Menyang kontèn

Jaranan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pawang Jaranan nganakake upacara sesaji sadurunge acara wiwit njaluk kawilujengan.

Kagunan jaranan iku wiwit ana kawit abad ke-10 Hijriah. Tepatké ana ing taun 1041, utawa bébarengan karo Karajan Kahuripan dibagi dadi loro, yaiku pérangan étan dadi Karajan Jenggala kanthi ibukutha Kahuripan lan sisih kulon Karajan Panjalu utawa Kediri kanthi Ibukutha Dhahanapura.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Prabu Airlangga duwé putri kang asma Dewi Sangga Langit. Deweke wong Kediri kang duwé rupa kang ayu banget. Ing jaman iku akèh banget kang nglamar, mangka dhèwèké nganakake sayembara. Pelamar-pelamar Dewi Sangga Langit sekabehane sekti. Kabèh duwé kekuwatan kang misuwur. Dewi Sangga Langit saktemene ora gelem rabi lan duwé karep dadi pertapa waé. Nanging ramane, Prabu Airlangga meksa Dewi Sangga Langit rabi. Akhire Dewi Sangga Langit gelem rabi kanthi siji panyuwunan. Sesapa kang bisa gawé kesenian kang urung ana ing tanah Jawa bakal didadeake garwane Dewi Sangga Langit,

Tembang Jaranan

[besut | besut sumber]

Tembang iki lumrahe dinyanyeake bocah-bocah cilik sinambi nganggo jaran kepang.

Jaranan


jaranan-jaranan jarané jaran tèji
sing numpak ndara bèi
sing ngiring para mantri
jég jég nong..jég jég gung
prok prok turut lurung
gedebug krincing gedebug krincing
prok prok gedebug jedhèr

Karya: Ki Hadi Sukatno

Uga delengen

[besut | besut sumber]