Jaran Rénggong

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Jaran Rénggong

Jaran Rénggong utawa asring diarani Jaran Dhépok ya iku salah sawijiné jinis seni kang ana ing Kabupatèn Sumedang, Majalengka, lan Karawang.[1] Tembung Rénggong ing kesenian Jaran Rénggong kadadéan saka metatesis tembung ronggèng kang tegesé kamonesan (Basa Sundha) (kaprigelan) cara mlaku jaran kang wis digladhi kanggo njogèd ngetutaké wirama musik, mligi wirama saka kendhang.[1] Cara nyugataké kesenian iki ya iku jaran siji utawa luwih dipaès manéka warna, batur tukon sunat diunggahaké ing dhuwuré geger jaran mau.[1] Budhak sunat mau dipaès kaya sawijining ratu utawa satriya, uga bisa niru ageman para Dalem Baheula ya iku nganggo Bendo, takwa, kain, sarta selop.[1]

Sajarah[besut | besut sumber]

Kesenian jaran rénggong ana wiwit taun 190.[2] Wiwitané, Pangéran Aria Suriaatmaja kang mréntah Kabupatèn Sumedang 37 taun suwéné (1882-1919) nyoba kanggo majokaké babagan ratu-kaya ing Sumedang.[2] Pangéran Aria Suriaatmaja banjur nekakaké winih jaran unggulan saka Pulo Sumba lan Sumbawa.[2] Kajaba kanggo piranti transportasu para bangsawan, ing mangsa mau jaran uga asring digunakaké minangka pacuan jaran lan piranti panglipur masarakat.[2]

Udakara taun 1880-an, ana bocah lanang kang jenengé Sipan.[2] Sipan iku putrané Bidin, kang mapan ing Dhusun Cikurubuk, Désa Cikurubuk, Kacamatan Buahdua, Sumedang.[2] Sipan ndarbèni sipat ngemataké polahé jaran-jaran nggoné Si Cengek lan Si Dengkek.[2] Saka panemuné, Sipan njupuk dudutan yèn jaran-jaran mau digladhi kanggo ngetutaké obah kang dipènginaké manungsa.[2] Banjur, Sipan wiwit nggladhi Si Cengek lan Si Dengkek kanggo nindakaké obah, kaya ta: mlayu malang, mlayu menyang pinggir kaya pitik kang lagi birahi, obah nglangkah cendhak nanging rikat, nglangkah rikat, setengah mlayu, ngobahaké sikil ngarep kanthi rikat lan bareng kaya kang asring dilakokaké ing pacuan jaran.[2] Jaran digladhi kanthi cara nyepeng tali kendhali jaran lan dipecut saka mburi supaya ngetutaké wirama kang dirungokaké.[2] Gladhèn dilakokaké nganti pirang-pirang sasi lan rutin nganti jaran dadi kulina lan saben krungu wirama pangiring bakal njogèt dhéwé.[2]

Ngerti Sipan kasil nggladhi jaran-jaran ngarenggong, Pangéran Aria Suriaatmaja dadi remen lan mréntah supaya jaran-jarané kang teka saka Sumbawa digladhi supaya bisa kaya mangkono.[2] Amarga saka nggladhi jaran iki, Sipan kawentar minangka pangripta kesenian Jaran Rénggong.[2] Sawisé Sipan séda ing umur 69 taun (1939), kaprigelané nggladhi jaran diturunaké tumrap putrané kang jenengé Sukria.[2] Sabanjuré kaprigelan iku diturunaké terus lan ngrembaka nganti para pelatih jaran saiki iki.[2] Saiki wis akèh modhifikasi ing kesenian Rénggong, mligi kanggo narik kawigatèné para wisatawan.[2]

Wujud Kesenian[besut | besut sumber]

Ana rong jinis pasugatan Jaran Rénggong, ya iku minangka jarang tumpakan ing arak-arakan bocah sunat ing désa lan Jaran Rénggong kang ditontonaké nalika wektu-wektu tartamtu kaya ta ing upacara mèngeti dina gedhé, nampa dhayoh kang dikurmati, utawa ing fèstival.

Pagelaran ing Désa[besut | besut sumber]

Kanggo adicara sunatan, Jaran Rénggong dianakaké sadina sadurungé bocah disunat. Sawisé bocah disunat lan rampung nglakoni upacara mirunggan uga diwènèhi donga, bocah sunat mau banjur dienggoni ageman wayang Gathotkaca. Bocah mau diunggahaké ing dhuwuré jaran rénggong lan diarak ngubengi désa. Nalika bocah diudhunaké saka jaran, padatan diterusakÉ kanthi adicara saweran (nyawuraké dhuwit rècèh lan beras putih). Adicara sawer iki dadi adicara kang paling dientèni, mligi kanggo bocah-bocah cilik.

Pagelaran ing Fèstival[besut | besut sumber]

Déné pagelaran ing fèstival, padatan para pasarta fèstival Jaran Rénggong dikumpulaké ing papan wiwitan mangkat, ya iku ing dalan gedhé ngarep kantor Bupati. Pasarta mau wakil saka désa utawa kacamatan ing Kabupatèn Sumedang. Sadurungé fèestival diwiwiti, para pasarta diculaké siji-siji ngubengi rute dalan kang wis ditentokaké panitia. Sawatara iku, para pengamat kang dadi juri disiyagakaké kanggo mbiji ing titik-titik dalan tartamtu kang diliwati rombongan.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d Kuda Renggong(diundhuh 31 Dhésèmber 2012)
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p Sejarah Kuda Renggong(diundhuh 31 Dhésèmber 2012)