 2655-9846.
  • Salsabila, Hanun; Raspati, Matis Iga; Annisa, Firyalina Yulma; Andini, Dinar Westri; Praheto, Biya Ebi (Januari 2021). "Metode Sariswara Sebagai Akomodasi Keberagaman Siswa di Kelas Inklusif". Trihayu. 7 (2). Diarsip saka sing asli ing 2023-02-27. Dibukak ing 2023-02-27.
  • Shandy, Helmy Denada Ari; Trilisiana, Novi (Mèi 2020). "Implementasi metode sariswara Ki Hadjar Dewantara dalam membangun kemerdekaan jiwa individu anak". Epistema. 1 (1). doi:10.21831/ep.v1i1.32323. ISSN 2723-8199.