Gunung Sangay

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sangay
Titik dhuwur dhéwé
Èlevasi5,300 m (17,400 ft) [1][2]
Prominèn1,588 m (5,210 ft) [3]
PratélanUltra
Koordhinat2°0′9″S 78°20′27″W / 2.00250°S 78.34083°W / -2.00250; -78.34083Koordhinat: 2°0′9″S 78°20′27″W / 2.00250°S 78.34083°W / -2.00250; -78.34083
Naming
TranslationKang wedi[4] (Quechua)
Pronunciation[saŋˈɡai]
Géografi
LocationÉkuadhor
Parent rangeAndhès
Géologi
Jinisé gunungStratovolkano
Volcanic arc/beltZona Vulkanik Lor
Panjeblug pungkasan1934 nganti saiki
Panjatan
Panjatan pisanan4 Agustus 1929[4]
Rute gampang dhéwéMènèk Watu/Salju

Sangay (uga misuwur minangka Macas, Sangay, utawa Sangai)[5] ya iku gunung vulkanik strato kang isih aktif ing Ékuadhor tengah. Gunung iki minangka gunung geni paling aktif ing Ékuadhor, sanajan ta sajroning sajarah namung tau njeblug ping 3, nanging panjeblugan wiwit taun 1934 isih kadadèn nganti saiki. Kaya mangkéné iki nuduhaké manawa sapérangan gedhé aktivitas strombolian. Sacara géologis, Sangay dadi tenger watesing Zona Vulkanik Lor, lan pernahé ngapit rong pérangan utama saka lapis intip jalaran aktivitasé kang dhuwur. Sajarahé Sangay kang umuré wus 500.000 taun ya iku instabilitas; rong pérangané gunung sadurungé iku wus ambyar nalika ambroling sisih ngiringan kang gedhé, sisa-sisa ambrol iku isih ana ing sakiwa-tengené gunung nganti saiki.

Jalaran prenahé kang blusuk, Sangay dadi papan kanggoné sawenèh komunitas biologis kang akèh cacahé. Saka kang awujud kéwan kaya ta tapir gunung, lingsang buta, lan manuk Andes. Wiwit taun 1983, komunitas ékologis ing papan iki wus kareksa minangka pérangané Taman Nasional Sangay. Uwong-uwong padha kerep munggah gunung iki, sanajan wong kang arep munggah gunung iku kandheg jalaran papané kang blusuk, kahanan langit kang ora apik, banjir, lan risiko ketiban remukan watu. Wong kang sapisanan munggah gunung Sangay ya iku Robert T. Moore nalika taun 1929.

Tatanan géologis[besut | besut sumber]

Mapan ing sisih wétan ranté pagunungan Andean[6], Sangay kabentuk saka prosès vulkanik kang sesambungan karo subdhuksi Lèmpèng Nazca ing ngisor Lèmpèng Amérika Kidul ing legokan Péru-Cilé.[7] Gunung iki minangka gunung geni paling kidul ing Zona Vulkanik Lor, sawijining sub-klompok gunung geni Andean kang wates sisih loré ya iku Nevado del Ruiz ing Kolombia.

Gunung geni aktif sabanjuré ing sambungan sak ranté ya iku gunung Sabancaya ing Péru kang adohé 1.600 km (990 mil) ing sisih kidul. Sangay mapan ing sandhuwuré lèmpèngan téktonik séismogènik kang mapan ing udakara 130 km (80 mil) sangisoré Sabancaya. Awit saka iku nggambaraké prabédan karakter térmal antarané intiping samodra kang tumungkul, antarané watu tuwa ing sangisoré Ékuadhor lan Péru (umuré luwih saka 32 yuta taun), lan watu-watu kang luwih enom ing sangisoré Ékuadhor lor lan Kolombia (umuré kurang saka 22 yuta taun). Watu sisih kidul kang luwih tuwa iku sacara térmal luwih ajeg tinimbang watu sisih lor, jalaran lèrèné aktivitas vulkanik kang suwé ing Andes. Déné Sangay iku mapan ing wates antarané rong pérangan iki.[6]

Géologi[besut | besut sumber]

Sangay ngrembaka ana sajroning telung kala mangsa kang béda. Pérangan tuwa dhéwé iku kabentuk antarané 500.000 nganti 250.000 taun kepungkur kang binuktèkaké manawa sebaran material kang kawiyak mangétan kanthi dhuwur 4.000 m (13.120 ft). Pérangan Sangay kang sapisanan iki katengeran déning geger pepunthukan sékundhèr kang dhiamèteré udakara 15-16 km (9-10 mil) kalawan pucak kang prenahé 2 nganti 3 km ana sisih kidul-wétané. Wujud plengkungan saka sisa-sisa wujud sepisané iku nuduhaké manawa sapérangan gedhé gunung iki tau ambrol, nyawur-nyawuraké material menyang alas ing palemahan cendhèk saceraké gunung, lan njalari sapérangan pager kawah kidulé ambrol banjur mujudaké palemahan kang luwih cendhèk ing lèrèngé. Blok kang kandelé 400 m iki minangka rerupan kang diawètaké saka konstruksi awal Sangay, kadadèn saka brèksi lapis-lapis runtut, ilèn piroklastik, lan lahar. Andhésit asem kalawan silikon dhioksidha sangisoré 60% kang ndhominasi ilèn iki, ananging andhésit kang murni uga bisa katemokaké.[6]

Pucak Sangay kang tumembus ing sadhuwuré méga, lan katon saka dhuwur 9.000 m (29.500 ft). Pega vulkanik kang mubal mendhuwur saka pucuké gunung.

Pérangan kapindho saka gunung Sangay wiwit kabentuk manèh sawisé ambroling pérangan gedhé banjur ngambyaraké pérangan kang sapisanan. Pérangan kapindho iki kabentuk 100.000 nganti 50.000 taun kepungkur. Sisa-sisa saka pérangan kapindho iki akèh-akèhé mapan ana sisih kidul lan wétané pérangan kang kapisan; lan uga ana sawenèh kang ana ing sisih kulon lan lor. Pérangan kapindho iki pinercaya manawa nduwèni pucak kang mendawa saka wétan mangulon, lan uga ambrol  saèmper kaya pérangan kapisan saéngga ndadèkaké longsoran kang ambané 5 km (3 mil) lan dawané 20 km (12 mil).[6]

Sangay kang saiki iku awujud conthong tinutup glètser kanthi dhuwur 5.230 m (17.159 ft) kalawan condhong 35° lan rada miring arah lor-wétan kidul-kulon. Sisih wétané minangka tenger pinggiring alas udan Amazon, lan sosoh kuloné iku palemahan awu vulkanik kang kaukir déning curah udan kang deres[5] saéngga malih dadi ngaré kang jeroné nganti 600 m (1,970 ft). Sangay kang saiki nduwèni pucak kang mujur mangulon lan mangétan kang diwatesi déning telung kawah aktif lan kubah lava. Sangay wus aktif kalawan wujud kang saiki iku awit 14.000 taun lan ngisèni laladan kang ditinggalaké déning pérangan sadurungé, kang luwih cilik saka kekaroné. Sajroning aktivitasé kang wus 500.000 taun, magma plumé iku ora tau ngowahi komposisi utawa uga ora owah kanthi signifikan.[6]

Ing antarané komposisi Andesitik, Sangay iku kagolong kang aktif dhéwé. Palapuran kang wiwitan ngandharaké manawa panjeblugan dipiéling ya iku nalika taun 1628 kang awuné iku nganti tumiba ing Riobamba kang prenahé 50 km (31 mil) saka sisih kidul-kuloné Sangay. Panjeblugan iki uga nutupi padhang sesuketan lan njalari rajakaya padha klingsir.[8] Banjur gunung geni iki njeblug manèh ing taun 1728.

Pariwisata[besut | besut sumber]

Ing kala sapisané kang bisa munggah menyang Sangay ya iku Robert T. Moore ing taun 1929, peneré ya iku sadurungé panjeblugan ing taun 1934.[9] Nanging kahanan aktifé gunung geni kang saiki iku mbebayani kanggoné wong kang arepé munggah gunung. Ing taun 1976, rong anggota ékspédhisi mati jalaran ketiban reremukan watu kang ambrol. Saliyané iku, papan gunung iki kang blusuk kanthi dalan kang angèl diliwati, mangsa udan kang njalari banjir lan longsor, saéngga dalan kanggo menyang pucak iku angèl diliwati. Sanajan kaya mangkono, Instituto Ecuatoriano Forestal y de Naturales Area panggah mrenahaké kantoré ing saceraké gunung iku, awèh fasilitas pamasita wisata lan kamar kanggo para plancong kang wisata ing papan iku. Suwéné munggah gunung iki ya iku udakara antarané 7 nganti 10 dina saka Quito. Kahanan ing gunung adaté jenes lan katutup pedhut saéngga nutupi pandelengan sasuwéné anggoné munggah gunung.[10]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Ecuador: 15 Mountain Summits with Prominence of 1,500 meters or greater". Peaklist.org. Dibukak ing 7 Mèi 2015.
  2. Estimate based on SRTM and ASTER data, which agree that the often quoted elevation of 5230 metres is too low.
  3. Jonathan de Ferranti and Aaron Maizlish. "Ecuador". Dibukak ing 10 Fèbruari 2012.
  4. a b Jason Wilson (2009). The Andes: A Cultural History. Oxford University Press. ISBN 978-0-19-538636-3. Dibukak ing 5 Fèbruari 2012.
  5. a b "Global Volcanism Program". volcano.si.edu. Dibukak ing 2020-01-16.
  6. a b c d e Richards, J (2004-04-09). "The Llullaillaco volcano, northwest Argentina: construction by Pleistocene volcanism and destruction by sector collapse". Journal of Volcanology and Geothermal Research. doi:10.1016/s0377-0273(03)00417-7. ISSN 0377-0273.
  7. Miller, Meghan S.; Levander, Alan; Niu, Fenglin; Li, Aibing (2010-06-05). "Upper mantle structure beneath the Caribbean-South American plate boundary from surface wave tomography: CARIBBEAN-SOUTH AMERICAN PLATE BOUNDARY". Journal of Geophysical Research: Solid Earth (ing basa Inggris). 114 (B1). doi:10.1029/2007JB005507.
  8. "Sangay Volcano, Ecuador - John Seach". volcanolive.com. Dibukak ing 2020-01-16.
  9. Wilson, Jason, 1944- (2009). The Andes : a cultural history. Oxford: Oxford University Press. ISBN 978-0-19-538635-6. OCLC 261177781.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  10. Brain, Yossi, 1967- (2000). Ecuador : a climbing guide (édhisi ka-1st ed). Seattle: Mountaineers. ISBN 0-89886-729-0. OCLC 43810796. {{cite book}}: |edition= has extra text (pitulung)CS1 maint: multiple names: authors list (link)