Jeruk bali
Jeruk bali | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Sapindales |
Famili: | Rutaceae |
Génus: | Citrus |
Spésies: | C. grandis |
Jeneng binomial | |
Citrus grandis Osbeck |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Jeruk Bali. |
Jeruk Bali ya iku salah sijiné jinis jeruk kang ana. Nanging wujudé rada gedhé tinimbang jeruk liyané. Kulité wernané ijo lan yèn wis mateng wernané rada semu kuning. Isi ing jeroné wernané abang rada semu jambon.
Mupangaté Jeruk Bali
[besut | besut sumber]Jeruk bali akèh manfaaté kanggo keséhatan.[1] Kandungan pektiné luwih akèh tinimbang jeruk jinis liyané.[1] Pektin iki kang dipercaya bisa mudhunaké kolesterol lan uga bisa ngurangi resiko lara jantung.[1] Kandungan likopen jeruk bali miguna kanggo ngundhakaké daya tahan tubuh.[1] Miturut para peneliti, daging buah sing segar utawa jusé duwé manfaat kang padha. Temuan iki bisa dipertanggungjawabaké.[1]
Panganan kang bisa digawé saka jeruk bali
[besut | besut sumber]Jus
[besut | besut sumber]Saliyané dikonsumsi seger, jeruk bali asring diolah dadi jus. Nalika gawé jus, bisa dicampur karo bahan utawa buah liané, saéngga rasaé dadi luwih énak.[2] Minuman antioksidan lan antikanker Jupuk buah jeruk bali siji waé ukurané sedheng sing wis dionceki lan dibuwang isinya.[2] Banjur dilebokaké nèng blender, tambahi banyu secukupé bisa uga ditambahi saksendok madu lan buah liyané kaya ta pelem utawa pir.[2]
Manisan
[besut | besut sumber]Daging kulit jeruk bali (kulit jabané dibuwang) diiris-iris wujud juring, digodhok nganggo geni cilik nganti 60 menit.[3] Banyu godhokané banjur dibuwang, ditiriské, banjur ditimbang.[3] Siapké gula pasir kang boboté padha karo kulit jeruk kang wis digodhok. Kulit jeruk sing wis digodhok diwadhahi panci, banjur ditambahi banyu, lan ditambahi gula pasir.[3] Digodhok manèh nganggo geni cilik karo kadhang diudhak nganti dadi sirop kenthel. Dientas, dinèngake waé kulit jeruk nanging kaselem nèng jero sirop nganti sewengi.[3] Esuké, masak manèh nganggo geni cilik nganti sirop gula arep entek.[3] Banjur kulité jeruk ditokaké saka jero sirop, dilèr ing dhuwur nyiru, dipémé nganti rada garing. Diiris-iris rada dawa, dilebokaké nèng jero wadhah sing katutup. Supaya awet (1 wulan), simpen ng jero lemari es.[3] Saliyané kanggo nyamikan, manisan kulit, jeruk bali bisa dicampurké karo adonan cake, kanggone bisa ngganti manisan sukade utawa kulit jeruk parut. Manisan kulit jeruk kang dicampur manisan garing saka woh-wohanan bisa nambah énak cita rasa fruitcake.[4]
Campuran salad buah
[besut | besut sumber]Siapké 200 gram katès, 200 gram apel, 200 gram nanas, 200 gram melon (kabèh diiris kotak), lan jeruk bali ukurané sedheng kang wis dionceki, dibuwang isiné, lan diiris-iris manut sing dipengini.[4] Tambahi stroberi lan kiwi kanggoi rerenggan.[4] Siapké uga bahan dressing, campuran alpukat kang wis diblender alus karo mayones.[4] Tambahké madu patang séndhok, kocok nganggo mikser nganti rata, tambahi banyu sacukupé, banjur di aduk rata. Bahan buah segar ditata nèng mangkuk utawa piring, banjur disiram nganggo dressing.[4]
Kandungan Jeruk Bali
[besut | besut sumber]- Likopen
Kandungan likopen nèng jeruk bali cukup dhuwur, ya iku 350 mikrogram per 100 gram daging buah. Yèn bersinergi karo betakaroten (provitamin A) sing luwih akèh nèng jeruk bali, likopen bisa duwé peran minangkaantioksidan.[5]
- Pektin
Jeruk bali gandut pektin luwih akèh tinimbang jeruk lainnya sawisé dijus.[5] Sak porsi jus jeruk bali ngandut punjul 3,9 persèn pektin.[5] Saben 15 gram pektin bisa mudhunké 10 persèn tingkat kolesterol. Dadi jeruk bali bisa mudhunké risiko lara jantung.[5]
- Zat aktif pembersih darah
Jeruk bali dipercaya ngandut zat aktif kang bisa ngresiki sel darah merah kang wis twua ing jero awak lan normalaké hematokrit, ya iku persentase sel darah per volume darah.[6] Tingkat hematokrit normal kanggo wong wadon ya iku 37-47 persèn, déné wong lanang 40-54 persèn.[6] Hematokrit kang mung sitik njalari anemia, nanging yèn dhuwur banget bisa dadi lara jantung amarga getihé dadi ngentel.[6]
- Kalium
Jeruk bali (gravefruit) minangka sumber kalium, vitamin A (440 IU), bioflavonoid, lan likopen (350 ug/100g). Hasil peneliten, jeruk bali kalebu antikanker kang uga kanggo nyehataké prostat.
- Vitamin C
Kaya jeruk liyané, jeruk bali iku sumber vitamin C (350 mikrogram per 100 gram daging jeruk). Vitamin C apik kanggo sumber antioksidan.
Perokok dianjurké supaya ngonsumsi jeruk bali dua "siyung" (helai ing jero buah) saben dina. Peningkatan kadar vitamin C ing jero getih bisa ndandani jaringan kang rusak, malah kanker, amarga ora stabilé molekul radikal bébas amarga rokok lan polusi udara.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e www.dechacare.com(diunduh tanggal 11 mei 2011)
- ↑ a b c www.citrusindo.org Archived 2008-02-20 at the Wayback Machine.(diunduh tanggal 11 mei 2011)
- ↑ a b c d e f www.docstoc.com(diunduh tanggal 11 Mèi 2011)
- ↑ a b c d e agromaret.com Archived 2011-09-17 at the Wayback Machine. (diunduh tanggal 11 Mèi 2011)
- ↑ a b c d www.wattpad.com (diunduh tanggal 11 Mèi 2011)
- ↑ a b c www.suaramedia.com[pranala mati permanèn](diunduh tanggal 11 Mèi 2011)