Ca-bau-kan (film)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Artikel iki ngenani filem taun 2002. Kanggo novèl-é, pirsani Ca-Bau-Kan: Hanya Sebuah Dosa.
Ca-bau-kan (film)
Ca Bau Kan.jpg
Poster filem Ca-bau-kan
Disutradarani Nia di Nata
Diprodhuseri Nia di Nata
Ditulis déning Novèl:
Remy Sylado
Skenario:
Nia di Nata
Puguh P.S. Admaja
Dibintangi Ferry Salim
Lola Amaria
Niniek L. Karim
Irgi A. Fahrenzi
Alex Komang
Robby Tumewu
Tutie Kirana
Henky Solaiman
Alvin Adam
Maria Oentoe
Dimusiki Andi Rianto
Sekar Ayu Asmara
Sinématografi German G. Mintapradja
Dibesut déning Sastha Sunu
Dibabar déning Kalyana Shira Film
Tanggal metu
7 Fèbruari 2002
Suwéné
120 menit
Nagara  Indonésia
Basa Basa Indonésia
Rantaman Rp 5 Miliar

Ca-bau-kan (Internasional: The Courtesan) ya iku filem drama romantis taun 2002 saka Indonésia kajupuk saka novèl Ca-Bau-Kan: Hanya Sebuah Dosa karya juru nulis Indonésia Remy Sylado. Film iki ngangkat budaya Tionghoa Peranakan ing Indhiya Nèderlan lan Indonésia, kanthi latar carita kang ngemot jaman kolonial Walanda ing taun 1930-an, pendudukan Jepang ing taun 1940-an, nganti pasca-kemerdekaan taun 1960. Istilah Ca-bau-kan saka Basa Hokkian kang ateges "wadon", kang nalika jaman kolonial diasosiasikaké pelacur, gundik, utawa wanita simpenané wong Tionghoa. Ing jaman kolonial Indhiya Nèderlan, akèh Ca-bau-kan kang sadurungé nyambut gawé minangka wanita penghibur sadurungé dipèk dadi selir déning wong Tionghoa.

Ca-bau-kan dianggep cukup kontroversial nalika pisanan dirilis, amarga sapérangan babagan, saliyané kabesut sutradara wanita kang isih jarang ing perfileman Indonésia wektu iku. Pisanan, jalaran filem iki minangka filem Indonésia pisanan kang nggunakaké irah-irahan basa asing (Hokkian) kang ora bakal éntuk digunakaké ing éra Oede Baru. Lan uga amarga filem iki minangka filem Indonésia pisanan kang sarat karo téma budaya lan basa Tionghoa Peranakan kang kenthel ing jaman kolonial Indhiya Nèderlan. Film iki uga minangka filem Indonésia pisanan kang nggambaraké peran wong Peranakan lan ètnis Tionghoa sajeroning perang kemerdekaan 1945-1949.[1]

Film iki disutradarai déning Nia di Nata, lan dimainkan déning Niniek L. Karim, Ferry Salim, lan Lola Amaria. Film iki didistribusikake déning Kalyana Shira Film lan dirilis 7 Fèbruari 2002 ing Jakarta, Indonésia. Ca-bau-kan pisanan digiyaraké ing perfileman internasional Asia Pacific Film Festival taun 2002 lan uga ing Palm Springs International Film Festival taun 2003.

Sinopsis[besut | besut sumber]

Ing wiwitan carita, nalika jaman kolonial Walanda ing Batavia, dicaritakaké latar kawuryan sawijing wanita betawi nom. Dhèwèké kelangan bojone ora suwé sawisé kawin lan ditundhung minggat saka kulawarga bojone nalika lagi mbobot. Kedadeyan iki tambah parah nalika anggoné mbobot malah keguguran lan mlebune dhèwèké ing dunyaning prostitusi Ca-bau-kan awit bujuking seduluré, Saodah (Lulu Dewayanti).

Carita kawiwitan saka baline Giok Lan (Niniek L. Karim), sawijining wanita tuwa kang biyene dipek anak wong Walanda lan uga manggon ing kono. Dhèwèké bali ing Indonésia saperlu goleki asal usul lan latar kawuryan uripé lan kulawargané. Dhèwèké pungkasané ngerti yèn ibu kandunge ya iku wanita betawi pribumi kanthi asma Siti Noerhajati, lan kerep diundang "Tinung" (Lola Amaria), sawijining Ca-bau-kan kang kerep ngibur wong Tionghoa ing jaman kolonial Walanda ing Indonésia. Bapang kandunge ya iku Tan Peng Liang, sawijining pedagang tembakau Tionghoa Peranakan saka Semarang. Kekarone ya iku wong tuwa kandunge Giok Lan, sang narator filem.

Caritané pindhah ing mangsa biyèn, ing taun 1933. tinun dadi Ca-bau-kan ing laladan Kalijodo, Batavia, lan ora suwé Tinung banjur dadi misuwur jalaran ayu banget. Amraga ayu mau, Tinung sempet dadi wanita simpenan déning sawijining tauke (juragan) gedhang kang duwé watak kasar kanthi asma Tan Peng Liang (Moeljono). Tinung urip kanthi nyaman lan malah nganti mbobot. Nanging Tinung minggat jalaran ora betah ing lingkungan omahé Tan Peng Liang kang winarna sikara.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]