Pizza


Pizza iku panganan kang asalé saka Italia. Panganan kang dibakar iki mèmper roti awujud pipih lan dhuwuré racaké didokoki barang-barang liya kang diarani topping ing basa Inggris. Topping dhasar racaké saus tomat lan kéju. Sawisé iku bisa diwèhi topping liyané kaya ta daging lan sayuran.
Pizza racaké ana rong modèl: pizza Italia lan pizza Amérika. Pizza Italia luwih tipis kamangka pizza Amérika luwih kandel.
Pizza dipangan panas-panas. Kerep dipangan karo sambel utawa saus Tabasco. Ing Tanah Jawa, jaman saiki uga akèh wong kang seneng pizza. Tembung "pizza" dijupuk saka basa Italia pizza (Alfabet Fonetik Internasional / International Phonetic Alphabet, IPA: [ˈpiːtsə]), racaké duwé teges "pai, kue, tart". Akèh kang kliru ngira yèn pizza iku asal saka tembung Italia kang tegesé phai (pie).
Pizza Italia
[besut | besut sumber]Pizza asli asal saka Italia kang bisa tinemu ing Pizzeria (toko Pizza) saben porsi pizza ukurané kira-kira 30 cm utawa luwih, kanthi adonan kang wis ditarik tipis. Salah siji wewadi kalezatan Pizza Italia ya iku prosès pamanggangané kang nganggo oven tradhisional nganggo geni. Bab iki amarga yèn dipanggang nganggo oven listrik, lumrahé adonan pizza tipis bakal dadi atos.
Etimologi
[besut | besut sumber]Tembung Pizza kacathet dipun-gunakaken kapisanan ing taun 997 M, wonten Codex diplomaticus Caietanus, dokumen notarial ing basa Latin saking kutha Gaeta (peranganing Kakaisaran Bizantium).[1] Saliyaane punika, wonten cathetan sanes ingkang nyariosaken asal-usulipun tembung Pizza:
- Pitta: ing basa Yunani Bizantium lan Latin Akhir, tembung Pitta ateges roti bundher tipis ingkang dipanggang ing oven kanthi suhu inggil. [2]
- Pinza: miturut Kamus Etimologi Basa Italia, punika ateges penjepit ingkang asalipun saking basa Latin pinsere ingkang tegesipun meneksa/menumbuk. [3]
- Bizzo/Pizzo: ing basa Lombardik, ateges suapan dipuwastani mlebet ing Italia ing abad kaping 6 Masehi dening tiyang Lombard. [4]
Uga delengen
[besut | besut sumber]Pranala njaba
[besut | besut sumber]| Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Category:Pizza. |
- Pizzas-Recipes[pranala mati permanèn]
- Recipes-Dessert pizzas
- Dessert Pizzas-Recipes Archived 2005-05-13 at the Wayback Machine.
- Pizza Sauce Recipe Archived 2010-02-03 at the Wayback Machine.
- Associazione vera pizza napoletana — US Chapter Archived 2009-04-15 at the Wayback Machine.
- A more in-depth history of the Pizza
- Lombardi's Pizzeria in New York City, America's oldest Pizzeria Archived 2005-04-20 at the Wayback Machine.
- For the Pizza Makers of Naples, a Tempest in a Pie Dish by Al Baker
- Encyclopizza - The Guide to Preparing Great Pizza
- Pizza recipe Archived 2005-06-10 at the Wayback Machine. with step-by-step illustrated instructions
- Basic Pizza Dough Home made pizza dough with step-by-step illustrations and short movie.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ Miller, Keith (2015-02-12). "Was pizza not invented in Naples after all?". The Telegraph. Dibukak ing 2026-28-02.
{{cite news}}: Check date values in:|access-date=(pitulung) - ↑ Babiniotis, Georgios (1413). Dictionary of Modern Greek. Lexicology Centre. kc. 1413. ISBN 978-960-86190-1-2..
{{cite book}}: Check|isbn=value: invalid character (pitulung) - ↑ "pizza | Search Online Etymology Dictionary". www.etymonline.com (ing basa Inggris). Dibukak ing 2026-02-27.
- ↑ "Ricerca | Garzanti Linguistica". web.archive.org. Diarsip saka asliné 2014-02-01. Dibukak ing 2026-02-27.
{{cite web}}: CS1 maint: bot: original URL status unknown (link)