Kapuloan Raja Ampat

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Kapuloan Raja Ampat

Kapuloan Raja Ampat inggih punika gugusan sekawan pulo ingkang dunungipun wonten ing sanginggilipun mustaka Pulo Papua, pasipun ing Provinsi Papua Kilèn.[1] Kapuloan Raja Ampat pinitados minangka taman laut paling ageng ing Indonésia.[1] Wonten ugi ingkang pinitados manawi kapuloan punika gadhah biota laut paling ageng sadonya.[1][2] Kapuloan punika kalebet asil pamekaran saking Kabupatèn sorong wiwit taun 2003.[3] Kabupatèn kanthi kang ndunungi ingkang wonten 31.000 jiwa cacahipun punika gadhah 610 pulo kanthi sekawan pulo ingkang paling ageng inggih punika pulo Misool, Salawati, Batanta, lan Waigeo.[3] Saking 610 pulo kasebat, namung 36 pulo ingkang gadhah kang ndunungi.[3] Kanthi 46.000 km2, namung 6.000 km2 ingkang wujud dharatan, lan 40.000 km2 wujud segara.[3] Kapuloan Raja Ampat wonten ing wewengkon segitiga koral donya, inggih punika Filipina, Indonésia, lan Papua Nugini.[1] Pesagitiga koral punika minangka jantung terumbu karang donya ingkang dipunjagi dhedhasar konservasi panjagian ngalam internasional.[1] Wewengkon punika gadhah kirang langkung 1.300 spésiès ulam, 600 jinis terumbu karang, sarta 700 jinis kerang, lan manéka warni biota seganten sanèsipun.[1] Kapuloan Raja Ampat miturut administrasipun mlebet Kabupatèn Raja Ampat.[1] Kabupatèn Raja Ampat piyambak punika kabupatèn énggal asil pamekaran saking Kabupatèn Sorong.[1] Kapuloan Raja Ampat dados papan pariwisata ingkang éndah, mliginipun tumrap para wisatawan ingkang gadhah karemenan ngelem ing sangandhaping seganten.[1][4] Sekawan gugusan pulo ingkang kalebet pulo ageng ing kabupatèn punika, inggih punika Pulo Waigéo, Pulo Misool, Pulo Salawati, lan Pulo Batanta.[4] Kacathet Kapuloan Raja Ampat gadhah 1320 jinis ulam lan 540 jinis karang.[2] Wonten 16 jinis paus lan lumba-lumba ingkang sampun kacathet, wonten ugi duyung, penyu sarta reptilia laut sanèsipun.[2] Kéwan-kéwan punika gesang ing habitat ingkang manéka warni kados pasisir pasir pethak, watu-watu, mangrove, teluk ingkang ketutup ngantos selat sempit kanthi arus toya ingkang kiyat.[2] Kondhisi kados punika ingkang ndadosaken manéka warni kéwan ing wewengkon Kapuloan Raja Ampat.[2]

Sajarah[besut | besut sumber]

Sajarah wiwit wontenipun amsa Raja Ampat punika satunggalipun cariyos duk ing nguni wonten priyantun éstri ingkang manggihi tigan cacahipun pitu.[1][4] Ing antawisipun pitung tigan punika, sekawan tigan netes awujud pangéran.[1][4] Sekawan pangéran punika misah lan dados raja ing sekawan pulo, saéngga salajengipun sekawan pulo punika dipunparingi asma Raja Ampat.[1][4] Kapuloan punika dados tujuan para panyelem ingkang narik kawigaten amargi kaèndahan ngandhap segaranipun.[4] Sekawan pulo punika inggih punika pulo ingkang paling ageng inggih punika Pilo Waigeo, Pulo Misool, Pulo Salawati, lan Pulo Batanta.[4] Kapuloan punika dados salah satunggalipun saking sedasa perairan ingkang paling saé kanggé ulah raga nglangi ing jagad.[4] Spesiés ingkang unik lan saged kapanggih nalika nglangi inggih punika kudalaut mini, wobbegong, lan ulam manta ray.[4] wonten ugi ulam endemik Raja Ampat inggih punika Eviota raja utawi sajenis ulam gobbie.[4]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l [1] dipunundhuh tanggal 2 Agustus 2011)
  2. a b c d e [2] dipunundhuh tanggal 2 Agustus 2011)
  3. a b c d Pesona Bawah Laut Kepulauan Raja Ampat dipunundhuh tanggal 12 Novèmber 2011)
  4. a b c d e f g h i j [3] dipunundhuh tanggal 2 Agustus 2011)

Pranala njawi[besut | besut sumber]

[4]