Mardi Santosaning Budhi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Mardhi Santosaning Budhi (kacekak MSB) inggih punika organisasi penghayat kapitadosan ingkang dipun pandhégani déning Hardjodipura saha sangang réncangipun ing dinten Ngahad Wagé, 20 Mèi 1930 ing Kadipatèn Wétan, Plengkung Tamansari, Ngayogyakarta.[1] Kawit 2016, MSB resmi kacathet déning Pamaréntah Républik Indonésia minangka salah satunggaling Warisan Budaya Sanès Barang salebeting bab kawruh kaliyan padatan babagan alam kaliyan jagat rat.[2]

Sajarah[besut | besut sumber]

Nalika jaman kumpeni Walandi, Hardjo Seputro (Hardjotopo) pikantuk pitedah saking Pangèran Ingkang Murbèng Dumadi jalaran raos prihatosipun tumrap kasangsaraning bebrayan ingkang kajajah déning Walandi. Ing pitedahipun, Hardjo Seputro dipun dhawuhi Pangèran saperlu nindakaken tapa brata ing sakathahing tlatah ingkang piyambakipun saged marani. Nuli piyambakipun pikantuk tuntunan kagem nindakaken piwulang-piwulangipun ing pagesangan padintenan. Ing salebeting tuwuh-rembakanipun, Hardjo Seputro anggadhahi sawenèh pandhèrèk, inggih punika sesami pejuang ingkang kapéngin pikantuk kahanan ingkang dipun alami déning Hardjo Seputro, inggih punika katentreman ngaurip.[1][3]

Struktur organisasi punika dumados saking sesepuh, pangajeng, sekretaris, kaliyan bendahara. Ing warsa 2016, ingkang ngugemi Mardhi Santosaning Budhi cacah 917 tiyang ingkang sumebar ing Sumatra Kidul, Lampung, Bengkulu, Riau, Jakarta, Jawa Kilèn, Jawa Tengah, Ngayogyakarta, Jawa Wétan, Kalimantan Kilèn, Kalimantan Wétan, kaliyan Sulawesi Tengah.[4]

Piwulang[besut | besut sumber]

Ing Mardhi Santosaning Budhi, piwulangipun tumurun saking Pangèran Ingkang Murbèng Dumadi (Gusti Ingkang Maha Tunggal).[1] Pangèran ing MSB inggih punika ingkang ripta janma manungsa, ingkang ndhawuhi sakathahing manungsa nglampahi pagesanganipun, saha ingkang mendhet rohing janma manungsa konjuk dhumateng panjenenganipun. Aliran kapitadosan MSB mulang amrih bebrayan ingkang ngugemi agami punika tansah ngamal saha nindakaken tumindak ingkang becik supados pikantuk tuntunan luhung sarta ing tembé bakal pinaringan kawilujengan, kabegjan, kaliyan, katentreman. Ugi ing babagan pangabekti tumrap nagara, ingkang ngugemi MSB kedah ndarbèni raos "tulung-tinulung ing dalem kemelaratan bebarengan ing dalem pangabekti, pepisahan ing dalem kaduraken."[5]

Wondéné ing babagan tumrap awakipun pribadi, kasalarasan kaliyan kasaimbangan kedah dipun darbèni saben janma manungsa ingkang ngugemi MSB. Tegesipun inggih punika manungsa kedah manembah kaliyan mitadosi wontening Pangèran, saha tansah éling nyumerepi menawi manungsa bakal konjuk dhumateng panjenenganipun (dat sitar asma apengal). Kajawi punika, Pangèran ing MSB ndhawuhi janma manungsa supados nindakaken tumindak jujur, nrima, sabar, waspada, kaliyan ngati-ati. Pagesangan janma manungsa mbetahaken alam kagem ngaurip, alam ingkang taksih wonten gandhèng cènèngipun kaliyan jagad raya. Kagem nggayuh karaharjan kaliyan kasaimbanganing pagesangan janma manungsa ing jagad raya punika, piyambakipun perlu njagi, nglestantunaken, nata, kaliyan nuwuhaken saha ngrembakakaken alamipun.[5]

Tata cara ngibadah[besut | besut sumber]

Ingkang ngugemi Mardhi Santosaning Budhi ngibadahipun arupi semèdi ingkang katindakaken kaping tiga saben dintenipun, inggih punika nalika wanci énjing, sonten, kaliyan nalika badhé tilem. Semèdinipun mbetahaken wekdal udakawis 5–30 menit. Kajawi punika, badan kaliyan papan ngibadahipun kedah resik. Sasanèsipun semèdi, wonten kagiyatan mirid ing saben dinten Senèn kaliyan Kemis. Mirid katindakaken kagem nurunaken utawi mulang kawruh MSB dhumateng siswanipun kanthi cara maos mantra ngèlmu kabatinan.[6]

Rujukan[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c Gautama 2017, kc. 204.
  2. "Organisasi MSB". Warisan Budaya Takbenda Indonesia. Dibukak ing 24 Fèbruari 2023.
  3. "Mengenal Kelompok Penghayat Kepercayaan Terhadap Tuhan Yang Maha Esa di Gunungkidul bagian 1". Kabar Handayani. 16 Oktober 2016. Dibukak ing 24 Fèbruari 2023.
  4. Gautama 2017, kc. 206–207.
  5. a b Gautama 2017, kc. 205.
  6. "Mengenal Kelompok Penghayat Kepercayaan Terhadap Tuhan Yang Maha Esa di Gunungkidul bagian 2". Kabar Handayani. 17 Oktober 2016. Dibukak ing 24 Fèbruari 2023.

Kapustakan[besut | besut sumber]