Dagashi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Replika toko dagashi ing musiyum
Umaibo, satunggaling tuladha dagashi

Dagashi (駄菓子?) punika dhaharan lan jajanan ingkang raosipun legi ingkang reginipun mirah ing Jepang. Toko tradhisional ingkang nyadé dagashi punika dipunsebat dagashi-ya (toko dagashi).

Wonten ing Basa Jepang, kashi (菓子?) ateges samubarang jinis dhaharan, kue, utawi dhaharan kanthi rasa legi ; aksara kanji da (?) dipuntambahaken kanggé ngandharaken barang mawi kualitas andhap lan regi ingkang mirah [1]. Istilah dagashi (panganan boten saé) wiwit dipun-ginakaken nalika taun 1711 - 1715 kanggé nyebat kue garing lan jajanan higashi (干菓子?) kanthi regi ingkang mirah lan kualitas ingkang andhap. Gendhis ingkang dipun-ginakaken kanggé dagashi kala punika gula abang tebu utawi gula pasir kasar. Sewalikipun, kué-kué dhaharan daimyo, samurai, lan panguwaos ingkang dipunsebat jōgashi (上菓子? ateges dhuwur) dipundamel ngginakaken gula pasir. Bèntèn kaliyan perusahaan ageng ingkang tansah medalaken jajanan kanthi rasa ingkang tansa énggal, padatanipun dagashi dipundamel déning indhustri tengah mangandhap ingkang tansah damel dagashi tempo rumiyin tanpa ngewahi isi, rasa, ugi wungkusipun. Panganan ingkang kalebet dagashi punika manéka warna kados gulali, manéka kembang gula (permen)[2] lan cokelat, biskuit, bubuk jus, fugashi, umaibō, big katsu, su konbu, dumugi baby star ramen lan cumi ingkang garing.

Sajarah[besut | besut sumber]

Fugashi

Panganan pokok tiyang Jepang nalika jaman kuna mliginipun beras, juwawut, lan gandhum. Panganan kanggé selingan punika wujud woh-wohan utawi wiji-wijian saking wit. Istilah kashi (菓子 utawi 果子?) (panganan legi) rumiyin tumuju ing wiji-wijian lan woh-wohan saking wit. Dumugi sapunika taksih wonten panyebatan woh-wohan minangka mizugashi (水菓子? penganan ingkang ngandhut toya). Tiyang Jepang wiwit damel kué punika saking jaman Nara/jaman Heian bibar tepang kué saking Dinasti Tang. Kue lan manisan damelan tiyang rumiyin punika dipunwastani kashi (菓子?) kanggé mbédakaken kaliyan woh-wohan (果物 kudamono?).

Nalika taun 704, Utusan Kamaharajan Jepang dhateng Cina (Dinasti Tang) kapimpin déning Awata no Mahito mbeta kondur resep 8 jinis tōgashi (唐菓子? penganan Dinasti Tang) lan 14 jinis kahei (果餅?). Bahanipun saking glepung beras utawi glepung trigu ingkang dipuncampur kaliyan pemanis wujud mizuame, madu, utawi amazura (pemanis saking amachazuru). Wujuding kué mau manéka warna, kalebet kué goreng. Penganan Dinasti Tang sansaya wiyar saking astana kaisar lan griya para bangsawan dhateng kalangan rakyat biyasa. Kué-kué kados punika dumugi sapunika taksih dipun-ginakaken minangka sajèn ing kuil-kuil Shinto kados ta Kuil Atsuta ing Nagoya, Kasuga-taisha ing Nara, sarta Kuil Shimogamo lan Kuil Yasaka ing Kyoto.

Jepang tepang kaliyan gula ing taun 754 (jaman Nara) Kala punika biksu Ganjin saking Dinasti Tang dugi ing Jepang mbeta bebungah wujud gula kanggé Kaisar Jepang. Bibar punika utusan Jepang dhateng DInasti Tang mbeta kondur angsal-angsal wujud gula, nanging cacahipun ingkang dipunbeta kondur punika namung sakedhik lan namung kanggé kalangan inggil. Gula wiwit dipun-ginakaken kanggé damel kué nalika jaman Kamakura bibar impor gula dipunwontenaken kanthi cacah ingkang kathah. Sadèrèngipun wonten gula impor saking Dinasti Tang, rasa legi panganan tiyang Jepang punika saking amazura, madu, lan mizuame. Produksi gula ing jero nagari Jepang nembé kawiwitan bibar dipunbikak lahan tebu ing Ōshima, Kagoshima nalika taun 1596 ugi wonten ing Kyushu lan Shikoku nalika taun 1716.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Dagashi bar, (dipunakses tanggal 20 Fèbruari 2013)
  2. Dagashi Stores, (dipunakses tanggal 20 Fèbruari 2013)

Pranala njawi[besut | besut sumber]