Binturung
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Binturung | |
---|---|
Binturung, Arctictis binturong | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Mammalia |
Ordho: | Carnivora |
Famili: | Viverridae |
Subfamili: | Paradoxurinae |
Génus: | Arctictis Temminck, 1824 |
Spésies: | A. binturong |
Jeneng binomial | |
Arctictis binturong (Raffles, 1821) | |
Binturung (Arctictis binturong) ya iku sejinis musang kang awaké gedhé, anggota suku Viverridae. Pira-pira dialèk Melayu nyebuté binturong, menturung utawa menturun. Sajeroning basa Inggris, kéwan iki karan Binturong, Malay Civet Cat, Asian Bearcat, Palawan Bearcat, utawa kanthi ringkas Bearcat. Manawa amarga karnivora kang duwé wulu ireng iki rupané mèh pdha beruang kang buntuté dawa, sawentara uga duwé bréngos akèh lan lan dawa kaya kucing (bear: beruang; cèt: kucing).[1]
Deskripsi
[besut | besut sumber]Musang kang buntute gedhi dawa lan awake gedhi. Dawa ndas lan awak antarané 60 nganti 95 cm, ditambah buntute kira-kira 50 nganti 90 cm. Bobote sakiwa-tengené 6 nganti 14 kg, malah nganti 20 kg.
Rambute dawa lan kasar, warnané ireng sekabehane utawa rodok coklat, kanti mbun-mbunan rodok putih utawa rodok abang. Ing pira-pira pucuke kuping ana rambut kang dawa. Buntut berambut akèh lan dawa, mligi ing pérangan kang cepak bongkot, saéngga katon lemu. Buntut iki bisa minangka gojengan ing pang (prehensile tail), minangka ‘sikil kelimane’.
Binturung wédok duwé pseudo-penis utawa KONTHOL palsu, salah sijiné organ khas kang langka ditemonii.[2]
Kebiasaan lan Persebaran
[besut | besut sumber]Kaya ta lumrahé musang, binturung mligi aktif ing wayah wengi. Ing sak nduwurue wit-witan (arboreal) utawa uga mudun marang lemah (terestrial). Kadang-kadang ana uga kang tangi lan aktif ing wayah awan.
Najan kalebu bangsa Carnivora, kang tegesé tukang mangan daging utawa pemangsa, pakane binturung kang utama ya iku woh-wohan mateng ing alas, kaya ta jinis-jinis ara (Ficus spp.). Kéwan iki uga mangan pucuk lan godhong wit-witan, endhog, lan kéwan-kéwan cilik kaya déné manuk lan kéwan pengerat.
Piter menek lan mlompat saka pang siji marang pang liyané, binturung racaké obah tanpa kesusu ing sak nduwure wit. buntute digunakaké minangka keseimbangan, utawa kadang-kadang gocekan wondene nalika nggayuh panganan ing pucuk pang. Cakare tajem banget lan melengkung, memungkinkanake kanggo nyengkrem pepagan kanti kuwat. Sikil mburine bisa diputer memburi kanggo nggujengi pang wit, saéngga binturung bisa mudun kanti rikat kanti ndas luwih ndisik.
Binturung ngetokaké kaya ambu, kaya ta lumrahé musang, saka klanjer ing ngisor pangkal buntute. Ambu iki minangka mènèhi tetenger wewengkon kekuasaane. Kéwan wédok nglahirake 2-6 anak, ska wise meteng kurang luwih 91 dina.
Binturung nyenengi alas-alas primer lan sekunder, amung kadang-kadang waé tinemu ing kebon ing pinggir alas.
Kéwan iki nyebar amba wiwit saka dataran dhuwur Sikkim ngati tekan Tiongkok pérangan kidul, Burma, Indochina, Ujung Malaya, Sumatra, Jawa, Kalimantan lan Palawan.
Konservasi
[besut | besut sumber]Ing désa-désa pinggiran alas, binturung kerep diengu minangka kéwan kesakangan (pet). Wong nyekel nalika kéwan iki isih cilik lan mbiasakake karo kahanane manungsa. Kanti diengu kang apik, binturung bisa nyandak umur 20 taun sajrone kurungan.
Selaras kanti berkembange perdagangan, binturung uga didol ing pasar-pasar manuk ing kutha. Kajaba iku, kang luwih mengancam kelestarian populasine ing alam, binturung uga diburu kanggo dijupuk kulite kang kang anan wulune kandel, lan di dimanfaatake pérangan-pérangan awake minangka bahan obat tradhisional (jamu).
Ancaman liya teka saka kerusakan lingkungan ing alas-alas ing wewengkon tropis minangka akibat pembalakan kang serampangan. Rusake alas njalari rusake habitat binturung, saéngga populasine ing alam terus mudun. Saiki binturung kalebu kéwan kang dikhawatirake kelestariane, lan dilindungi déning undang-undang nagara Republik Indonesia.
Cathetan sikil
[besut | besut sumber]- ↑ Binturong, Musang Lucu Berkaki Lima, (Kaunduh 12/12/12).
- ↑ "Stinner, Mindy. The Binturong Information Sheet" (PDF). Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2006-05-16. Dibukak ing 2012-12-18.
Rujukan
[besut | besut sumber]Ditulis dengan bahan-bahan dari Wikipedia basa Inggris, dan beberapa rujukan berikut:
- Corbet, G.B. and J.E. Hill, 1992, The Mammals of the Indomalayan Region: a systematic review. Nat. Hist. Mus. Publ. and Oxford Univ. Press.
- Cranbrook, Earl of., 1987, Riches of the Wild: land mammals of South-east Asia. Oxford Univ. Press, Singapore. ISBN 0-19-582697-3
- Payne, J., C.M. Francis, K. Phillipps, dan S.N. Kartikasari. 2000. Panduan Lapangan Mamalia di Kalimantan, Sabah, Sarawak & Brunei Darussalam. The Sabah Society, Wildlife Conservation Society-Indonesia Programme dan WWF Malaysia. ISBN 979-95964-0-8
- Tweedie, M.W.F. and J.L. Harrison, 1988, Malayan Animal Life, Longman, Petaling Jaya, Selangor Darul Ehsan. ISBN 0-582-69449-3