Menyang kontèn

Luna Maya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Luna Maya
Lair26 Agustus 1983 (umur 42)
Denpasar, Bali, Indonesia
BangsaIndonesia
PakaryanArtis, Model, Penyanyi

Luna Maya lair ing Denpasar, Bali tanggal 26 Agustus 1983.[1] Luna Maya dadi aktris sinétron lan filem layar lebar Indonesia.[1] Dhèwèké ngrintis karir saka modhél iklan lan catwalk.[1]

Luna Maya ngrintis kariré saka modhél.[1] Dhèwèké main filem ing taun 2004 dadi peran pendukung ing filem 30 Hari Mencari Cinta.[1] Ing filem iki, Luna dadi Barbara, prawan ayu kang dadi idhem-idhemané saben wong lanang.[1] Iki dadi peran kang sepisanan Luna Maya dadi tokoh antagonis.[1] Sawisé iku Luna Maya main ing filem Brownies ing taun 2005.[1] Ing filem kang dicekel sutradara Hanung Bramantyo iki Luna mung dadi peran pendukung.[1] Peran utama Luna Maya nalika dadi Mina ing Bangsal 13 ing taun 2005.[1] Jeneng Luna Maya sang saya misuwur ing jagad hiburan Indonésia.[1] Saliyané filem iku luna uga main ing filem Cinta Silver lan digosipake duwé gayutan karo Ariel, vokalis grup musik Peterpan.[1] Sawisé Cinta Silver, Luna éntuk penghargaan ing nominasi ing ajang filem nasional kalebu Festival Film Indonésia.[1] Saliyané ing layar lebar Luna uga éksis dadi bintang sinétron lan iklan kaya ta Lux, Zestea, Sarimi, Vitalong C, XL, Bu Krim Detergen, Toshiba, lan liya-liyané.[1] Prestasi-prestasi mau maragaké Luna dipilih dadi salah sijiné kang nggawa obor ing ajang Olimpiade 2008.[1] Ora mung akting, ing donyaning modhél uga dilakoni Luna.[1] Karo Dewi Sandra, lan Sandra Dewi, Luna mèlu nyanyi ing lagu kang dadi téma Euro 2008 kang judhulé Play.[1]

Luna Maya uga nyanyi kanthi kolaborasi karo Dide, vokalis band Hijau Daun.[1] Dhèwèké nyanyi lagu kang judhulé Suara (Ku berharap) nduwékké HIjau Daun.[1]

Filmografi

[besut | besut sumber]
TahunProduction HouseFilmPeranAchievements
2004Rexinema30 Hari Mencari CintaBarbaraAMI Awards 2004 kategori Best Original Soundtrack
2005SinemArtBrowniesCameo
2005RexinemaBangsal 13Mina
2005RexinemaCinta SilverSisil
2006Cinervo PicturesEkspedisi MadewaCameo
2006Parama EntertainmentRuangKinasihBest Film Nominee in Festival Film Indonésia 2006 lan Indonésian Movie Awards 2007
2006Velvet FilmsJakarta UndercoverVicky
2006Tripar Multivision PlusPesan Dari SurgaCantingBNN Awards[2]
2007Investasi Film IndonésiaCoklat StroberiCameoBest Film Nominee in Indonésian Movie Awards 2008
2007"LUX" (Unilever)Maya, Raya, Daya[3] (short movie)Maya, Raya dan DayaSpecial Entry for Pusan Internasional Film 2006
200813 EntertainmentLoveTereMovie of the Year Guardians E-Awards 2008
2008Valiant Circle ProductionsIn The Name Of LoveRianti
2008MD EntertainmentCinlokNayla
2009MNC Pictures, SinemArt dan BBCAsmara Dua DianaDiana Wulandari
2009Starvision PlusJanda KembangSelasihBest Original Soundtrack Nominee in AMI Awards 2010
2010Tripar Multivision PlusRatu KostmopolitanGina
2010LA Lights Indie MovieNathalie's Instinct[4] (short movie)Nathalie

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 19 Profil Luna Maya selebriti.kapanlagi.com Archived 2010-05-10 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 15 Juni 2011)
  2. "'Award' BNN". Diarsip saka sing asli ing 2011-03-10. Dibukak ing 2011-06-15.
  3. Maya, Raya, Daya bag.1
  4. NATHALIE's INSTINCT[pranala mati permanèn]