Berang-berang raksasa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Automatic taxobox help
Thanks for creating an automatic taxobox. We don't know the taxonomy of "Castoroides".
  • Is "Castoroides" the scientific name of your taxon? If you were editing the page "Animal", you'd need to specify |taxon=Animalia. If you've changed this, press "Preview" to update this message.
  • Click here to enter the taxonomic details for "Castoroides".
Common parameters
  • |authority= Who described the taxon
  • |parent_authority= Who described the next taxon up the list
  • |display_parents=4 force the display of (e.g.) 4 parent taxa
Helpful links
{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/{{taxonomy/Cithakan:Taxonomy/Castoroides|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}} |machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}} |machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}|machine code=parent}}
Berang-berang raksasa
Kalamangsa: Late Pliocene - Late Pleistocene, 3–0.011 Ma
Giant-beaver-fieldmuseum.jpg
Castoroides ohioensis specimen at the Field Museum
Klasifikasi ngèlmiah e
Unrecognized taxon (fix): Castoroides
Spésies tipe
Castoroides ohioensis
Species

Castoroides leiseyorum
Castoroides ohioensis
Castoroides dilophidus

Sinonim
  • Castoroides nebrascensis Barbour, 1931[1]
  • Burosor efforsorius Starrett, 1956[1]

Berang-berang raksasa utawa Castoroides ya iku salah sawijining jinis kéwan berang-berang kang gedhé ing tlatah benua Amérika. Kira-kira ing akhir jaman ès, kéwan iki wis ora ana ing donya utawa wis punah.[2] Nanging, kéwan iki isih ditemokaké ing dhaérah alas lan kali Amazon ing Amérika. Ukuran berang-berang raksasa iki bisa tekan 2 mèter. Berang-berang raksasa kuwi kéwan kang bisa nglawan mungsuh ing cedhaké, kaya ta baya, jaguar, macan, lan manungsa uga bisa dilawan déning berang-berang raksasa yèn manungsa ganggu habitaté kéwan kuwi mau. Berang-berang raksasa kuwi kéwan kang bisa kekancan déning manungsa utawa kalebu kéwan kang gampang cedhak déning manungsa. Nanging, amarga sipat kuwi mau, para pemburu bisa gampag anggoné nyekel lan némbak berang-berang raksasa .[3]

Ciri-ciri[besut | besut sumber]

Berang-berang raksasa dawané kira-kira 2 mèter lan bisa luwih saka 2 mèter. Gedhéné bisa ngluwihi berang-berang biasa. Bobot kéwan iki macem-macem, ana kang nduwé bobot 90 kg tekan 125 kg. Nanging, ana uga kang boboté 77 kg. Saka boboté kuwi mau, berang-berang jinis iki bisa diarani dadi berang-berang raksasa kang ditemokaké ing tlatah Amérika Lor nalika jaman Pleistosen.[4] Nanging, babagan bobot saka berang-berang raksasa durung mesthi bener amarga akèh panelitèn kang asilé béda. Berang-berang raksasa nduwé untu kang ukurané béda karo berang-berang biasa, ya iku dawané 15 cm lan untuné kuwi mau cendhak lan alus. Untuné kuwi mau dadi ciri khas kang mbedakaké karo berang-berang biasa. Berang-berang nduwé untu seri kang biyasané digunakaké kanggo nggrogoti kayu-kayu. Berang-berang uga nduwé untu seri, nanging ukurané gedhé lan amba.[5]

Saliyané kuwi, ciri-ciri kang bisa mbedakaké berang-berang biasa lan berang-berang raksasa, ya iku buntuté. Yèn berang-berang biasa nduwé bentuk buntut kaya dayung, bentuk buntut berang-berang raksasa mung dawa lan ukurané cilik.[6]

Berang-berang raksasa iki kalebu kéwan kang bisa urip ing ngisor banyu utawa bisa nduwé kagiyatan ing ngisor banyu amarga saka tengkorak berang-berang raksasa kang ditemokaké lan diteliti déning para ahli. Panelitèn kuwi bisa mbuktikaké yèn berang-berang raksasa nduwèni kaluwihan bisa njupuk oksigen ing paru-paru nalika ing ngisor banyu.[2] Bentuk sikil berang-berang raksasa iki béda karo berang-berang biasa amarga sikil berang-berang raksasa bentuké luwih gedhé tinimbang berang-berang biasa lan bentuk sikil mburi kang luwih cendhak.[7] Saliyané kuwi, ciri kang bisa mbedakaké berang-berang raksasa lan berang-berang biasa ya iku ukuran utak. Berang-berang raksasa nduwèni ukuran utek luwih cilik tinimbang berang-berang biasa. Amarga nduwé ukuran utak kang luwih cilik, berang-berang raksasa ora bisa nduwé sesambungan kang apik karo lingkungan sakubengé.[2]

Punah[besut | besut sumber]

Berang-berang raksasa iki kalebu kéwan purba lan berang-berang raksasa saiki wis punah utawa wis ora ana spèsièsé manèh ing donya. Kéwan iki punah kira-kira 10.000 taun kepungkur ing pungkasané jaman ès. Berang-berang raksasa punah amarga metu spèsiès berang-berang liyané utawa berang-berang modèren kang luwih pinter. Jaman biyèn, habitat berang-berang raksasa ya iku ana ing dhaérah kang teles amarga ing kana berang-berang raksasa bisa nemokaké pangan. Jinis pangan saka berang-berang raksasa biyasané tetuwuhan banyu lan dudu kayu. Amarga kuwi, berang-berang raksasa urip ing lingkungan kang teles lan ana banyuné.[8]

Berang-berang raksasa bisa kalah déning berang-berang modèren kang wujudé luwih cilik amarga berang-berang modèren bisa gawé bendungan kanggo papan urip. Ing jaman ès, berang-berang raksasa kélangan habitat amarga lingkungan utawa lahan teles saya suwé saya ora ana. Lahan teles kuwi mau saya suwé saya garing lan berang-berang raksasa kangélan anggoné golèk papan kanggo urip lan golèk pangan. Saliyané kuwi, iklim uga dadi dhedasar kenapa berang-berang raksasa bisa punah. Nangin, dhedhasar paling utama kang gawé berang-berang punah ya iku amarga kalah déning berang-berang modèren kang nduwèni kamampuan luwih tinimbang berang-berang raksasa.[8]

Fosil[besut | besut sumber]

Fosil berang-berang raksasa ing Musiyum Indiana

Kéwan berang-berang raksasa iki wis punah lan fosilé kasimpen ana ing musiyum. Sadurungé disimpen ing musiyum, fosil berang-berang raksasa kuwi ditemokaké déning ahli palaentologi Amérika. Fosil kang ditemokaké awujud tengkorak berang-berang raksasa lan isih komplit.[9] Pusat ditemokaké fosil berang-berang raksasa ya iku ing nagara bagian sakubengé Great Lakes, Amérika Sarékat, utamané ing dhaérah Indiana lan Illinois. Nanging, fosil berang-berang raksasa kuwi uga ditemokaké sacara sumeba, ya iku ing Alaska, Kanadhah, lan Florida. Ing Kanadhah, fosil berang-berang raksasa iki ditemokaké sumebar ing Old Crow, Basin, Yukon. Bagian-bagian tunggal saka kerangka fosil berang-berang raksasa uga ditemokaké sumebar ing dhaérah Ontario, Toronto, lan Pulo India, New Brunswick. Fosil tengkorak uga ditemokaké ing Highgate, Ontario, Kanadhah nalika taun 1891 lan kalebu fosil tengkorak kang paling awal ditemokaké. Saliyané kuwi, fosil uga ditemokaké ing endapan interglasial Sangamonia, ing dhaérah Old Crow.[10]

Spesimen utawa bagian bagian tunggal saka berang-berang raksasa kang ditemokaké kuwi angèl yèn digabungaké manèh amarga bagian-bagian tunggal kuwi balungé wis ringkih. Para ilmuwan golèk dalan liyané kanggo ngenali jinis berang-berang raksasa, ya iku nganggo tèknologi CT Scan lan nggabungaké uta dirékonstruksi sacara visual liwat komputer. Para ilmuwan bisa ngerti ukuran dawa lan ambané berang-berang raksasa kuwi mau liwat rékonstruksi balung-balung berang-berang raksasa nganggo komputer. Saliyané kuwi, fosil-fosil kang wis dirékonstruksi déning para ilmuwan uga bisa mangertèni babagan jinis untu lan balung rahang berang-berang raksasa.[9]

Klasifikasi[besut | besut sumber]

Ing donya, ana loro spèsiès berang-berang raksasa kang kondhang, ya iku Castoroides leiseyorum kang ditemokaké ing Florida lan Castoroides ohioensis utawa Castoroides nebrascensis kang ditemokaké ing Amérika Sarékat lan Kanadhah. Klasifikasi berang-berang raksasa kabèh kuwi mau ora ana gegayutané karo klasifikasi berang-berang biasa utawa berang-berang modèren. Klasifikasi berang-berang raksasa ing dhuwur kuwi nuduhaké klasifikasi berang-berang raksasa kang wis ora ana spèsièsé ing donya utawa wis punah. Berang-berang raksasa nduwé garis keturunan saka genus Hemingfordian Monosaulax tekan puncak génus ya iku Castoroides.[11]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b Kurtén, B. and E. Anderson (1980). Pleistocene Mammals of North America. Columbia University Press. pp. 236–237. ISBN 978-0-231-03733-4.
  2. a b c "Giant Beaver: Natural History Notebooks". nature.ca. Retrieved 2020-01-08.
  3. Davies, Ella. "Delapan binatang raksasa yang hampir mustahil ditemukan". BBC News Indonesia (in Indonesia). Retrieved 2020-01-08.
  4. Swinehart, Anthony L; Richards, Ronald L (2001). "Paleoecology of Northeast Indiana Wetland Harboring Remains of the Pleistocene Giant Beaver (Castoroides Ohioensis)". Proceedings of the Indiana Academy of Science. 110: 151–166.
  5. "Yukon Beringia Interpretive Centre - Giant Beaver". web.archive.org. 2007-09-14. Retrieved 2020-01-09.
  6. "Why super-sized beavers went extinct | EarthSky.org". earthsky.org (in Inggris). Retrieved 2020-01-08.
  7. Kurtén, Björn. (1980). Pleistocene mammals of North America. New York: Columbia University Press. ISBN 0-231-03733-3. OCLC 5830693.
  8. a b "Ini Penyebab Berang-berang Raksasa Punah di Akhir Zaman Es". kumparan (in Indonesia). Retrieved 2020-01-10.
  9. a b "Berang-berang Raksasa Pernah Menghuni Bumi 6 Juta Tahun Lalu - National Geographic". nationalgeographic.grid.id (in Indonesia). Retrieved 2020-01-08.
  10. Harington, C. Richard (2007). "Giant Beaver, Castoroides ohioensis, remains in Canada and an overlooked report from Ontario". The Canadian Field-Naturalist. 121 (3): 330–333.
  11. Korth, William W. (1994). The Tertiary record of rodents in North America. New York: Plenum Press. ISBN 0-306-44696-0. OCLC 30319706.