Menyang kontèn

Cemara Natal

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Wit cemara Natal

Wit cemara Natal kang wus suwé didadèkaké simbol riyaya Natal déning umat Kristen, pranyata kawiwitan udakara 1000 taun kapungkur. Bab iki kelakon nalikané Santo Bonifacius priyayi kang ngristenaké bangsa Jerman, ing tengah dalan nemoni wong-wong pagan (wong-wong kang nyenyembah brahala) lagi nyembah-nyembah marang wit èk.

Kanthi murka, wong suci mau kongkonan marang panggiluté negor wit èk mau. Lan kaelokan dumadakan kelakon ing kono. Ing tilasé tegoran kayu èk mau, kanthi nengsemaké njedhul thukulan wit cemara, liwat saselaning oyot wit Ek kang wus mati. St Bonifacius nganggep iki kadidene siji pratandha marang kaimanan Kristiani. Sabanjure, kanthi prastawa mau, wong-wong Kristen nganggep wit cemara ana gandhèng cènèngé karo kapercayan Kristen, lan pungkasané nggawa wit-wit cemara mau lumebu ngomahé.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Wong-wong Mesir kuna kang mbiyèn ngawiti pamujan marang wit-witan kang ijo. Nalikane teka mangsa adem, wong-wong Mesir nggawa godhong kurma lan ngrenggani omahé nganggo godhong kurma mau kanggo simbol kamenangan panguripan manungsa mungsuh pepati.

Wong-wong Romawi kuna béda manèh. Nambut mangsa adem, wong-wong Romawi nganaake festival kang sinebut Saturnalia, ing pangangkah kanggo memuja Déwa Saturnus, dewaning olah tetanen. Wong-wong mau ngrenggani omahé kanthi gegodhongan ijo lan lampu-lampu. Bocah-bocah uga kanthi suka parisuka bakal ijol-ijolan hadhiyah marang kancané. Ijol-ijolan hadhiyah iki uga dilakone déning wong-wong diwasa. Ing kapercayane, wong-wong mau mènèhi dhuwit (koin) kanggo kemakmuran, jajanan kanggo kabagyan, lan lampu-lampu kanggo nerangi pawongan sajeroning nglakoni urip iki.

Maabad-abad kapungkur, ing tanah Inggris, dhukun-dhukun alas kang mau Druid nganggo gegodhongan lan ijo-ijoan kanggo nganaake ritual misterius nalikane mangsa adem teka. Dhukun-dhukun mau migunaake godhong holly lan mistletoe kanggo simbol panguripan langgeng, lan nemplokake pang-pang gegodhongan sandhuwuring lawang kanggo ngusir setan lan roh-roh jahat.

Ing jaman abad pertengahan akir, wong-wong Jerman lan Skandinavia nandur wit-witan ijo sajeroning omahé utawa ing ngarep lawange kanggo nuduhaké gegayuhan kang becik marang mangsa semi kang bakal teka.

Tradisi wit natal ing jaman modhèren iki ngrembaka saka tradisi-tradisi kawitan kang mangkono mau.

Rerenggan ing Cemara Natal

[besut | besut sumber]

Legenda nyritakaké yèn ta Martin Luther kang kawitan gawé tradisi ngrenggani Cemara natal. Ing siji dina natal kang garing, udakara ing taun 1500-an, piyambake lelungan ngliwati alas kang katutup déning salju. Sawisé sawatara suwé jumangkah, jangkahe kandheg déning kaendahaning sagrumbulan wit-witan cilik ing ngarepe. Pang-pange, kalabur salju, ing krelip nyunarake cahyaning wulan.

Nalikaning piyambake wus tekan ngomah, piyambake mundhut sawatara wit cemara lumebu ngomah, supaya bisa nyritaake pengalamane mau marang bocah-bocah. Sabanjure piyambake ngrenggani wit cemara mau nganggo lilin, supaya samper kaya kang kedadeyan ing alas mau. Ing jaman sabanjuré, lilin-lin kang kasumet mau dipasang kanggo nggambaraké cahyaning swarga sumunar padhang, cumlorot saka langit, nalikaning Yesus Kristus diwiyosaké ing Betlehem.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]