Hibiscus syriacus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Hibiscus syriacus
Hibiscus syriacus 2.jpg
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Malvales
Famili: Malvaceae
Génus: Hibiscus
Spésies: H. syriacus
Jeneng binomial
Hibiscus syriacus
L.

Hibiscus syriacus (syn. Althaea frutex Hort. ex Mill.), inggih punika taneman mawi kembang saking jinis Hibiscus, dipunsebat ugi Kembang Sharon.[1] Taneman punika kathah tuwuh ing Asia lan asalipun saking famili Malvaceae. Wujudipun kembang kados vas lan pang-pangipun saged dumugi 2–4 m inggilipun.[1] Taneman punika nglampahi kembang biak ing wewengkon kanthi mangsa panas ingkang anget. Sekaripun gadhah werni putih, jambon, abrit, lan ungu.[1]

Kembang nasional Koréa Kidul[besut | besut sumber]

Wonten ing Basa Koréa, Hibiscus syriacus dipunwastani mugunghwa (무궁화; 無窮花), kalebet kembang nasional Republik Koréa [2]. Kembangipun boten gadhah praupan ingkang ramé lan wanginipun kuwat saéngga katingal biyasa kemawon.[3] Sanajan makaten, kembang punika dipunwastani minangka gambaran karakter nasional rakyat Koréa.[3] Kanggé tiyang Koréa, mugunghwa dados simbol keprigelan, kelembutan, lan keteguhan [4].[3] Sanajan sampun dipunremeni dangu, mugunghwa naté boten dipun-gantos amargi panguwaos Koréa langkung milih kembang pir (i-hwa) minangka simbol.[5] Mugunghwa dipunpilih minangka kembang nasional déning rakyat Koréa nalika masa Penjajahan Jepang (1910-1945) lan dipuntandur kanthi wiyar minangka simbol perlawanan kanggé nywantunaken kamardikan.[3] Kembang mugunghwa mekar kanthi dangu 100 dinten, saking Juli dumugi Oktober langkung dangu tinimbang kembang sanèsipun. Kembang taneman sanès punika layu manawi sampun sadinten, ananging mugunghwa katingal tetep seger pinten-pinten dinten.[5] Sipat punika ingkang dados inspirasi kanggé rakyat Koréa nalika nglampahi kasengsaran awit saking penjajahan.[5]

Mugunghwa sampun dipuntepangi déning bangsa Koréa saking jaman kuno.[3] Wonten ing cathetan sajarah babagan karajan Gojoseon (2333 SM-108 SM), Handan-gogi, kembang punika dipunparingi nama hwanhwa, mokkeun utawi geunhwa.[3] Setunggaling dokumen diplomatik Silla (57 SM-935) ingkang dipunkintun kagem Dinasti Tang mawi isi rèferènsi ingkang sinerat bilih Silla punika negri ingkang kebak wewangian geunhwa.[3] Kajawi punika koleksi géografis Cina, Shanhaijing (Gunung lan Lautan Klasik) lan Gujinzhu ("Ensiklopedia") ingkang dipunsusun nalika jaman Dinasti Qin (221 SM-206 SM) nyerataken rèferènsi babagan Koréa minangka negri ingkang wonten mugunghwa lan tuwuh kanthi subur.[3]

Istilah mugunghwa dipun-ginakaken saking jaman Goryeo (918-1392) wonten ing Dongguk isanggukjip (Koleksi Karya Menteri Yi) ingkang dipunserat déning Yi Gyu-bo (1168-1241).[3] Nalika masa Goryeo lan Joseon, raja paring bebungah sarjana ingkang lulus (gwageo) kaliyan mugunghwa kertas.[3] Tembang Aegukga ingkang dipunkomposisiaken nalika taun 1907, salah satunggaling cakepanipun mugunghwa samcheolli hwaryeo gangsan utawi pesona 3000-li sadaya negri ingkang dipunkebaki mugunghwa.[5] Para pamimpin Koréa asring ndhèrèekaken keteguhan kembang mugunghwa wonten ing sesorah kanggé nuwuhaken kesadaran nasional.[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c Hibiscus syriacus, hort.uconn.
  2. ^ Acara pemberian bunga Mugunghwa untuk menyambut hari penghijauan, (dipunakses tanggal 11 Maret 2013)
  3. ^ a b c d e f g h i j Yoo, Myeong-jong; Lee, Ji-hye year=2008. 100 Cultura l Symbols of Koréa chapter 02-Nature, Science and technology. Seoul: Koréa Foundation. k. 10.  line feed character ing |last2= ing posisi 13 (pitulung); line feed character ing |title= ing posisi 12 (pitulung)
  4. ^ National Symbols of South Korea, (dipunakses tanggal 11 Maret 2013)
  5. ^ a b c d e An Illustrated Guide to Korean Culture-233 traditional key words. Seoul: Hakgojae Publishing Co. 2002. kk. Pp462–463. ISBN 89-8546-98-1 Priksa gandra |isbn= (pitulung). 

Pranala njawi[besut | besut sumber]

Gladri[besut | besut sumber]