Staphylococcus aureus
| Staphylococcus aureus | |
|---|---|
| Klasifikasi ngèlmiah | |
| Dhomain: | Bacteria |
| Karajan: | Eubacteria |
| Filum: | Firmicutes |
| Klas: | Bacilli |
| Ordho: | Bacillales |
| Famili: | Staphylococcaceae |
| Génus: | Staphylococcus |
| Spésies: | S. aureus |
| Jeneng binomial | |
| Staphylococcus aureus Rosenbach 1884 | |
Staphylococcus aureus (S. aureus) ya iku bakteri gram positif kang ngasilaké pigmen kuning, asipat aerob fakultatif, ora ngasilaké spora lan ora motil, racaké urip kanthi pasang-pasangan lan golongan, kanthi diameter sakiwa-tengené 0,8-1,0 µm.[1][2] S. aureus urip kanthi optimum ing suhu 37oC kanthi wektu pambelahan 0,47 jam.[3] S. aureus minangka mikroflora normal manungsa[3]. Bakteri iki lumrahé ana ing saluran pernafasan dhuwur lan kulit[1][4]. Anane S. aureus ing saluran pernafasan dhuwur lan kulit ing individu jarang nyebabake lelara, individu séhat lumrahé mung duwé peran minangka karier [1]. Infeksi serius bakal kedaden nalika resistensi inang dadi loyo amarga anané owahing hormon; anané lelara, tatu, utawa perlakuan nggunakaké steroid utawa obat liya kang ngusadani imunitas saéngga ndadèkaké loyoning inang[1].
Infeksi S. aureus diasosiasekake kanthi pirang-pirang kondisi patologi, ing antarané wudun, kukul, pneumonia, meningitis, lan arthritits[1]. Akeh-akèhé lelara kang disebabake déning bakteri iki mroduksi nanah, nula bakteri iki diarani piogenik[1]. S. aureus uga ngasilaké katalase, ya iku enzim kang ngonversi H2O2 dadi H2O dan O2, lan koagulase, enzim kang nyebabake fibrin ngoagulasi lan mbentuk gumpalan[1]. Koagulase diasosiasekake kanthi patogenitas amarga panggumpalan fibrin kang disebabake déning enzim iki kaakumulasi ing kiwa-tengené bakteri saéngga agen pelindung inang kangelan ngancik bakteri lan fagositosis kagondeli[1].
Mikrobiologi
[besut | besut sumber]S. aureus kalebu bakteri osmotoleran, ya iku bakteri kang urip ing lingkungan kanthi rentang konsèntrasi zat terlarut (tuladhané uyah) kang amba, lan bisa urip ing konsèntrasi NaCl sakiwa-tengené 3 Molar.[3] Habitat alami S aureus ing manungsa ya iku ing daerah kulit, irung, cangkem, lan usus gedhé, lan wetu iku kaanan sistem imun normal, S. aureus ora asipat patogen (mikroflora normal manungsa).[3]
Quorum Sensing
[besut | besut sumber]S. aureus duwé kaprigelan Quorum sensing nggunakaké sinyal oligopeptida kanggo mroduksi toksin lan faktor virulensi.[3]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- 1 2 3 4 5 6 7 8 Madigan MT, Martinko JM, Dunlap PV, Clark DP. 2008. Biology of Microorganisms 12th edition. San Francisco: Pearson.
- ↑ [WHO] World Health Organization. 2004. Guidelines for Drinking-water Quality 3rd Edition. Geneva: World Health Organization.
- 1 2 3 4 5 Prescott LM, Harley JP, Klein DA. 2002. Microbiology. 5th Ed. Boston: McGraw-Hill.
- ↑ Honeyman AL, Friedman H, Bendinelli M. 2001. Staphylococcus aureus Infection and Disease. New York: Plenum Publishers.
Uga delengen
[besut | besut sumber]| Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Staphylococcus aureus. |
| Wikispecies duwé tetélan sing gegayutan: Staphylococcus aureus |
Cithakan:Klasifikasi bakteri BABIIIIIIIIIIITTCCHHHH