Bérokan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Infobox spesiesBérokan
Ageratum conyzoides
Ageratum conyzoides 07833.JPG
Tetuwuhan bérokan
Takson
UpadivisiSpermatophytina ·
-angiosperms ·
-mesangiosperms ·
-eudicots ·
-core eudicots ·
-asterids ·
-campanulids ·
OrdoAsterales ·
KulawargaAsteraceae ·
GenusAgeratum ·
SpesiesAgeratum conyzoides
L.Masalah skrip: Modhul "utilitats" ora ana.
Modifica les dades a Wikidata

Bérokan utawa Bandhotan utawa Wedhusan kang duwé jeneng èlmiyah Ageratum conyzoides Linn. minangka sawijining jinis suket sakmangsa sing racaké tuwuh ing ara-ara, galengan nganti pinggir dalan. Tethukulan iki dianggep gulma menawa tuwuh ing tegalan utawa pekarangan. Bérokan iki duwé daya kompetisi sing dhuwur marang tanduran budidaya, bisa tuwuh kanthi wektu kang cepet, lan duwé daya serep dhuwur marang unsur zat hara kang wigati ing lemah.[1] Tuwuhan iki sinebut wedhusan, amarga ngetokaké ambu ora kepénak nalika godhongé alum lan miwiti proses pambosokan. Ing tlatah liyané uga ana aran: dus-bedusan (Madura), babandotan, jukut bau (Sundha), siangit, daun tombak, rumput tahi ayam (Sumatra), lawet, rukut manooé, rukut weru, sopi (Sulawesi). Ing basa manca uga sinebut Goatweed, Billygoat-weed, Whiteweed utawa Chick weed.

Wedharan[besut | besut sumber]

Tuwuhan sing asalé saka Amèrikah tropis[2] iki ngrembaka ing mangsa rendheng iki dhuwuré kurang luwih 30-90 sèntimèter, galihé duwe wulu. Godhongé ijo bentuk oval kanthi dawa 1-10 sèntimèter lan amba 0,5-6 sèntimèter. Kembangé majemuk maujud malai werna putih. Pasebaran wit iki akèh-akèhé ing pulo Sumatra, Jawa lan Sulawesi.

Piguna[besut | besut sumber]

Masiya asring dianggep gulma, ananging uga ana piguna sing bisa dimupangataké ya kuwi:

  • Kanggo tani organik, tuwuhan iki dimupangataké kanggo pèstisidha alami, godhongé didheplok, dicampur banyu lan disemprotaké ing tanduran. Ancasé bisa menggak ngrembakaning kéwan gegremetan.[3]
  • Kanggo nambani bisul, dheplok godhong nganti lembut banjur diwènèhaké ing kulit kang nandhang bisul. Sakwisé iku tutup nganggo perban. Nalika 1-2 dina bisa dicopot lan bisul bakal cepet garing.[4]
  • Nambani lelara asam urat, lara maag, lan nyegah dhiabétes. Tuwuhan iki ngandhut zat flavonoid, tanin, lan glokosida sakèngga ngrewangi mari lelara kasebut.[5] Nggawé jamuné bisa kanthi nge cor godhong bérokan garing ing banyu umub.
  • Èkstrak tuwuhan iki bisa dadi zat antibaktéri tumrap Staphylococcus aureus lan Escherichia coli.[6]

Èfèk samping[besut | besut sumber]

Kanéka déné bisa nambani lelara ananging menawa kerep ngonsumsi rutin ing wektu kang suwé bisa mbebayani awak kaya ta bisa micu tuwuhing tumor ing awak.[7]

Gladri[besut | besut sumber]

Kapustakan[besut | besut sumber]

  1. Asikin, S. "Gulma Babadotan sebagai Pestisida dan Pupuk Organik". BALITTRA Balai Penelitian Pertanian Lahan Rawa BALITBANGTAN-KEMENTERIAN PERTANIAN. Dibukak ing 2020-07-11.
  2. "View TumbuhanObat #Ageratum conyzoides L." IPBiotics. Dibukak ing 2020-07-11.
  3. Ridlo, Muhamad (2018-09-01). "Mengenal Potensi Bandotan, Obat Infeksi dan Zat Anti Bakteri". Liputan 6. Dibukak ing 2020-07-11.
  4. "Tanaman berbau kambing yang berkhasiat (Bandotan)". 2020-01-04. Dibukak ing 2020-07-11.
  5. Annisa, Yulia Nor (2019-07-16). "5 Manfaat Daun Bandotan Bagi Kesehatan, Bisa untuk Redakan Mag". IDN TIMES. Dibukak ing 2020-07-11.
  6. Astuti, Harti. "UJI AKTIVITAS ANTIBAKTERI EKSTRAK ETANOL DAN EKSTRAK AIR DAUN BANDOTAN (AGERATUM CONYZOIDES, L.) TERHADAP STAPHYLOCOCCUS AUREUS DAN ESCHERICHIA COLI". Majalah Farmaseutik. Dibukak ing 2020-07-11.
  7. Hamara, Subagja (2019-12-31). "Manfaat Daun Bandotan, Si Racun yang Berkhasiat Atasi Asam Urat, Kista Hingga Diabetes". Harapan Rakyat. Dibukak ing 2020-07-11.