Menyang kontèn

Perempuan Punya Cerita

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Perempuan Punya Cerita
DisutradaraniUpi Avianto
Nia Dinata
Fatimah Rony
Lasja Fauzia Susatyo
DiprodhuseriNia Dinata
Eksekutif Produser:
Constantin Papadimitriou
Ditulis déningMelissa Karim
Vivian Idris
DibintangiFauzi Baadila
Susan Bachtiar
Kirana Larasati
Arswendi Nasution
Ade Firza Paloh
Rieke Diah Pitaloka
Rachel Maryam
Sarah Sechan
Shanty
Tarzan
Winky Wiryawan
DimusikiAghi Narottama
Bemby Gusti
Ramondo Gascaro
SinématografiWawan I. Wibowo
Dibesut déningIcal F. Tanjung
Teoh Gay Hien
Dibabar déningKalyana Shira Film
Suwéné
105 menit
NagaraIndonésia

Perempuan Punya Cerita inggih punika kempalan 4 filem cekak ingkang dipunkempalaken dados filem drama Indonésia ingkang dipunrilis wonten ing Januari 2008.[1] Film punika kapérang dados 4 pérangan, ingkang sapindha irah-irahanipun Cerita Pulau dipunserat déning Vivian Idris saha dipunsutradarani Fatimah Rony, ingkang kapindha irah-irahanipun Cerita Yogyakarta dipunserat déning Vivian Idris saha dipunsutradaraniUpi Avianto, ingkang katiga irah-irahanipun Cerita Cibinong dipunserat déning Melissa Karim saha dipunsutradarani Nia Dinata, ingkang pungkasan irah-irahanipun Cerita Jakarta dipunserat déning Melissa Karim saha dipunsutradarani Lasja Fauzia Susatyo, sarta dipunparagani Fauzi Baadila dan Kirana Larasati.[1]

Sinopsis

[besut | besut sumber]

Déning pandamelipun, filem punika dipunwastani filem Antologi, amargi isinipun sekawan cariyos ingkang dipundamel déning sekawan sutradara babagan satunggal tema, inggih punika "wanita", utawi mliginipun prekawis reproduksi wanita. Sekawan punika nyariosaken prekawis kalawau ing kaanan sosiyal kang bénten, nanging sadaya tokoh ngalami kakalahan ngadhepi "kekuasaan" kang wonten ing piyambakipun.[2]

Cerita Pulau

[besut | besut sumber]

Nyariosaken Bidhan, Sumantri (Rieke Dyah Pitaloka), ingkang gerah kanker saha dipuntudhuh nglakokaken aborsi ilegal déning masarakat pulau papan piyambakipun makaryan, wondéné nglakokaken bab punika kanggé nylametaken nyawa ibu janin ingkang ajeng miyos. Piyambakipun ugi nglakokaken bab ingkang sami dhumateng Wulan (Rachel Maryam) ingkang mbobot amargi dipunperkosa, Wulan kapeksa tindak ing pulau punika amargi kekarepaning sémahipun.[2]

Cerita Yogyakarta

[besut | besut sumber]

Babagan pergaulan seks bébas siswa. Pacelathon sarta sikap katingal kanthi cetha tanpa dipunalusaken, prilaku punika dipungambaraken kanthi pinten-pinten informasi saking internet, wondéné pasinanon seksualitas wonten ing kelas boten dipun-gantos. Jay Anwar (Fauzi Baadilla) minangka wewarta, dipungambaraken ndhérèk pergaulan punika, ugi kalebu tiyang ingkang nglayani Safina (Kirana Larasati) salah satunggal narasumber ingkang dipuntresnani. Asil liputanipun nggégéraken kutha sarta sekolah kang gegayutan, nanging Safina namung saged mirsani saking televisi kanthi gela.[2]

Cerita Cibinong

[besut | besut sumber]

Esi (Shanty), tiyang ingkang makaryan ngresiki klab dhangdhut, kang makaryan kanggé ngragati putrinipun, Maesaroh (Ken Nala Amrytha). Esi sempet putus asa amargi ningali sémahipun nglécéhaken Maesaroh. Piyambakipun tindak saha mapan sareng primadona dhangdhut ing klab punika, Cicih (Sarah Sechan). Ingkang gadhah ambisi dados bidhuan kang misuwur ing Jakarta, ngantos dipundorani tiyang kang ajeng ndadosaken namanipun misuwur, asal Maesaroh dipunajak. Maesaroh dipungarwa kanthi cara paksa kaliyan tiyang Taiwan. Esi asil nemokaken Cicih ing Jakarta, nanging boten nemokaken Maesaroh.[2]

Cerita Jakarta

[besut | besut sumber]

Babagan Laksmi (Susan Bachtiar) ingkang katularan HIV-AIDS saking jenat sémahipun kang pecandhu narkoba, piyambakipun kaliyan laré kedah tindak saking dalemipun amargi kulawarga sémah ingkang "terhormat" terus nyalahaken piyambakipun, amargi boten saged ngragati, larénipun dipunpundhut kaliyan kulawarga sémahipun.[2]

Ingkang maragani

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c Perempuan Punya Cerita[pranala mati permanèn] (Dipun unduh 17 Novèmber 2012)
  2. a b c d e Sinopsis[pranala mati permanèn] (Dipun unduh 17 Novèmber 2012)

Pranala njaba

[besut | besut sumber]