Kurnia Effendi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kurnia Effendi

Kurnia Effendi (lair ing Kabupatèn Tegal, Jawa Tengah, 20 Oktober 1960; umur 63 taun) inggih punika salah satunggalipun sastrawan saking Indonesia. Namanipun misuwur ing jagat kasusastran Indonesia sasampunipun pakaryanipun awujud carita cekak lan geguritan dipunmot wonten sawenèh ariwarta lan kalawarta antawisipun Gadis, Aktuil, Anita Cemerlang, Sinar Harapan. Kurnia Effendi naté nampeni bebungah sastra saking Badan Pengembangan Bahasa Indonesia, Kementerian Pendidikan lan Kabudayan Republik Indonesia, misyos pakaryanipun, Anak Arloji (2013). Taun 2010, namanipun kacathet wonten ing kaca Kakilangit kalawarta sastra Horison, minangkani dinten ambal warsa ingkang kaping sèket kalawarta punika. Sinambi ngayahi jejibahan minangka pegawé ing salah satunggalipun perusahaan otomotif ing Jakarta, piyambakipun taksih ngalodhangaken wekdal kanggé nyerat lan ngrawuhi sakpérang adicara seni, ugi ngawontenaken paméran bathik Indonesia.[1] Kurnia Effendi kalebet salah satunggalipun panggurit wonten buku kempalan geguritan Dari Negeri Poci 4, Dari Negeri Poci 5, Dari Negeri Poci 6, lan Dari Negeri Poci 7 sesarengan panggurit sanèsipun saking sakpérang kutha Indonesia lan manca nagari. Kajawi nyerat wonten ing basa Indonesia, piyambakipun, minangka seniman kelairan Tegal, ugi nyerat geguritan basa Jawi dhialèk Tegal.

Latar wingking[besut | besut sumber]

Kurnia Effendi lair ing Kabupatèn Tegal, Jawa Tengah, tanggal 20 Oktober 1960. Ngrampungaken pendhidhikan wonten Jurusan Desain Interior, Fakultas Seni Rupa dan Desain Institut Teknologi Bandung, taun 1991. Kagiyatan nyeratipun kawiwitan nalika manggèn wonten ing Semarang kanthi irah-irahan remaja. Salajengipun ing Bandung, lan pungkasanipun ing Jakarta. Taun 1986, nalika taksih kuliyah ing pawiyatan luhur, piyambakipun kapracaya dados présidhèn Grup Apresiasi Sastra ITB (GAS-ITB) sasampunipun Nirwan Dewanto (1984) lan M. Fadjroel Rahman (1985). Salajengipun, nalika sampun wonten Jakarta, Kurnia Effendi nyawiji kaliyan Komunitas Sastra Indonesia awit taun 1996.[2][3]

Ing wulan Novèmber 1996 lan 2003, piyambakipun dipunulemi déning Dewan Kesenian Jakarta minangka salah satunggalipun panggurit wonten adicara “Mimbar Penyair Abad 21” lan maosaken carita cekak wonten adicara “Temu Sastra Kota”. Ing wulan Juli 2005, Kurnia Effendi katimbalan déning Teater Utan Kayu saperlu maos carita cekak wonten pagelaran “Panggung Prosa Indonesia Mutakhir”.[4] Piyambakipun naté dipunpracaya dados juru besut buku kempalan geguritan Jogja 5,9 Skala Richter ingkang kababar déning Bentang Pustaka lan Exelcomindo, taun 2006.[5]

Pakaryan[besut | besut sumber]

Piyambak[besut | besut sumber]

  • Senapan Cinta (kumpulan carkak, Penerbit KataKita, Jakarta, April 2004)
  • Bercinta di Bawah Bulan (kumpulan carkak, Penerbit Metafor Publishing, Mèi 2004)
  • Aura Negeri Cinta (kumpulan carkak, Lingkar Pena Publishing House, Juli 2005)
  • Kincir Api (kumpulan carkak, Gramedia Pustaka Utama, Agustus 2005)
  • Selembut Lumut Gunung (kumpulan carkak, Cipta Sekawan Media, Januari 2006)
  • Burung Kolibri Merah Dadu (kumpulan carkak, C Publishing, Fèbruari 2007)
  • Interlude-Jeda (kumpulan carkak, Lembaga Pemerhati Kebijakan Publik, September 2007)
  • Kakawin Gajah Mada (novèl, Pusat Bahasa, 2009)
  • Merjan Merjan Jiwa (novèl, Pustaka Kartini, 2010)
  • Anak Arloji (kumpulan carkak, Serambi, 2011)
  • Mangsa Gugur Telah Usai (kumpulan carkak, Elexmedia Komputindo, 2012)
  • Mendaras Cahaya", (kumpulan puisi, Rumah Anggit, 2012)
  • The Four Fingered Pianist (memoar, Hikmah Publishing, 2009)
  • Sue Aziz. Jalan Indah Menuju Usia Emas (memoar, Sue Aziz, 2012)
  • Teman Perjalanan (2015)

Geguritan, sesarengan[besut | besut sumber]

  • Pista Sastra Indonesia (Kelompok Sepuluh, Bandung, Juli 1985)
  • Sajak Delapan Kota (Kompak, Pontianak, 1986)
  • Malam 1000 Bulan (Forum Sastra Bandung, 1990 dan 1992)
  • Potret Pariwisata dalam Puisi (Pustaka Komindo, 1991)
  • Perjalanan (Sanggar Minum Kopi Denpasar, 1992)
  • Gender (Sanggar Minum Kopi Denpasar, 1994)
  • Bonzai’s Morning (Denpasar, 1996)
  • Dari Negeri Poci 3 (Yayasan Tiara Jakarta, 1996)
  • Trotoar (Roda-roda Budaya Tangerang, 1996)
  • Mimbar Penyair Abad 21 (Dewan Kesenian Jakarta, 1996)
  • Antologi Puisi Indonesia (Komunitas Sastra Indonesia, 1997)
  • Antologi puisi tunggal bertajuk “Kartunama Putih” (Penerbit Biduk, Bandung, 1997)
  • Jakarta dalam Puisi Indonesia Mutakhir (Dinas Kebudayaan Provinsi DKI, 2000)
  • Gelak Esai & Ombak Sajak Anno 2001 (Penerbit Kompas, Juni 2001)
  • Puisi Tak Pernah Pergi (Penerbit Kompas, Juli 2003)
  • Bisikan Kata, Teriakan Kota (DKJ dan Bentang, Dhésèmber 2003)
  • Mahaduka Acèh (Pusat Dokumentasi Sastra HB Jassin, 2005)
  • Dari Negeri Poci 4 (Kosakata Kita Jakarta, 2013)
  • Dari Negeri Poci 5 (Kosakata Kita Jakarta, 2014)
  • Dari Negeri Poci 6 (Kosakata Kita Jakarta, 2015)
  • Dari Negeri Poci 7 (Kosakata Kita Jakarta, 2017)

Prosa, sesarengan[besut | besut sumber]

  • 20 Tahun Cinta (Senayan Abadi Publishing, Juli 2003)
  • Wajah di Balik Jendala (Lazuardi Publishing, 2003)
  • Kota yang Bernama dan Tak Bernama (DKJ dan Bentang, Dhésèmber 2003)
  • Addicted 2U (Lingkar Pena Publishing House, 2005)
  • Jl. Asmaradana (Penerbit Buku Kompas, 2005), Ripin (Penerbit Buku Kompas, 2007)
  • Tukang Bunga dan Burung Gagak (Kosa Kata Kita, 2011)
  • Surat (novelet, Elexmedia Komputindo 2013)

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Cerpen Kurnia Effendi, dijupuk 1 Mèi 2017
  2. Teras Lampung Archived 2015-02-23 at the Wayback Machine., dijupuk 23 Fèbruari 2015
  3. Inspirasi, dijupuk 23 Fèbruari 2015
  4. Puisi Kita Archived 2015-02-23 at the Wayback Machine., dijupuk 23 Fèbruari 2015
  5. M2Indonesia: Kurnia Effendi, dijupuk 23 Fèbruari 2015