Jamur kancing
| Jamur kancing | |
|---|---|
| Jamur kancing | |
Status konsèrvasi: Aman
| |
| Klasifikasi ngèlmiah | |
| Karajan: | Fungi |
| Dhivisi: | Basidiomycota |
| Klas: | Homobasidiomycetes |
| Subklas: | Homobasidiomycetidae |
| Ordho: | Agaricales |
| Famili: | Agaricaceae |
| Génus: | Agaricus |
| Spésies: | A. bisporus |
| Jeneng binomial | |
| Agaricus bisporus (J.E.Lange) Imbach | |
Jamur kancing (Agaricus bisporus), jamur kompos utawi champignon punika salah setunggaling jamur pangan.[1] Jamur kancing gadhah wangun bunder kados kancing.[1] Jamur kancing warninipun pethak utawi wonten ugi ingkang awerni krèm, utawi soklat enèm.[1] Jamur kancing punika jamur ingkang kathah piyambak dipunbudidayakaken ing donya.[1]
Ing basa Inggris jamur kancing dipunwastani table mushroom, white mushroom, common mushroom utawi cultivated mushroom.[1] Déné wonten ing nagari Prancis jamur kancing dipunwastani champignon de Paris, nanging penutur basa Inggris asring mastani manawi champignon ing basa Perancis punika gadhah teges jinis-jinis fungi, kalebet jamur tedhan, jamur beracun, saha jamur ingkang njalari infèksi.[1]
Jamur kancing dipunpanèn nalika taksih gadhah dhiamèter 2–4 cm.[1] Jamur kancing ingkang sampun diwasa gadhah payung ingkang sampun mekar punika dhiamèteripun ngantos 20 cm.[1] Jamur kancing dipunsadé nalika taksih seger utawi kanthi kalèngan.[1] Jamur kancing limrahipun dipun-ginakaken kanggé masakan Barat kados ta omelét, pizza, kaserol, gratin, saha selada.[1] Jamur kancing gadhah ganda ingkang radi manis kados daging.[1]
Jamur kancing ingkang taksih seger punika boten gadhah lemak saha sodim nanging ngandhut kathah vitamin saha mineral kados ta vitamin B saha potasium.[1] Jamur kancing ugi cendhèk kalori.[1] Jamur kancing ingkang cacahipun gangsal kanthi ukuran sedang gadhah 20 kalori.[1]
Jamur kancing dimasak wetah utawi dipunpotong rumiyim.[1] Jamur kancing gampil éwah warninipun dados soklat.[1] Jamur kancing langkung saé dipunmasak sadèrèngipun éwah warninipun.[1] Kajawi nglawan radikal bébas, jamur kancing ugi ngandhut selenium ingkang saged mbiyantu nyegah kanker prostat.[2]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |