Ki Hadi Sukatno

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Ki Hadi Sukatno
Ki Hadi Sukatno.JPG
Ki Hadi Sukatno
Lair(1915-Cithakan:NOMORBULAN-26)26 Mèi 1915
Kota Delanggu, Jawa Tengah, Indonésia
Pati10 Novèmber 1983(1983-11-10) (umur 68)
Yogyakarta, Daerah Istimewa Yogyakarta, Indonésia
PakaryanSeniman, Pencipta Lagu Laladan

Ki Hadi Sukatno lair ing Delanggu, 26 Mèi 1915 – pati ing Yogyakarta, 10 Novèmber 1983 ing umur 68 taun ya iku Seniman Indonésia kang uga minangka Pangripta Lagu Laladan lan Pangripta Tembang Dolanan Bocah. Dhèwèké disarekake ing Taman Wijaya Brata Taman Siswa bebarengan karo Ki Hajar Dewantara.

Biografi[besut | besut sumber]

Seni dolanan bocah, nasibe ora kaya biyèn. Saiki angèl nemoni bocah kang nembangake tembang jamuran, soyang, cublak-cublak suweng, lan sapangungalane, nalika padhang rembulan. Bocah-bocah saiki luwih seneng deleng télévisi tinimbang metu saka omah saperlu dolanan sangisoring pepadhangan. Iki tandha-tandha kang nelangsani. Saora-orane prastawa iki tumrap génerasi tuwa mung bakal dadi kenangan. Sebab, génerasi candhaké mung nindakaké dolanan kreatif mau. Perkembangan seni permainan (dolanan) anak-anak kian lama kian berkurang, dan sangsaya tidak dikenali olèh anak-anak mangsa kini. Ngono kandhane Ki Hadi Sukatno, sawijining Pembina seni dolanan bocah.

Ki Hadi Sukatno misuwur kanthi jeneng Pak Katno, ya iku sawining wong kang éntuk bebungah seni saka Pameréntah tanggal 6 April 1981.

Pancen wi wajar, lan pancen trep, Pak Katno kang ana ing lingkungan Pawiyatan Luhur Taman Siswa iki wiwit ana ing bangku Taman Guru Taman Siswa Yogyakarta taun 1937[1], wis nekuni, ngemong, lan nyipta gendhing-gendhing lan tembang (Lagu-lagu Jawa), kang candhaké ngususake ing seni dolanan bocah Jawa (dolanan bocah), macapat, lan wacan buku. Tahun 1937 dhèwèké tau éntuk kapitayan saka Ki Hajar Dewantara mimpin paméntasan panembrama (sajining koor tembang Jawa) kang tumrap Hadi Sukatno iki minangka sawijining kabombongan. Pancen apa kang wis ditindakake ora bisa uwal saka Taman Siswa, ngono kandhane. Ki Hajar Dewantara duwé konsèp "Sistem Among" kang migunakaké dolanan bocah (basa Walanda: kinder spellen) minangka sipat kodrat kabèh bocah minangka sarana pendhidhikan. Saéngga meh kabèh mata wulangan ing Taman Siswa ngemot dolanan kanggo mbangkitake rasa gembira lan kamardikan jiwa marang bocah. Iki kang cocog karo kemampuan Ki Hadi Sukatno sajeroning kesenian dolanan bocah.

Ki Hadi Sukatno pancen wong perguruan Taman Siswa kang ngabdi tanpa pamrih suwéné 40 taun.

Akeh bebungah kang wis ditampa[2], bebungah minangka juwara tembang, ketoprak, karawitan, lan POR Seni. Dadi juri iki minangka pagawéan insidentil kang kerep ditindakake. Pagawéan kang baku ya iku Ketua Bimbingan Kesenian ing Majelis Luhur Taman Siswa saliyané uga mulang ing SMKI KONRI Yogyakarta ing wulangan Seni Vokal (tembang) lan dadi pamong ing Taman Muda mulang gendhing-gendhing dolanan kanggo bocah-bocah.

Tumrap Pak Katno, kabudayan Jawa ya iku sekabehane. Dhèwèké ngrasa dibéntuk lan dadi 'ateges' saka kultur mau.

Karya[besut | besut sumber]

Langen Carita (Operet Anak)[besut | besut sumber]

Samak Langen Carita Aji Saka lan Arya Penangsang

Akeh karya Ki Hadi Sukatno kang katujokake marang Taman Kanak-kanak lan Sekolah Dasar kang wis dibukokake déning Penerbit Taman Siswa taun 1964 ing antaran kaya ta:

  • Arya Penangsang
  • Bocah Lola
  • Jaka Tingkir
  • Aji Saka[3][4]
  • Babat Alas
  • Kancil Nyolong Timun
  • Kethek lan Garuda

Déné kang wis diterbitake déning Penerbit Balai Pustaka, ya iku:

  • Bineka Tunggal Ika

Ana kang wis makaping kaping dipentasake nanging durung dibukokake ing antarané:

  • Bango Thonthong Jatiningsih
  • Dadung Awuk
  • Nini Towong
  • Aryo Jipang

Tembang Dolanan Bocah[besut | besut sumber]

Tembang Dolanan Bocah kang saikine durung dirungokake ing antarané[5]:

  • Ajar Maca (ABC)
  • Aduh Simbah
  • Aku Kancil
  • Aku Kembang
  • Aku Wis Sekolah
  • Anti
  • Ayo Tuku Kluwih
  • Bang-Bang Wis Rahina
  • Baris Rampak
  • Bibis
  • Brambang-Bawang
  • Ca-Kanca
  • Cah Dolan
  • Doloan Kene
  • Duh Gusti
  • E Kowe
  • E-Kae
  • Ela Kae
  • Enthik
  • Gajah-Gajah
  • Gobag
  • Grumegah
  • Heh Kanca
  • Ha Na Ca Ra Ka
  • Ing Saiki
  • Iwake Sliweran
  • Jaranan[6]
  • Jamuran
  • Jamur Cepaki
  • Kae Kae
  • Kembang Jagung
  • Kok-Kok Petok
  • Kula Nuwun
  • Kulo Boten Dora
  • Lamun Sayah
  • Lincek-Lincek
  • Lindri Telung Kati
  • Lepetan
  • Mbok Uwi
  • Nora Gampang
  • Ojo Ndomblong
  • Pitik Walik Jambul
  • Pyok-Pyok Ngumbahi
  • Rame-Rame
  • Sar-Sur Kulonan
  • Sayuk Rukun
  • Srengengene
  • Tak Pancinge
  • Tak Petik Melati
  • Tokung-Tokung
  • Undhi
  • Widara Kayun
  • Yo Pada Suangka Suka
  • Yo Prakanca


Lagu Dolanan Anak Laladan "Jaranan" minangka salah sijiné karya ciptaan Ki Hadi Sukatno

'Lirik Lagu Jaranan':
Jaranan, jaranan jarané jaran Tèji,Sing numpak Mas Ngabèhi, Sing ngiring para abdi,Jrèk jrèk nong, jrèk jrèk gung jrèk è jrèk turut lurung,Gedebuk krincing gedebuk krincing thok thok gedebuk jedhèr,Gedebuk krincing gedebuk krincing thok thok gedebuk jedhèr.

Ana masalah nalika muter barkas iki? Waca pitulung médhiya.

Karya-karyané lumrahé saka dongèng rakyat tradhisional kang diangkat dadi dolanan bocah-bocah. Kadhang-kadhang uga digawé karya modhèren kaya ta kanggo mèngeti Dina Kartini, Serangan Umum 1 Maret, Dina ABRI, utawa kang gegayutan karo perjuangan. Malah wujuf dialog uga digarap, tuladhané kanggo pasuguhan TV, supaya bisa sesambungan kanthi apik, dialoge mawa basa Indonésia nanging iringane tetep migunakaké gamelan. Mengapa tidak memakai piano? Kanthi lirih dhèwèké negesake; tidak menguasai. Ing dina candhaké ing taun 1991, ide lan gagasane diterusake déning putra kapindhone Ki Priyo Dwiarso sangisoring pamomong Sri Sultan Hamengkubuwono X wujud Festival Operet Bocah kanggo mengeti Jumenengan Dalem (Hari Penobatan Raja Yogyakarta).

Tema-tema karyané tansah padha, yèn kadlaliman mesti bakal kalah, lan kabecikan mesti bakal menang. Aja lali Kasumringahan kang dadi ciri utama gairah anak kudu dieloni[7].

Dolanan Bocah[besut | besut sumber]

Miturut Ki Hadi Sukatno dolanan bocah kang tradhisional bisa kapérang adhedahasar tegesé:[8][9]

Pisanan, dolanan kang asipat nirokake gawéyane wong diwasa, tuladhané: pasaran, mantenan, dayoh-dayohan, gawé omah saka watu lan pasir, gawé klambi bonékah saka dluwang, gawé wayang saka janur utawa suket, lan liya-liyané. Dolanan iki ditindakake kanthi seneng, kaya-kaya bocah ngrasakake pagawéan kang nyata.

Kapindho, dolanan kanggo nyoba kakuwatan lan kacakapan. Dolanan iki kanthi ora disadari déning bocah-bocah duwé teges nggladhi kakuwatan lan kacakapan jasmani. Tuladhané: tarik-tinarik, guling-guling, gulat, gudak-gudakan, gobaksodor, gobak-bunder, bengkat, benthik-uncal, jetungan, genukan kanthi gendongan, obrok, tembung, bandhulan, lan isih akèh manèh kang wis ora misuwur manèh déning génerasi saikine.

Ke tiga, permainan melatih panca-indera. Dalam permainan ini kalebu latihan kecakapan meraba dengan tangan, menghitung bilangan, memperkirakan jarak, menajamkan piranti penglihatan dan pendengaran, menggambar, dan lain sebagainya. Permainan semacam ini, misalnya: gatheng, dakon, macanan, sumbar-suru, sumbbarmanuk, sumbar-dulit, kubuk, adu-kecik, adu-kemiri, main kelereng, jirak, bengkat, paton, dekepan, menggambar di tanah, main petak umpet, main bayang-bayangan, serangserongan, dan lain sebagainya. Permainan jinis ke dua dan ke tiga ini raket sekali hubungannya dengan kagiyatan ulah raga.

Kapapat, dolanan kanthi nggladhi basa, ya iku dolanan bocah wujud paclathon. Saben bocah-bocah nglumpuk, lumrahé tansah katon sajeroning parembagan ngenani dongèng, carita pengalaman utawa teangka teki, kang nwuhake fantasi. Lumrahé tansah tampil sawijining bocah kanthi teangka tekine, kang candhaké dieloni bocah liyané, nalika sawijining bocah ora mung pasif mbedèk, nanging uga males mbedèkaké teangka tekine dhéwé. Iki ora winates ing teangka teki kang wis umum waé, kaya ta: pitik-walik saba kebon, pong-pong bolong, nanging bisa tuwuh teangka teki gawéan dhéwé kang asli. Ing kéné tuwuhe kecakapan basa lan kecerdasan utek.

Kalima, dolanan kanthi lagu lan wirama. Ngandarake dolanan bocah kanthi lagu lan obah wirama, kang akèh ragame, tuladhané: jamuran, cublak-cublak suweng, bibi tumbas timun, manuk-manuk dipanah, tokung-tokung, blarak-blarak sempal, demplo, bang-bang-tut, pung-irung, bethu-thonthong, kidang-talun, ilir-ilir karya Sunan kalijaga, lan liya-liyané.

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. "Ki Hadisukatno: Seniman & Budayawan". Gudeg.net. Dijupuk March 24, 2012. 
  2. "NAME artists, writers and cultural IN YOGYAKARTA SPECIAL REGION IN 2002". ART LINK YOGYAKARTA. Dijupuk March 18, 2012. 
  3. "Ajisaka: kumpulan dongèng". Yayasan Pustaka Nusatama, 1994 koleksi Universitas Michigan digitalkan tanggal 9 Okt 2008. Dijupuk March 24, 2012. 
  4. "Informasi Bibliography Buku Ajisaka yang diambil dari data katalog buku Kapustakan SDIT Luqman Al Hakim Yogyakarta". Pustaka Nusatama via Online Public Acces Catalog (OPAC). Dijupuk March 24, 2012. 
  5. "Pratélan Lagu Ciptaan". PT. PENERBIT KARYA MUSIK PERTIWI. Dijupuk March 18, 2012. 
  6. "PENCIPTA LAGU BERGABUNG DENGAN KELUARGA BESAR PT. PENERBIT KARYA MUSIK PERTIWI". PT. PENERBIT KARYA MUSIK PERTIWI. Dijupuk March 18, 2012. 
  7. Hadisukatno, Ki (1952). Permainan Kanak-Kanak Sebagai Piranti Wiyata. Yogyakarta: Madjelis-Luhur Taman-Siswa. 
  8. Pamungkas, Joko (2011). PERSIAPAN MENTAL GURU PAUD DALAM PEMBELAJARAN DOLANAN TRADISIONAL (PDF). Yogyakarta: Universitas Negeri Yogyakarta. Dijupuk March 24, 2012. 
  9. Krisdyatmiko (1999). Dolanan Anak, Refleksi Budaya dan Wahana Tumbuh Kembang Anak. Yogyakarta: Jurusan Ilmu Sosiatri FISIPOL UGM. ISBN 9795391275. Dijupuk March 24, 2012. 

Pranala njaba[besut | besut sumber]