Daerah Khusus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Pamérangan administratif Indonésia
Pancasila
Tingkat Provinsi

Provinsi
Dhaérah KhususDhaérah Istimewa

Tingkat Kabupatèn/Kutha

KabupatènKutha
Kabupatèn administrasi
Kutha administrasi

Tingkat Kecamatan

KecamatanDistrik

Tingkat Kelurahan/Désa

KelurahanDésa
NagariKampungGampong

Delengen uga

BanjarDusun
LingkunganPedhukuhan
Rukun Warga
Rukun Tetangga

sunting

Nagara Kesatuan Républik Indonésia kapérang dadi laladan-laladan provinsi. Nagara ngakoni lan ngurmati ékan-ékan pamaréntah laladan kang asipat mirunggan utawa asipat istimewa kang diatur déning undang-undang. Kang sinebut ékan-ékan pamérntah laladan kang asipat mirunggan ya iku laladan kang éntuk otonomi mirunggan. Laladan-laladan kang diwènèhi otonomi mirunggan ya iku

  1. Provinsi Daerah Khusus Ibukota Jakarta;
  2. Acèh[1];
  3. Provinsi Papua; lan
  4. Provinsi Papua Barat.

UU Khusus[besut | besut sumber]

Laladan-laladan kang duwé status istumewa lan diwènèhake otonomi mirunggan saliyané diatur kanthi Undang-Undang Pamaréntahan Laladan kang dikanggokake ing katemtonan mirunggan ing undang-undang liyané.

  1. Tumrap Provinsi DKI Jakarta dikanggokake UU Nomor 29 Taun 2007 ngenani pamaréntahan Provinsi Daerah Khusus Ibukota Jakarta minangka Kutha krajan Nagara Kesatuan Républik Indonésia;
  2. Tumrap Acèh dikanggokake UU Nomor 44 Taun 1999 ngenani Penyelenggaraan Keistimewaan Provinsi Laladan Istimewa Acèh lan UU Nomor 11 Taun 2006 ngenani pamaréntahan Acèh; lan
  3. Tumrap Provinsi Papua lan Papua Barat dikanggokake UU Nomor 21 Taun 2001 ngenani Otonomi Khusus tumrap Provinsi Papua.

Acèh[2][besut | besut sumber]

Artikel baku: pamaréntahan Acèh
Lambang Acèh

Acèh ya iku laladan provinsi kang minangka nyawijining masarakat hukum kang asipat istimewa lan diwènèhi kewenangan mirunggan kanggo ngatur urusan pamaréntahan lan kepentingan masyarakate dhéwé jumbuh karo peraturan perundang-undangan ing sistem lan prinsip Nagara Kesatuan Républik Indonésia adhedhasar Undang-Undang Dasar Nagara Républik Indonésia Taun 1945, kang dipimpin déning sawijing Gubernur.

Pengakuan Nagara awit keistimewaan lan kekhususan laladan Acèh pungkasan diwènèhake lumantar Undang-undang Nomor 11 Taun 2006 ngenani pamaréntahan Acèh (LN 2006 No 62, TLN 4633). UU pamaréntahan Acèh iki ora bisa uwal saka Nota Kesepahaman (Memorandum of Understanding) antarané pamaréntah lan Gerakan Acèh Merdeka kang ditandatangani tanggal 15 Agustus 2005 lan minangka sawijining wujud rekonsiliasi kanthi bermartabat tumuju pembangunan sosial, ékonomi, sarta pulitik ing Acèh kanthi sinambungan. Babagan-babagan paling dhasar kang dadi isi UU pamaréntahan Acèh iki ing antarané:

  1. Pamaréntahan Acèh ya iku pamaréntahan laladan provinsi ing sistem NKRI adhedhasar UUD Taun 1945 kang ngadani urusan pamaréntahan kang ditindakake déning Pamaréntahan Laladan Acèh lan Dewan Perwakilan Rakyat Laladan Acèh jumbuh karo fungsi lan kewenangane dhéwé-dhéwé.
  2. Tatanan otonomi saamba-ambané kang diterapake ing Acèh adhedhasar UU Pamaréntahan Acèh iki minangka subsistem ing sistem pamaréntahan kanthi nasional.
  3. Pengaturan ing Qanun Acèh utawa Kabupatèn/Kota kang akèh diamanatake ign UU Pamaréntahan Acèh minangka wujud nyata tumrap anané kewajiban konstitusional ing pelaksanaan pamaréntahan mau.
  4. Pengaturan perimbangan keuangan pusat lan laladan katon lumantar pawehan kewenangan kanggo pemanfaatan sumber pendanaan kang ana.
  5. Implementasi formal penegakan syari’at Islam kanthi asas personalitas ka-Islaman marang saben wong kang ana ing Acèh tanpa mbedakake kewarganagaraan, kalungguhan, lan status ing wewengkonjumbuh karo watesing laladan Provinsi Acèh.

Pengakuan sipat istimewa lan mirunggan déning Nagara kepada Acèh sejatine wis lumantar dawaning wektu. Kacathet saora-orane ana telung peraturan wigati kang tau dikanggokake tumrap keistimewaan lan kekhususan Acèh ya iku Dudutan Perdana Menteri Républik Indonésia Nomor 1/Missi/1959 ngenani Keistimewaan Provinsi Acèh, UU 44/1999 ngenani Penyelenggaraan Keistimewaan tumrap Provinsi Laladan Istimewa Acèh, lan UU 18/2001 ngenani Otonomi Khusus tumrap Laladan Istimewa Acèh minangka Provinsi Nanggroe Acèh Darussalam. Kanthi anané UU pamaréntahan Acèh, ing pangajab digunakaké sagedhe-gedhene tumrap kesejahteraan ing Acèh kanggo minangka kesejahteraan kang mawa keadilan lan keadilan kang nyejahterakake ing Acèh.

Jakarta[besut | besut sumber]

Lambang Jakarta

Sistem pamaréntahan Nagara Kesatuan Républik Indonésia miturut Undang-Undang Nagara Républik Indonésia Taun 1945 ngakoni lan ngurmati ékan-ékan pamaréntahan kang asipat mirunggan utawa istimewa kang diatur déning undang-undang. Saliyané iku, nagara ngakoni lan ngurmati hak-hak mirunggan lan istimewa jumbuh karo prinsip Nagara Kesatuan Républik Indonésia.

Provinsi Daerah Khusus Ibukota Jakarta (Provinsi DKI Jakarta) minangka ékan pamaréntahan kang asipat mirunggan ing kedudukane minangka Kutha krajan Nagara Kesatuan Républik Indonésia lan minangka laladan otonom duwé fungsi lan peran kang wigati nalika njurung anané pamaréntahan Nagara Kesatuan Républik Indonésia adhedhasar Undang-Undang Dasar Nagara Républik Indonésia Taun 1945. Pramila, perlu diwènèhi kekhususan tugas, hak, kewajiban, lan tanggung jawab nalika ngadani pamaréntahan laladan. Pramila pamaréntah Pusat ngetokake Undang-Undang Nomor 29 Taun 2007 ngenani pamaréntahan Provinsi Daerah Khusus Ibukota Jakarta minangka Kutha krajan Nagara Kesatuan Républik Indonésia (LN 2007 No. 93; TLN 4744). UU iki ngatur kekhususan Provinsi DKI Jakarta minangka Kutha krajan Nagara. Aturan minangka laladan otonom tingkat provinsi lan liyané tetep kaiket ing peraturan perundang-undangan ngenani pamaréntahan laladan.

Papua lan Papua Barat[besut | besut sumber]

Artikel baku: Otonomi Khusus Papua
Lambang Papua

Provinsi Papua ya iku Provinsi Irian Jaya kang diwènèhi Otonomi Khusus ing rangka Nagara Kesatuan Républik Indonésia. Otonomi Khusus ya iku kewenangan mirunggan kang diakoni lan diwènèhake marang Provinsi Papua, kalebu provinsi-provinsi asil pamekaran saka Provinsi Papua, kanggo ngatur lan ngurus kepentingan masarakat miturut prakarsane dhéwé adhedhasar aspirasi lan hak-hak dhasar masarakat Papua. Otonomi iki diwènèhake déning Nagara Républik Indonésia lumantar Undang-undang Nomor 21 Taun 2001 (LN 2001 No. 135 TLN No 4151). Babagan pokok kang dadi isi Undang-undang iki ya iku:

  • Pisanan, pengaturan kewenangan antarané Pamaréntah karo Pamaréntah Provinsi Papua sarta panerapan kewenangan mau ing Provinsi Papua kang katindakaken kanthi mirunggan;
  • Kapindho, pengakuan lan pakurmatan hak-hak dhasar wong asli Papua sarta pemberdayaane kanthi strategis lan mendasar; lan
  • Katelu, minangka panylenggaraan pamaréntahan kang prasaja kanthi ciri:
  1. partisipasi rakyat sagedhe-gedhene ing perencanaan, pelaksanaan lan pengawasan sajeroning ngadani pamaréntahan sarta pelaksanaan pembangunan lumantar melune para wakil adat, agama, lan kaum wanita
  2. pelaksanaan pembangunan kang diarahake sagedhe-gedhene kanggo nyukupi kabutuhan dhasar penduduk asli Papua khususe lan penduduk Provinsi Papua lumrahé kanthi adhedhasar prinsip-prinsip pelestarian lingkungan, pembangunan, keadilan, lan duwé manfaat langsung tumrap masarakat; lan
  3. penyelenggaraan pamaréntahan lan pelaksanaan pembangunan kang transparan lan tanggungjawab marang masarakat.
  • Kapapat, pembagian wewenang, tugas, lan tanggung jawab kang teges lan cetha antarané badan lègislatif, èksekutif, lan yudhikatif, sarta Majelis Rakyat Papua minangka representasi kultural penduduk asli Papua kang diwènèhi kewenangan tartemtu.
Lambang Papua Barat

Pawewehan Otonomi Khusus tumrap Provinsi Papua ateges kanggo minangka keadilan, penegakan supremasi hukum, pakurmatan marang HAM, percepatan pembangunan ékonomi, peningkatan kesejahteraan, lan kemajuan masarakat Papua, sajeroning ngrengkuh kesetaraan lan keseimbangan kanthi majuning provinsi liya. Otonomi mirunggan lumantar UU 21/2001 mapanake wong asli Papua lan penduduk Papua lumrahé minangka subjek utama. Wong asli Papua ya iku wong kang asalé saka rumpun ras Melanesia kang kapérang saka suku-suku asli ing Provinsi Papua lan/utawa wong kang ditampa lan diakoni minangka wong asli Papua déning masarakat adat Papua. Déné penduduk Papua, ya iku kabèh wong kang miturut katemtuan kang ana kadaptar lan manggon ing Provinsi Papua.

Pamaréntah, Pamaréntah Provinsi, Pamaréntah Kabupatèn/Kota, sarta perangkat sang, semuaisore diarahake kanggo mènèhi pelayanan paling apik lan pemberdayaan rakyat. Undang-undang iki uga ngandut semangat parampungan perkara lan rekonsiliasi, ing pembéntukan antarané kanthi Komisi Kebenaran lan Rekonsiliasi. Pembéntukan komisi iki ateges kanggo ngrampungaké manéka perkara kang biyèn kedadeyan kanthi ancas mantepake persatuan lan kesatuan nasional Indonésia ing Provinsi Papua.

Sumber[besut | besut sumber]

  • UU Nomor 29 Taun 2007 ngenani pamaréntahan Provinsi Laladan Khusus Ibu Kota Jakarta minangka Ibu Kota Nagara Kesatuan Républik Indonésia
  • UU Nomor 44 Taun 1999 ngenani Penyelenggaraan Keistimewaan Provinsi Laladan Istimewa Acèh
  • UU Nomor 11 Taun 2006 ngenani pamaréntahan Acèh
  • UU Nomor 21 Tahun 2001 ngenani Otonomi Khusus bagi Provinsi Papua

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. ^ Jeneng (nomenklatur) kang digunakaken miturut Pasal 1 angka 2 UU 11/2006 ya iku ACEH; tanpa ana tembung "provinsi" utawa frasa "laladan istimewa"
  2. ^ Acèh dipanggokake manèh ing artikel laladan mirunggan (lan uga laladan istimewa) jalaran Acèh ya iku siji-sijiné laladan ing Indonésia kang asipat istimewa lan diwènèhi otonomi mirunggan; "Acèh ya iku laladan provinsi kang minangka nyawijining masarakat hukum kang asipat istimewa lan diwènèhi kewenangan mirunggan kanggo...." Pasal 1 angka 2 UU 11/2006

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cithakan:Macam pembagian nagara