Jeruk Bali

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Jeruk bali
Klasifikasi èlmiah
krajan: Plantae
divisio: Magnoliophyta
kelas: Magnoliopsida
ordo: Sapindales
kulawarga: Rutaceae
Genus: Citrus
Species: C. grandis
Jeneng binomial
Citrus grandis
Osbeck
Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

Jeruk Bali yaiku salah sijiné jinis jeruk kang ana. Nanging wujudé rada gedhé tinimbang jeruk liyané. Kulité wernané ijo lan yèn wis mateng wernané rada semu kuning. Isi ing jeroné wernané abang rada semu jambon.

Mupangaté Jeruk Bali[sunting | sunting sumber]

Jeruk bali akèh manfaaté kanggo kesehatan. [1]Kandungan pektiné luwih akèh tinimbang jeruk jinis liyané. [1] Pektin iki kang dipercaya bisa mudhunaké kolesterol lan uga bisa ngurangi resiko lara jantung. [1]Kandungan likopen jeruk bali miguna kanggo ningkataké daya tahan tubuh. [1]Miturut para peneliti, daging buah sing segar utawa jusé duwéni manfaat kang padha. Temuan iki bisa dipertanggungjawabaké. [1]

Panganan kang bisa digawé saka jeruk bali[sunting | sunting sumber]

Jus[sunting | sunting sumber]

Saliyané dikonsumsi seger, jeruk bali asring diolah dadi jus. Nalika gawé jus, bisa dicampur karo bahan utawa buah liané, saengga rasaé dadi luwih enak.[2]Minuman antioksidan lan antikanker Jupuk buah jeruk bali siji waé ukurané sedheng sing wis dionceki lan dibuwang isinya.[2] Banjur dilebokaké nèng blender, tambahi banyu secukupé bisa uga ditambahi saksendok madu lan buah liyané kayata pelem utawa pir.[2]

Manisan[sunting | sunting sumber]

Daging kulit jeruk bali (kulit jabané dibuwang) diiris-iris bentuk juring, digodhok nganggo geni cilik nganti 60 menit.[3] Banyu godhokané banjur dibuwang, ditiriské, banjur ditimbang.[3] Siapké gula pasir kang boboté padha karo kulit jeruk kang wis digodhok. Kulit jeruk sing wis digodhok diwadhahi panci, banjur ditambahi banyu, lan ditambahi gula pasir.[3] Digodhok maneh nganggo geni cilik karo kadhang diudhak nganti dadi sirop kenthel. Dientas, dinèngake waé kulit jeruk nanging kaselem nèng jero sirop nganti sewengi.[3]Esuké, masak maneh nganggo geni cilik nganti sirop gula arep entek.[3] Banjur kulité jeruk ditokaké saka jero sirop, dilèr ing dhuwur nyiru, dipémé nganti rada garing. Diiris-iris rada dawa, dilebokaké nèng jero wadah sing katutup. Supaya awet (1 wulan), simpen ng jero lemari es.[3] Saliyané kanggo nyamikan, manisan kulit, jeruk bali bisa dicampurké karo adonan cake, kanggone bisa ngganti manisan sukade utawa kulit jeruk parut. Manisan kulit jeruk kang dicampur manisan garing saka woh-wohanan bisa nambah enak cita rasa fruitcake.[4]

Campuran salad buah[sunting | sunting sumber]

Siapké 200 gram katès, 200 gram apel, 200 gram nanas, 200 gram melon (kabeh diiris kotak), lan jeruk bali ukurané sedheng kang wis dionceki, dibuwang isiné, lan diiris-iris manut sing dipengini.[4] Tambahi stroberi lan kiwi kanggoi hiasan.[4] Siapké uga bahan dressing, campuran alpukat kang wis diblender alus karo mayones.[4] Tambahké madu patang séndhok, kocok nganggo mikser nganti rata, tambahi banyu sacukupé, banjur di aduk rata. Bahan buah segar ditata nèng mangkuk utawa piring, banjur disiram nganggo dressing.[4]

Kandungan Jeruk Bali[sunting | sunting sumber]

  • Likopen

Kandungan likopen nèng jeruk bali cukup dhuwur, yaiku 350 mikrogram per 100 gram daging buah. Yèn bersinergi karo betakaroten (provitamin A) sing luwih akèh nèng jeruk bali, likopen bisa duwéni peran minangkaantioksidan.[5]

  • Pektin

Jeruk bali gandut pektin luwih akèh tinimbang jeruk lainnya sawisé dijus.[5] Sak porsi jus jeruk bali ngandut luwih saka 3,9 persen pektin.[5] Saben 15 gram pektin bisa mudhunké 10 persen tingkat kolesterol. Dadi jeruk bali bisa mudhunké risiko lara jantung.[5]

  • Zat aktif pembersih darah

Jeruk bali dipercaya ngandut zat aktif kang bisa ngresiki sel darah merah kang wis twua ing jero awak lan normalaké hematokrit, yaiku persentase sel darah per volume darah.[6] Tingkat hematokrit normal kanggo wong wadon yaiku 37-47 persen, déné wong lanang 40-54 persen.[6] Hematokrit kang mung sitik nyebabaké anemia, nanging yèn dhuwur banget bisa dadi lara jantung amarga getihé dadi ngentel.[6]

  • Kalium

Jeruk bali (gravefruit) minangka sumber kalium, vitamin A (440 IU), bioflavonoid, lan likopen (350 ug/100g). Hasil peneliten, jeruk bali kalebu antikanker kang uga kanggo nyehataké prostat.

  • Vitamin C

Kaya jeruk liyané, jeruk bali kuwi sumber vitamin C (350 mikrogram per 100 gram daging jeruk). Vitamin C apik kanggo sumber antioksidan.

Perokok dianjurké supaya ngonsumsi jeruk bali dua "siung" (helai ing jero buah) saben dina. Peningkatan kadar vitamin C ing jero getih bisa ndandani jaringan kang rusak, malah kanker, amarga ora stabilé molekul radikal bebas amarga rokok lan polusi udara.

Rujukan[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e www.dechacare.com(diunduh tanggal 11 mei 2011)
  2. ^ a b c www.citrusindo.org(diunduh tanggal 11 mei 2011)
  3. ^ a b c d e f www.docstoc.com(diunduh tanggal 11 Mei 2011)
  4. ^ a b c d e agromaret.com (diunduh tanggal 11 Mei 2011)
  5. ^ a b c d www.wattpad.com (diunduh tanggal 11 Mei 2011)
  6. ^ a b c www.suaramedia.com(diunduh tanggal 11 Mei 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Jeruk_Bali&oldid=830116"