Muhammad Quraish Shihab

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Muhammad Quraish Shihab
225px-Quraish Shihab.JPG
Mantri Agama Républik Indonésia 15
Linggih
14 Maret 1998 – 21 Mèi 1998
PrésidhènSoeharto
Kang sadurungéTarmizi Taher
Kang sawiséMalik Fajar
Rerincèn dhiri
Lair (1944-02-16) Fèbruari 16, 1944 (umur 75)
Jepang Rappang, Polewali Mandar, Sulawesi Barat, Masa Pendudukan Jepang
BangsaIndonésia
AgamaIslam

Muhammad Quraish Shihab ya iku ulama, cendekiawan muslim Indonésia, lan uga mufasir (ahli tapsir) Al-Quran kang bisa nerjemahke al-qur’an sajeroning konteks jaman saiki lan jaman modhèren.[1]

Lair[besut | besut sumber]

Jeneng jangkepe ya iku Muhammad Quraish Shihab. Dhèwèké lair tanggal 16 Fèbruari 1944 ing Rapang, Sulawesi Kidul. Dhèwèké saka kulawarga keturunan Arab.[2]

Kulawarga[besut | besut sumber]

Quraish Shihab ya iku kakang saka manten Menko Kesra ing Kabinet Indonésia Bersatu, ya iku Alwi Shihab.[3] Quraish Shihab ya iku putra saka Prof. KH Abdurrahman Shihab, sawijining ulama lan guru besar ing babagan tapsir. Abdurrahman shihab uga sawijining tokoh pendhidhik kang duwé reputasi apik ing masarakat Sulawesi Kidul. Quraish éntuk motivasi lan mulane tresna marang babagan tapsir amarga bapake asring ngajak dhèwèké sinau bareng. Ing wayah iki bapake ngandhakake nasihat kang wujud ayat Al-Qur’an. Kontribusine ing babagan pendhidhikan kebukti saka usahane ngrumat 2 perguruan tinggi ing Ujungpandang, ya iku Universitas Muslim Indonésia (UMI), sawijining perguruan tinggi swasta gedhé dhéwé ing kawasan Indonésia pérangan wétan, lan IAIN Alauddin Ujungpandang. Dhèwèké uga kecathet dadi manten rektor sajeroning 2 perguruan tinggi mau: UMI 1959 – 1965 lan IAIN 1972 – 1977.

Abdurrahman ya iku wong kang pikirane maju, mula dhèwèké percaya manawa pendhidhikan ya iku dadi agen pangowah. Sikap lan pandhangane bisa didelok saka latar buritan pendhidhikane, ya iku Jami’atul Khair, sawijining lembaga pendhidhikan Islam tuwa dhéwé ing Indonésia. Murid-murid kang sinau ing lembaga iki diwarahi gagasan-gagasan obahan lan pamikir Islam amarga lembaga iki duwé gayutan kang raket karo sumber-sumber pembaruan ing Timur Tengah kaya ta Hadramaut, Haramaian lan Mesir. Akèh guru kang ditekaake ing antarané Syaikh Ahmad Soorkati kang asalé saka Sudan, Afrika.

Quraish nalika cilik wis seneng marang al-Qur’an sakawit umur 6-7 taun. Dhèwèké kudu mèlu pengajian al-Qur’an kang dianakake déning bapake dhéwé. Saliyané akon maca al-Qur’an, bapake uga nyritakake kisah-kisah sajeroning al-Qur’an.

Pendhidhikan[besut | besut sumber]

  • SD ing Ujungpandang
  • SMP ing Malang sinambi mondok ing ing Pondok Pesantren Darul Hadis al-Falaqiyah uga ing Malang.
  • Quraish Shihab dikirim déning bapake marang al-Azhar, Cairo, taun 1958 lan diterima ing kelas 2 sanawiyah.
  • Sawisé iku, dhèwèké nerusaké kuliyah marang Universitas al-Azhar ing Fakultas Ushuluddin, Jurusan Tapsir lan Hadits. Tahun 1967 dhèwèké éntuk gelar LC (setingkat sarjana S1).
  • Taun 1969, Quraish Shihab kasil éntuk gelar M.A. ing jurusan kang padha kanthi tesis kang judhule “al-I’jaz at-Tasryri’i al-Qur'an al-Karim (mukjizatan al-Qur'an al-Karim saka Segi Hukum)”.[4]
  • Kanggo minangka cita-citane nyinaoni tapsir, taun 1980 Quraish Shihab balik manèh ing al-Azhar saperlu njupuk spesialisasi sajeroning tapsir al-Qur'an. Dhèwèké mung perlu wektu 2 taun kanggo éntuk gelar dhoktor sajeroning babagan iki. Disertasine kang judhule “Nazm ad-Durar li al-Biqa’i Tahqiq wa Dirasah" kasil éntuk predikat summa cum laude kanthi penghargaan Mumtaz Ma’a Martabah asy-Syaraf al-Ula (sarjana teladan kanthi prestasi istimewa).[5]

Karier[besut | besut sumber]

Taun 1973 dhèwèké dikongkon mulih ing Ujungpandang déning bapake kang wektu iku dadi rektor, kanggo mbiyantu pendhidhikan ing IAIN Alauddin. Dhèwèké dadi wakil rektor babagan akademis lan kemahasiswaan tekan taun 1980. Saliyané ing kalungguhan iku, dhèwèké uga asring makili bapake kang wis sepuh kanggo nglakokaké tugas-tugas pokok tinamtu. Sawisé iku, Quraish Shihab dipasrahi kalungguhan, kaya ta koordinator Perguruan Tinggi Swasta Wewengkon VII Indonésia pérangan wétan, pembantu pimpinan kepulisian Indonésia Wétan sajeroning babagan pembinaan mental, lan liya-liyané ing jaba kampus. Dhèwèké uga isih bisa ngrampungaké tugas penelitiane, antarané Penerapan Karukunan Urip Beragama ing Indonésia (1975) lan Masalah Wakaf Sulawesi Kidul (1978).[1]

Taun 1984 ya iku babak anyar Quraish Shihab kanggo nerusaké kariere. Mula dhèwèké pindhah tugas saka IAIN Ujung Pandang menyang Fakultas Ushuluddin ing IAIN Jakarta. Ing kéné dhèwèké mulang babagan Tapsir lan Ulum Al-Quran ing Program S1, S2 lan S3 tekan taun 1998. Saliyané dadi dhosen, dhèwèké uga dadi Rektor IAIN Jakarta suwéné 2 periode (1992-1996 lan 1997-1998). Sawisé iku dhèwèké dadi Mantri Agama kurang luwih 2 wulan ing awal taun 1998, banjur dadi Duta Besar Luar Biyasa dan Berkuasa Penuh Républik Indonésia kanggo nagara Républik Arab Mesir ngrangkep nagara Républik Djibauti ing Kairo.[2]

Saliyané mulang ing Jakarta dhèwèké uga dadi Ketua Majelis Ulama Indonésia (MUI) Pusat (sakawit 1984), anggota Lajnah Pentashhih Al-Qur'an Departemen Agama sakawit 1989. Dhèwèké uga mèlu organisasi profésional, kaya ta Asisten Ketua Umum Ikatan Cendekiawan Muslim se-Indonésia (ICMI), Pengurus Perhimpunan Ilmu-ngèlmu Syariah, lan Pengurus Konsorsium Ilmu-ngèlmu Agama Dapertemen Pendhidaikan lan Kebudayaan. Aktivitas liyané ya iku Dewan Redaksi Studia Islamika: Indonésian journal for Islamic Studies, Ulumul Qur 'an, Mimbar Ulama, dan Refleksi jurnal Kajian Agama lan Filsafat.[4]

Saliyané kabèh mau, H.M.Quraish Shihab uga dikenal dadi penulis lan penceramah dhedhasar saka latar buritan keilmuan saka kamampuane ngandhakake pendhapat lan gagasan kanthi basa sedherhana, nanging lugas, rasional, moderat, mula bisa ditampa déning kabèh masarakat. Dhèwèké biyasa cramah ing masjid al-Tin lan Fathullah, ing lingkungan pejabat pamarintah kaya ta pengajian Istiqlal sarta ing TV utawa médhia elektronik, khususé ing wulan Ramelan.[2]

Quraish Shihab dudu siji-sijiné nimpuna al-Qur'an ing Indonésia, nanging dhèwèké bisa ngandhakake pesen-pesen al-Qur'an sajeroning konteks jaman saiki lan masa modhèren, mula dhèwèké kondhang lan luwih unggul saka nimpuna al-Qur'an liya. Sajeroning babagan tapsir, dhèwèké nganggo métodhe tapsir maudu’i (tematik), ya iku nafsir kanthi ngumpulake ayat al-Qur'an kang kasebar sajeroning pirang-pirang surat kang mbasa masalah kang padha, banjur njelasakae pangerten kabèh saka ayat-ayat mau lan njupuk kesimpulan utawa jawaban saka masalah kang dadi pokok basan. Miturute, kanthi métodhe iki bisa diungkapke pendhapat-pendhapat al-Qur'an ing masalah panguripan, sisan dadi bukti manawa ayat al-Qur'an bisa gathuk karo perkembangan iptek dln kemajuan peradaban masarakat.[1]

Kurès Shihab uga aktif sajeroning nulis. Ing koran Pelita, saben Rebo dhèwèké nulis sajeroning rubrik "Pelita Hati". Dhèwèké uga dadi pengasuh rubrik "Tapsir Al-Amanah" sajeroning majalah Amanah ing Jakarta. Dhèwèké dadi anggota Dewan Redaksi kalawarta Ulumul Qur`an lan Mimbar Ulama kang terbit ing Jakarta. Kurès Shihab nerbitake buku kaya ta Tapsir Al-Manar,Keistimewaan dan Kelemahannya (Ujung Pandang, IAIN Alauddin, 1984), Filsafat Hukum Islam (Jakarta, Departemen Agama, 1987), lan Mahhota Tuntunan Ilahi (Tapsir Surat Al-Fatihah) (Jakarta, Untagma, 1988).[6]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c [1] Muhammad Quraish Shihab (diaksés tanggal 20 September 2011)
  2. a b c [2] Muhammad Quraish Shihab (diaksés tanggal 20 September 2011)
  3. [3] Muhammad Quraish Shihab (diaksés tanggal 20 September 2011)
  4. a b [4] Muhammad Quraish Shihab (diaksés tanggal 20 September 2011)
  5. [5] Muhammad Quraish Shihab (diaksés tanggal 20 September 2011)
  6. [6] Muhammad Quraish Shihab (diaksés tanggal 20 September 2011)