Menyang kontèn

Fauzi Baadillah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Fauzi Baadilla
Lair25 Sèptèmber 1979 (umur 46)
Kairo, Mesir
BangsaIndonesia
Jeneng liyaOji
PakaryanArtis, Model, Politisi
BojoSenk Lotta

Fauzi Baadilla (lair ing Kairo, 25 Sèptèmber 1979; umur 46 taun) ya iku pemain filem lan sinétron, sarta model iklan lan model video klip Indonesia, Dhèwèké iku aktor nasional, kang wus mbintangi pirang-pirang sinétron lan filem layar lebar.[1] Film-filem kang tau dibintangi dhèwèké kaya ta[1]:

  • MENGEJAR MATAHARI,
  • RINDU KAMI PADA-MU,
  • TENTANG DIA,
  • 9 NAGA lan
  • JAKARTA UNDERCOVER.

Fauzi Baadillah uga main ning sinétron DUNIA TANPA KOMA lan KEAJAIBAN CINTA.[1] Fauzi Baadillah dikenal sok meranaké peran serius.[2] Nanging dhèwèké uga olih peran cameo ning filem komedi adhaptasi serial TV, SUAMI-SUAMI TAKUT ISTRI.[2] Anggepané, manawa main ning filem iki dhèwèké ora bakal kekunci kanggo main peran kang serius.[2] Dhèwèké kudu belajar ngelucu.[2]

Dhèwèké iku pemeran Bramantyo ning sinétron DUNIA TANPA KOMA.[1] Fauzi Baadillah uga tau dadi pamandu acara televisi, kaya ta acara televisi ning program SCTV kang judhulé Nikmatnya Dunia.[1]

Ning kauripan pribadiné, priya kang racaké diundhang karo jeneng Oji iki, dikabaraké wus nikahi kenya ayu kang jenengé Senk Lotta, Kang dingerteni, wong wadon mau iku model saka Uzbekistan.[1] Parkawinan iku ditindakaké kanthi dhedhemitan, amarga wong tuwané Oji ora ngerestui parkawinan mau.[1]

Oji bali manèh ning layar amba lan main ning filem karyané Ratna Sarumpaet, kang judhulé JAMILA DAN SANG PRESIDEN.[1] Film JAMILA DAN SANG PRESIDEN dirilis ning akir April taun 2009.[1]

Bebrayanan wong loro iki (Oji lan Senk Lotta) ora lumaku mulus.[1] Senk Lotta resmi nggugat cerai Oji nalika tanggal 23 November taun 2009 ning PA Jakarta Timur.[1]

Persidangan perceraian Oji lan Senk Lotta kang ora tau ditekani déning dhèwèké iki, akiré diputusaké ning tanggal 27 Januari taun 2010.[1] Lewat Pengadilan Agama Jakarta Timur, Oji lan Senk Lotta wus resmi cerai.[1]

Filmografi

[besut | besut sumber]

Sinetron

[besut | besut sumber]

Presenter

[besut | besut sumber]
  • Nikmatnya Dunia ning SCTV.
  • Wisata Malam ning Tran7
  • Ride With Pride

Model Video Klip

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 biografi Fauzi Baadillah Archived 2014-03-23 at the Wayback Machine. dipununduh tanggal 15 Juli 2011
  2. 1 2 3 4 Ogah 'Terkunci', Fauzi Baadillah Main Film Komedi dipununduh tanggal 15 Julil 2011