Lonthong tuyuhan
Aksara Latin |
Lonthong kang diwènèhi jangan karé pitik jawa | |
| Ajangan | dhaharan utama |
|---|---|
| Panggonan asal | Indhonésia |
| Tlatah utawa praja | Jawa Tengah |
| Olah-olahan nasional gegayutan | Jawa |
| Woworan pokok | Lonthong lan Pitik |

Lonthong Tuyuhan (carakan: ꦭꦺꦴꦤ꧀ꦛꦺꦴꦁꦠꦸꦪꦸꦲꦤ꧀) kalebu salah siwijining panganan kang kas saka Kabupatèn Rembang.[1] Diwènèhi jeneng lonthong tuyuhan amarga sing gawé lan sing dodolan lonthong tuyuhan iku saka Désa Tuyuhan Kacamatan Pancur.[1] Panganan kas lonthong tuyuhan iku awujud lonthong kanthi sayur santen rada pedhes kang ana rasa kemiri, jinten, bawang-brambang, sarta pitik kampung kang wis diiris-iris komplit nganggo jeroan lan témpé.[1] Luwih nyelé manèh, kabèh wong-wong bakul sing dodolan lonthong tuyuhan nganggo angkring saka pring lan penjalin kang nganggo lampu teplok sing digawé saka gedebog gedhang.[1] Lumrahé kulinèr lonthong tuyuhan iki dijajakaké ing komplèk warung Lonthong Tuyuhan ing Désa Tuyuhan (punjéré), Pujaséra Désa Ringin, Pujaséra dukuh Pèrèng Désa Jeruk, trotoar kidul mesjid Jami' Lasem, lan ing adicara-adicara Sedekah Bumi. Cara masak Lonthong Tuyuhan iki mèh padha karo masak opor ayam biyasa.[2] Bumbu-bumbu sing digunakaké, ya iku brambang, bawang, laos, kemiri, ketumbar, kencur, pala, lan kunir.[2] Supaya rasané kas, bumbu-bumbu mau ditambahi lombok abang lan jaé digangsa nganti alum.[2] Kanggo nambah ambu sedhep, uga diwènèhi godhong salam lan serai.[2]
Carané nggawé Lonthong Tuyuhan
[besut | besut sumber]
Bahan
[besut | besut sumber]½ buntut pitik kampung, kethok 4 pérangan, 4 iji ati pitik, 4 iji rempela pitik, 4 lonjor lonthong, 3 iji lombok abang dirajang tipis, 1 lembar godhong salam, 1 watang seré, 1 séndhok uyah, 750 ml santen èncèr saka ½ glundhung krambil, 500 ml santen kenthel saka 1 glundhung krambil, 2 séndok mangan lenga,[3]
Bumbuné
[besut | besut sumber]12 siyung brambang, 6 siyung bawang, 7 iji lombok abang, 2 cm laos, 5 biji kemiri, seré, 1 séndhok tèh ketumbar, ¼ séndhok tèh jinten, 2 cm kencur, ½ séndhok tèh pala, 2 cm kunir, 2 cm jaé.[3]
Carané gawé
[besut | besut sumber]Panasana lenga banjur gongsèng lombok abang nganti alum, tambahana bumbu kang wis diuleg nganti lembut, tambahna seré nganti tekan ambuné sedhep, campurna ati lan rempela, dimasak nganti genti warna, campurna santen lan masak pitiké nganti mateng lan empuk, sawisé iku wènèhi santen kenthel, banjur digodhog nganti tekan umub. Lonthong tuyuhan wis kasedhiya disuguhaké.[3]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- 1 2 3 4 (ing basa Indonésia)Lontong Tuyuhan Copyright © Wongrembang.com. 2002-2008[pranala mati permanèn] (Dipuntingali tanggal 2 April 2011)
- 1 2 3 4 (ing basa Indonésia)Citarasa Khas Lontong Tuyuhan Copyrigh © 2008 SuaraWarga - Suara Merdeka CyberNews Groups Archived 2022-02-20 at the Wayback Machine. (Dipuntingali tanggal 4 April 2011)
- 1 2 3 (ing basa Indonésia)Lontong Tuyuhan Archived 2013-12-16 at the Wayback Machine. (Dipuntingali tanggal 5 April 2011)
