Anaphalis javanica

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Anaphalis javanica
Javanese Edelwiss at Mount Bromo.jpg
Anaphalis javanica (Javanese Edelweiss) didol déning warga Brama sawisé diwernani.
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Unranked: Angiospermae
Unranked: Eudicots
Unranked: Asterids
Ordho: Asterales
Famili: Asteraceae
Génus: Anaphalis
Spésies: A. javanica
Jeneng binomial
Anaphalis javanica

Anaphalis javanica, sing ditepungi kanthi populèr minangka Edelweiss jawa (Javanese edelweiss), iku tetanduran endemik zona alpina/montana ing manéka pagunungan dhuwur Nusantara.[1] Tanduran iki dhuwuré bisa tekan 8 m lan bisa duwé batang sing gedhéné sasikilé manungsa sanajan lumrahé ora ngluwihi 1 m. Tetanduran iki saiki dikategorikaké langka.

Edelweis arupa tanduran pelopor kanggo lemah vulkanik enom ing alas pagunungan lan bisa tahan urip ing lemah sing tandus, amarga bisa minangka mikoriza karo jamur lemah tinentu sing kanthi èfèktif miyaraké kawasan sing dijangkau déning oyot-oyoté lan ningkatak éfisiènsi sajeroning golèk dat hara. Kembangé, sing lumrahé muncul antarané wulan April lan Agustus[1], banget disenengi srangga, punjul 300 jinis srangga kaya déné tumo, tirip, kupu, laler, tabuhan, lan tawon katon nyeraki.

Manawa tanduran iki cawang-cawangé dijaraké tuwuh cukup kukoh, edelweis bisa dadi papan nyusuh manuk tiung batu licik Myophonus glaucinus. Pérangan-pérangan edelweis asring dipethik lan digawa mudhun saka gunung kanggo alasan-alasan estetis lan spiritual, utawa mung kanggo kenang-kenangan déning para pendaki. Ing wulan Fèbruari tekan Oktober 1988, ana 636 watang sing kacathet wis dijupuk saka Taman Nasional Gunung Gede Pangrango, sing arupa salah siji papan pangreksan akir tanduran iki. Sajeroning wates tinentu lan manawa mung potongan-potongan cilik sing dipethik, tekanan iki bisa ditoleransi. Ing Taman Nasional Brama Tengger Semèru, tanduran iki ditélakaké cures.[2]

Sayangé kasrakahan sarta pangarep-arep sing salah wis ngorbanaké akèh populasi, mligi populasi sing ana ing dalan-dalan setapak. Panalitèn sing wis dilakokaké nuduhaké yèn edelweis bisa ditangkaraké kanthi gampang liwat pamotongan cawang-cawangé. Mula potongan-potongan iku mungel bisa didol marang pengunjung kanggo ngurangi tekanan marang populasi alasan.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ a b Whitten, Tony and Jane (1992). Wild Indonesia: The Wildlife and Scenery of the Indonesian Archipelago. United Kingdom: New Holland. kk. page 127. ISBN 1-85368-128-8. 
  2. ^ dlc.dlib.indiana.edu

Gladri[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]