Sinterklas

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Sinterklas ing sekolah Montessori ing Malang, Jawa Wétan, taun 1935.
Sinter Claes panggambaran ing siji omah abad kaping 16 celak Dam ing Amsterdam. Santo Nikolas iku santo pangreksa kutha krajan Walanda.

Sinterklas iku siji tokoh suci sajeroning agama Kristen kang miturut ujaring kandha, tresna banget lan mesthi maringi bebungah marang bocah-bocah ing sawetara dina-dina wigati, mligi ing dina ambal warsané, ya iku tanggal 6 Dhésèmber.[1] Sinterklas ing budaya Jawa lan uga ing budaya Indonésia kanthi umum iku kasil saka pangaribawa budaya Walanda ing Nuswantara. Ing basa Walanda diarani Sinterklaas. Banjur sajeroning basa liya uga ditepungi kanthi jeneng Santa Klaus, Santo Nikolas, Santo Nick, Bapak Natal, Kris Kringle, Santy, utawa Santa. Ing budaya liya saliyané budaya Walanda, tokoh iki dicaritakaké minangka paraga kang mènèhi bebungah marang bocah-bocah cilik, mligi ing Dina Natal.

Santa asalé saka tokoh sajeroning carita rakyat ing Éropah asal saka tokoh Nikolas saka Myra, lair watara taun 280 M ing Patara ora adoh saka Myra (Demre) kang saiki papané ing nagara Turki. Bapaké wong Arab kang asmané Epifanius déné ibuné Nonna. Nikolas iku siji biskop kang mènèhi bebungah marang wong mlarat.

Tokoh Santa sabanjuré dadi pérangan wigati ing tradhisi Natal ing donya kulon lan uga ing Amérika Latin, Jepang lan pérangan liya ing Asia Wétan.

Dina Sinterklas dipèngeti ing saindenging donya saben tanggal 6 Dhésèmber.

Carita[besut | besut sumber]

Saka Kristen kuna[besut | besut sumber]

Santo Nikolas saka Myra iku inspirasi utama kanggo figur wong Kristen ngenani Sinterklas. Panjenengané iku biskop Myra ing Lycia nalika abad ka 4. Nikolas misuwur amarga kabecikané mènèhi bebungah marang wong miskin. Panjenengané réligius banget kawit cilik lan ngasokaké uripé kanggo Kristen. Ing Éropah (luwih tepaté ing Walanda, Bèlgi, Austria lan Jerman) panjenengané digambaraké minangka biskop kang duwé janggut kanthi jubah resmi. Rélik saka Santo Nikolas dikirim menyang Bari ing Italia kidul déning sapérangan pedagang Italia; siji basilika diyasa taun 1087 kanggo mènèhi wong-wong mau omah lan dadi tlatah ziarah.[2]

Santo Nikolas dadi dirujuk déning wong akèh minangka santo pangreksa kanggo pelaut, pedagang, pamanah, bocah-bocah, tuna susila, ahli obat, pengacara, pegadhéyan, tahanan, kutha Amsterdam lan Ruslan.

Ing Yunani, Santo Nikolas iku pangganti kanggo Santo Basil (Agios Vasilis sajeroning Basa Yunani), siji biskop nalika abad ka 4 saka Caesarea. Pérangan lor Walanda lan sapérangan désa ing Flanders, Bèlgi, ngriyayakaké siji figur kang rada mèmper, Sint-Maarten (Santo Martin saka Tours).[2]

Carita rakyat Jerman[besut | besut sumber]

Pista St. Nikolas; lukisan lenga ing kanvas, c. 1665-1668; karya Jan Steen.

Miturut konvèrsi wong Jerman sajeroning Kristen, ing carita rakyat Jerman ana kisah ngenani Déwa Odin (Wodan), kang saben taun, nalika mangsa riyaya Yule, nganakaké pista paburon kang dibimbing déning déwa-déwa lan perjurit kang mati sajeroning donyané. Bocah-bacah bakal nyèlèhaké sepatuné, diisi mawa wortel, damèn utawa gula, ing cerak crobong asep kanggo jaran mabur Odin, Sleipnir, supaya jaran iku mangan isi mau. Sabanjuré Odin bakal mènèhi bebungah bocah-bocah iku amarga kabecikané kanthi ngganti panganan Sleipnir mawa bebungah utawa permèn.[3]

Praktèk iki isih ana ing Jerman, Bèlgi lan Walanda sawisé adhopsi kakristenan lan banjur digabungaké karo riyaya Santo Nikolas. Bocah-bocah isih nyèlèhaké damèn ngisi sepatu ing crobong asep saben wengi mangsa adhem, lan Santo Nikolas mènèhi bocah-bocah mau bebungah permèn lan bebungah-bebungah liyané. Mijilé Odin cukup mèmper karo Santo Nikolas, digambaraké minangka wong tuwa kang mistérius mawa janggut.

Praktèk iki banjur mijil ing Amérikah Sarékat liwat koloni Walanda ing New Amsterdam luwih dhisik sadurungé serangan Inggris nalika abad ka 17, lan révolusi dadi nggantung kaos sikil utawa kaos sikil natal ing cerak crobong asep. Akèh tlatah ing Austria lan tilas tlatah Italia kang direbut Austria-Hongaria, (Friuli, kutha Trieste) bocah-bocah mènèhi permèn lan bebungah nalika dina Santo Nikolas (San Niccolò sajeroning Basa Italia), miturut kalèndher Katulik, nalika tanggal 6 Dhésèmber.

Carita rakyat liya, dhedhasar saka suku Indo-Jerman, ana carita yèn ana wong suci (sok-sok Santo Nikolas) lan sétan (sok-sok Krampus, utawa troll). Sawijining nom-noman lanang nganggo klambi minangka Krampus isih ana sajeroning riyaya dina Santo Nikolas ing Kärnten (Austria Kidul) lan Carnia (Italia lor-wétan). Carita iku nélakaké yèn siji dharatan diserang téror déning siji monster kang nalika mbengi nggremet mlebu menyang crobong asep lan matèni bocah-bocah (ngetokaké isi wetengé utawa nyimpen bocah-bocah mau kanggo dpangan mengko). Wong suci iku nggèolèki sétan iku, lan ngapusi sétan iku kanthi borgol kang diberkahi (sajeroning sapérangan vèrsi borgol kang padha kanggo ngunjara Yésus, sajeroning vèrsi liya borgol iku kang dipigunakaké kanggo nahan Santo Petrus utawa Paulus saka Tarsus); sétan iku kaprangkep lan kepeksa nuruti préntah sang wong suci. Wong Suci iku ngongkon sétan iku lunga menyang saben omah lan gawé owah-owahan, kanthi mènèhi bebungah marang bocah-bocah. Wong suci iku uga gawé supaya sétan iku nglakoni pagawéan mau saben taun, utawa sang sétan jelèh banget lelaku becik lan milih bali menyang nraka.

Carita rakyat Walanda[besut | besut sumber]

Sinterklas lan Zwarte Piet.

Ing Walanda, Santo Nikolas (luwih asring ingaran "De Goede Sint") diréwangi déning siji batur tukon (batur utawa réwang), kang ingaran Zwarte Piet ("Piet Ireng"). Sapérangan carita nglukisaké Zwarte Piet nuthuk bocah nakal nganggo tongkat utawa nglebokaké bocah-bocah nakal mau menyang karung lan digawa menyang Spanyol. Sapérangan duwé pendhapat légendha Zwarte Piet dadi rasis amarga ngrujuk manawa Santo Nikolas migunakaké batur tukon Afrika kang nyambut gawé marang panjenengané ing dina sadurungé pakjesavond (5 Dhésèmber — dina nalika kadho dibukak), sanajan "Zwarte Pieten" ora digambaraké minangka batur tukon jaman saiki.

Zwarte Piet kang matur nuwun ora ngerti arep menyang endi, ing endi dhèwèké kapisah saka kancané lan ora ana pagawéan kanggo mbiyantu dhèwèké, lan wusanané Santo Nikolas nawani pagawéan. Sapérangan nélakaké yèn dhèwèké nulis dhaftar apa waé kang dipéngini déning bocah-bocah, liyané nélakaké yèn Zwarte Piet ngetutaké tlipak kabèh bocah nakal kanggo dilebokaké menyang karung lan digawa menyang Spanyol. Sawetara dasawarsa kapungkur, carita iki wis diowahi lan batur tukon iku wis dadi batur tukon modhèren kang duwé rai ireng amarga mènèk crobong keluk lan dadi ireng amarga gosong kena geni.

Sinterklas nganggo sandhangan mèmper karo biskop. Panjenengané nganggo mitra abang kanthi salib emas lan nggawa teken biskop. Kamèmperané karo biskop saka Myra katon cetha ing kéné.

Bebungah diwènèhaké suwéné karaméan iki lan luwih asring diterusaké mawa gurit. Luwih akèh bebungah temenan mungkin disedhiyakaké kanggo ésuké. Amarga mènèhi bebungah iku pagawéan Sinterklas, bebungah ora diwènèhaké nalika dina natal ing Walanda, nanging wong komersial wiwit mupangataké ing pasar.

Miturut tradhisi, Sinterklas duwé Piet kanggo manéka prakara: Piet wujud navigasi kanggo krétané saka Spanyol menyang Walanda, utawa Piet kanggo mènèk payon kanggo nglebokaké bebungah menyang crobong keluk. Sapérangan taun akèh carita wis mijil, paling akèh digawé déning wong tuwa supaya bocah-bocah tetep percaya marang Sinterklas sajeroning kawicaksanan lan kanggo ngilangaké kelakuan kang ala. Sajeroning sapérangan kasus, Piet rada telédhor sajeroning pagawéan, kaya ta Piet minangka navigasi (basa Walanda "wegwijs piet") nunjuk menyang arah kang salah. Iki luwih asring kanggo mènèhi komèdhi cilik sajeroning paradhe taunan nalika Santo Nikolas teka ing Walanda, lan uga bisa kanggo kamajuwan bocah-bocah ing sekolah kanthi gawé Piet mènèhi jawaban kang salah, minangka conto, siji soal matématika kang prasaja banget kaya ta 2+2, saéngga bocah-bocah bisa diyakinaké supaya mènèhi jawaban kang bener.

Saka carita modhèren[besut | besut sumber]

Gambaran Pra-Modhèrn ngenani Sinterklas kang seneng mènèhi bebungah saka sajarah gréja lan carita rakyat nggabung karo karakter Inggris Father Christmas kanggo gawé karakter kang dikawruhi déning wong Inggris lan Amérikah Sarékat minangka Santa Claus. Father Christmas ing abad ka 17 ing Inggris, lan panjenengané isih ana ing jaman iku, nggambaraké minangka wong kang duwé janggut nganggo klambi kang dawa, ijo, jubah mawa wulu. Panjenengané nglambangaké jiwa saka semangat natal, lan digambaraké sajeroning "Hantu Bebungah Natal" sajeroning novèl A Christmas Carol déning Charles Dickens.

Jeneng Santa Claus asalé saka Sinterklaas, jeneng basa Walanda kang dhedhasar saka karakter Santo Nikolas. Panjenengané uga dikawruhi mawa jeneng Sint Nikolas ing endi njelasaké panggunaan 2 jeneng kang béda, Santa Claus lan Santo Nikolas utawa Santo Nick.

Ing nagara liya, gambaran Santo Nikolas uga dicampur karo carita rakyat lokal. Minangka conto babagan kang isih ana, panggambaran pagan, ing tlatah Nordic, ana siji Wedhus Yule (basa Swedia julbock, basa Nurwègen "julebukk", basa Dhénemarken "julebuk", basa Finlan joulupukki), siji figur kang ngagetaké mawa sungu kang ngeteraké bebungah ing wengi natal. Wedhus damèn isih dadi dhékorasi natal ing Swedia, Nurwègen, lan Finlan. Nalika taun 1840, paternakan gnome sajeroning carita rakyat Nordic miwiti ngenteraké bebungah natal menyang Dhénemarken, nanging ingaran "Julenisse", nganggo sandhangan klawu lan topi abang. Nalika pungkasan abad ka 19, tradhisi iki wis nyebar menyang Nurwègen lan Swedia (ing endi "nisse" ingaran Tomte), nggantèkaké Wedhus Yule. Perkara kang padha kadadéan ing Finlan, nanging ing kana luwih akèh figur manungsa kang migunakaké jeneng wedhus Yule.

Saka Amérikah Sarékat[besut | besut sumber]

Thomas Nast ngabadhikaké Santa Claus mawa ilustrasi nalika tanggal 3 Januari 1863, pawarta saka Harper's Weekly.

Ing koloni Inggris ing Amérika Lor lan ing tembé mburi Amérikah Sarékat, vèrsi pamènèh bebungah Inggris lan Walanda digabungaké luwih adoh. Minangka conto, sajeroning Sajarah New York (1809) déning Washington Irving, Sinterklaas diowahi dadi vèrsi Amérika kanthi jeneng "Santa Claus" nanging kélangan klambi uskupé, lan wujud kang pisanan digambaraké minangka pelaut Walanda mawa pipa rokok lan nganggo klambi anget warna ijo. Buku Irving cercaan saka kabudayan Walanda ing New York, lan luwih akèh gambaran sajeroning panemon guyonané.

Tanggepan Vatikan[besut | besut sumber]

Sanajan Sinterklas wujud gambaran saka siji biskop gréja Katulik, Paus ora yakin marang kabenerané amarga kasunyatané luwih akèh dongèng utawa khayalan kang digawé ngenani Sinterklas, malah uga kacampur karo manéka kapitayan lan budaya. Nalika taun 1970 Vatikan mbusak lan nyorèt jeneng Sinterklas saka pratélan wong-wong suci, nanging amarga akèhé protès kang teka, akiré Vatikan mènèhi kalonggaran lan kebébasan kanggo milih apa Sinterklas kalebu wong suci utawa dudu dipasrahaké marang dhiriné dhéwé-dhéwé, nanging kanthi resmi Sinterklas ora kalebu wong kang dianggep suci manèh.

Paus Paulus VI mréntahaké supaya sisa dhisin saka Sinterklas dipindhahaké waé saka Italia menyang Amérika. Kanthi mangkono dikarepaké wong Éropah bakal bisa luwih rikat nglalèkaké Sinterklas. Tepaté tanggal 5 Dhésèmber 1972 sisa dhisin Sinterklas wis dipindhah menyang gréja Saint Nicolhas-Flushing-ing New York.

Santa Claus[besut | besut sumber]

Santa Claus lan Sinterklas iku rada béda dideleng saka klambi uga dedeg piadegé. Santa Claus iku riptan saka manajer gayutan masarakat-Coca Cola sanajan asal-usulé saka Sinterklas uga. Kanggo ngundhakaké pangadolan saka Coca Cola, diripta Santa Claus minangka figur reklamené. Amarga wong Amérika ora gelem ingaran rasis mula saka iku kanggo Santa Claus ing AS ora olèh ana Zwarte Piet pembantuné kang kulité ireng.

Ing Tiongkok uga ana Sinterklas kang luwih asring diarani Sheng Dan Lao Ren, kang tegesé Simbah Kakung Natal.

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. KBBI daring basa Indonésia.
  2. a b www.newadvent.org siji ènsiklopédhia Katulik, diaksès tanggal 24 November 2011.
  3. Siefker, chap. 9, esp. 171-173.

Delengen uga[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]