Maag

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Gastritis utawa radhang lambung utawa tukak lambung yaiku lelara kang ana weteng, utamané ana lambung amarga tatu utawa radhang kang nyebabaké weteng krasa lara, mules, lan perih.

Jinis Maag[besut | besut sumber]

Ana 2 jinis penyakit maag kang umum, yaiku:

  • Gastritis Akut
    • Lelara maag akut yaiku peradangan (walesan seka awak kanggo nglawan mikroorganisme lan barang asing kang ciriné panas, abuh, linu lan gangguan organing badan) sing ana ing weteng, lan biasane diwatesi karo muklosa. Lelara maag akut bisa kedadeyan tanpa sebab sing dingerteni. [1]
  • Gastritis Kronik
    • Lambung wong kang lara maag biasané ana peradangan (walesan saka awak kanggo nglawan mikroorganisme lan barang asing kang ciriné panas, abuh, linu lan gangguan organing badan) sawetara jinis kelainan, sing nyebabaké gastritis saka jinis tartamtu yaiku gastritis kronis.

Jinis lelara maag adhedhasar nemené lara, bisa dipérang dadi:

  • Maag sing kagolong ènthèng
    • Lelara iki isih kagolong minangka lelara tahap ènthèng, sejatiné kabeh uwong uwis duwèni lelara iki, yèn dipriksakaké mengko bakal kètok yèn asem lambungé dhuwur ing bagéan tembok lambung.
  • Maag kang tingkaté sedhengan, yaiku:
    • Lelara maag iki wis nyebabaké lara lan eneg.
  • Maag kronis
    • Maag kronis yaiku maag kang luwih nemen tinimbang lelara maag biasa.
  • Kanker lambung
    • Kanker lambung dumadi amarga microorganisme kang mbebayani, yaiku Helycobacter pylori .

Sebab[besut | besut sumber]

Sebabé bisa amarga wong sing mangané ora tumata, ana mikroorganisme mbebayani, ngombé obat - obatan tartamtu, bisa uga amarga ngombé alkohol, jam turu kang ora tumata lan stres. Maag uga bisa amarga telat mangan, banjur nalika mangan langsung akèh banget. Lelara maag yèn wis nemen bisa nyebabaké wong séda.

Pratandha[besut | besut sumber]

  • Lara nalika bebucal
  • Eneg lan muntah
  • Asring keluwèn
  • Kembung
  • Lara ing weteng lan dhadha
  • Asring glègèk

Pangobatan[besut | besut sumber]

Maag bisa diobati nanging ora bisa nganti mari tenanan, maag bisa kumat yèn wong kang duwèni lara maag ora njaga mangan, kakèhan mangan, utawa sebab liyané. Biasané wong kang duwèni lara maag yèn prelu kudu ngombé obat. Nanging maag bisa dicegah kanthi cara njaga mangan, mangan sacukupé, wisuh sadueungé mangan, lan aja njajan sembarangan.

Pangobatan kanggo lara maag umumé diombé rong jam sadurungé mangan lan rong jam sawisé mangan. Ancas ngombe obat rong jam sadurungé mangan yaiku kanggo netralaké asem lambung, amarga ing wanci kuwi mesthi wis akèh asem lambung kang numpuk lan lambung kang tatu bakal lara yèn kena asem lambung. Banjur obat kang diombé rong jam sawisé mangan duwèni ancas kanggo nanggulangi lambung saka asem kang terus diprodhuksi. Pungkasane, rong jam sawisé mangan, asem kang ana ing lambung digunakaké kanggo mrosès pakanan saéngga asem kuwi mau ora bakal nambahi tatu kang ana ing lambung. [2]

Pangobatan kang digunakaké: [2]

  1. Antacid (Netralisasi asem lambung lan ngilangi rasa perih)
  2. Pompon proton nyegah metuné baktèri (ngandheg prodhuksi asem weteng lan nyegah infeksi baktèri helicobacter pylori)
  3. Agen Cytoprotective (Nglindhungi jaringan mukosa lambung lan usus cilik)
  4. Obat anti-sekretorik (bisa nyuda sekresi asem)
  5. Pankreatin (Mbantu pencernaan lemak, karbohidrat, protein lan nambani kelainan pencernaan kayata kembung, muneg-muneg, lan asring ngentut)
  6. Ranitidin (Ngobati tukak lambung)
  7. Cimetidine (Ngobati dispepsia)

Panyebab liya kang bisa njalarani lelara maag yaiku bisa saka panganan, kaya ta:[butuh sitiran]

  1. Unjukan kang bisa nyebabaké asem lambung mundhak yaiku: kopi, anggur putih, sari buah sitrus, uga susu.
  2. Panganan sing pedhes utawa kecut, kaya ta cuka, lombok, lan mrica (panganan sing ngrangsang weteng lan bisa ngrusak dhindhing lambung).
  3. Panganan kang angèl diprosès lan bisa gawé randhat kosongé lambung . Amarga iki bisa nyebabake prodhuksi asem lambung saya akèh, tuladha panganané yaiku, gajih, kue tar, coklat, lan keju .
  4. Panganan kang bisa ngedhunaké fungsi klep krongkongan ngisor, kaya ta alkohol, coklat, panganan kang akèh gajihé, lan gorèngan
  5. Panganan lan ombénan sing ngemot akeh gas lan uga akèh serat, antawisipun:
  • Sayuran tartamtu kaya ta sawi lan kobis
  • Woh - wohan tartamtu kaya ta nangka lan gedhang ambon
  • Panganan kang akèh seraté, kaya ta dhondhong lan buah sing digaringaké
  • Ombenan sing ngandhut akèh gas (kayata ombénan kang ana sodané).

Saliyane kuwi, kagiyatan kang bisa nambah jumlah gas ing jero lambung uga kudu diadohi, kaya ta mangan permèn karèt lan rokok.

Rujukan[besut | besut sumber]

Pranala jaba[besut | besut sumber]