Ronggeng Dukuh Paruk
Barkas:Berkas:Ronggeng Dukuh Paruk.jpg | |
Pambesut | Ipong Purnama Sidhi |
---|---|
Panganggit | Ahmad Tohari |
Sesirah asli | Ronggeng Dukuh Paruk |
Nagara | Indonesia |
Basa | Bahasa Indonesia Bahasa Banyumasan |
Sèri | Catatan Buat Emak Lintang Kemukus Dini Hari Jantera Bianglala |
Gènre | Novel, Dewasa |
Pangecapan | Gramedia Pustaka Utama |
Kala babar | 1982 (edisi trilogi) 2003 |
Jinis sarana | sampul lunak |
Kaca | 174 halaman (buku pertama) 397 halaman (total) |
ISBN | 9792201963 |
- Artikel iki ngenani novel ing taun 1982. Kanggo filmé ndeleng Darah dan Mahkota Ronggeng lan Sang Penari.
Ronggeng Dukuh Paruk ya iku novel kang ditulis déning penulis Indonesia asal saka Banyumas, Ahmad Tohari, lan pisanan diterbitaké ing taun 1982. Novel iki ngandhani bab crita katrèsnan antarane Srintil, penari ronggèng, lan Rasus, kanca wiwit cilik Srintil kang dadi tentara. Ronggeng Dukuh Paruk ngangkat latar Dukuh Paruk, desa cilik kang mlarat, keluwèn, lan kebodohan. Latar wektu kang dianggo ing novèl iki ya iku taun 1960-an kang kebak perkara politik. Ing penerbitan kapisan, novèl iki ana telung buku (trilogi), ya iku Catatan Buat Emak, Lintang Kemukus Dini Hari, lan Jantera Bianglala. Novel iki wis diadaptasi ing filem Getih lan Makutha Penari (1983) lan Penari (2011). Ing 2014, Ronggeng Dukuh Paruk iki diterbitaké ing bentuk audio nggunakaké swara Butet Kartaredjasa.
Sajarah Penerbitan
[besut | besut sumber]Novel Ronggeng Dukuh Paruk pisanan diterbitaké ing taun 1982 ing bentuk trilogi, ya iku Catatan Buat Emak, Lintang Kemukus Dini hari, lan Jantera Bianglala. Setaun sawisé iku, novèl iki diadaptasi menyang filem Darah dan Mahkota Ronggeng disutradarai déning Yazman Yazid lan dilakokaké Ray Sahetapy lan Enny Beatrice. Ing taun 2003, Gramedia Pustaka Utama nerbitaké trilogi iki dadi sanovèl kanthi judhul Ronggeng Dukuh Paruk. Penerbitan ulang iki ana bagéan-bagéan saka crita kang tau disènsor. Nganti taun 2012, versi anyar saka novel iki wis dicethak kaping sanga.[1] Taun 2011, Ronggeng Dukuh Paruk bali diadaptasi menyang filem kanthi judhul Sang Penari. Adaptasi kaloro disutradarai déning Ifa Isfansyah kanthi paraga utama ya iku Prisia Nasution lan Oka Antara. Filem kapindho iki olèh sepuluh nominasi Festival Film Indonesia taun 2011 lan menang papat Piala Citra.
Ing 2014, novèl Ronggeng Dukuh Paruk diprodhuksi déning Digital Archipelago ing bentuk file audio. Panerbitan iki nggandhèng Butet Kartaredjasa minangka kang ngisi swara.[2] Kanggo mengalihmediakan novèl iki, Butet Kartaredjasa mbutuhaké wektu setaun, ya iku 2012-2013.[3] Iki publikasi nderek ditokake saka kawitan, yaiku ing wangun saka trilogi. Novel pisanan, Cathetan Kanggo sandi Ibu tape luwih bab 6 jam, kaloro novel, Jantera Ferris setir luwih bab 8 jam, lan katelu novel, Lintang Kemukus Dini hari duration saka 6 jam. Nganti wektu iki, Ronggeng Dukuh Paruk wis diterbitaké ing limang basa, ya iku basa Indonesia, basa Jepang, basa Jerman, Landa, lan Inggris.
Ringkesan crita
[besut | besut sumber]Wiwit Srintil enom dhèwèké wis dilantik dadi penari ronggèng anyar ing Dukuh Paruk kanggo ngganti ronggèng kang wis seda rolas taun kepungkur, semangat kauripan katon ing Dukuh Paruk manèh. Kanggo desa kang cilik, mlarat, lan terpencil, ronggèng iku pralambang saka urip. Tanpa ronggèng, dukuh kui bakal kélangan identitas. Srintil dadi tokoh kang kondhang lan nggoda. Kabèh kepéngin njoged lan turu bareng ronggèng iku. Saka wong-wong biasa tekan pejabat-pejabat desa lan pejabat kabupatèn
Nanging, perkara politik taun 1965 nggawé Dukuh Paruk bubar, saka fisik lan mental. Amarga saka kebodohan wong-wong Dukuh Paruk bab politik, wong-wong Dukuh Paruk padha kesèrèt perkara lan divonis dadi mangungsa-manungsa penghianat negara. Pedukuhan iku diobong. Ronggèng lan para penabuh calung ditahan déning tentara. Mung amarga dheweke kaéndahané, Srintil ora bakal dianggep sakpenaké dhewe déning panguwasa penjara tahanan politik.
Pangalaman pait kang dialami dadi tahanan politik nggawe Srintil sadar harkaté dadi manungsa. Sawise bebas, dhèwèké ndwé niat kanggo mbalekaké citra kanggo cara dadi wong wadon kang somahan. Nalika kanca mangsa ciliké, Rasus, bali menyang uripé Srintil, pangarep-arep muncul ing atiné. Nanging, jebulé malah gawé jiwané Srintil ajur.[butuh sitiran]
Waca Uga
[besut | besut sumber]- Ahmad Tohari
- Butet Kartaredjasa
- Darah dan Mahkota Ronggeng
- Sang Penari
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Tohari, Ahmad. 2003. Ronggeng Dukuh Paruk. Jakarta: Gramedia Pustaka Utama.
- ↑ "Kisah Ronggeng Dukuh Paruk Dibuat Versi Audio". Tempo.co. 8 Maret 2014. Dibukak ing 3 September 2015.
- ↑ ""Ronggeng Dukuh Paruk" dikonversi ke buku audio". Antaranews.com. 8 Maret 2014. Dibukak ing 3 September 2015.