Menyang kontèn

Adrianus Djajasepoetra

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ingkang Minulya
Adrianus Djajasepoetra
S.J.
Biskop Agung Djakarta
GréjaKatulik Roma
Kauskupan agungDjakarta
Didhapuk18 Februari 1953[1]
Term ended21 Mei 1970
(&&&&&&&&&&&&&017.&&&&&017 taun, &&&&&&&&&&&&&092.&&&&&092 dina)
SadurungéPetrus Johannes Willekens, SJ
DiterusakéLeo Soekoto, SJ
Jabatan liyane
  • Biskop Agung Tituler Volsinium (1970–1976)
Ordo
Penobatan15 Agustus 1928[1]
Penahbisan23 April 1953
dening Georges de Jonghe d'Ardoye, M.E.P.
Detil pribadhi
Jeneng lairR.M. Adrianus Djajoes Djajasepoetra[2]
Lair(1894-03-12)12 Maret 1894
Nèderlan Ngayogyakarta, Indhiya Nèderlan
Pati10 Juli 1979(1979-07-10) (umur 85)
Indhonésia Semarang, Indonesia
KabangsanIndonesia
DenominasiKatulik Roma
Wong tuwaRaden Panji Josephus Saiman Himawidjaja (rama)[3]
Anna Maidah Himawidjaja (ibu)[4]
Jabatan sadurunge
  • Biskop Tituler Trisipa (1953–1970)
Sesanti"In verbo autum Tuo"
(Awit saking dhawuh Paduka)

Raden Mas Adrianus Djajasepoetra, S.J. (lair ing Ngayogyakarta, 12 Maret 1894  pati ing Semarang, 10 Juli 1979 ing umur 85 taun) yaiku Vikaris Apostolik Djakarta wiwit saka 18 Februari 1953, sing kapilih dening Paus Pius XII. Sadurungé ngasta kalenggahan dadi vikaris apostolik, panjenengané naté ngasta minangka rektor ing Kolese Santo Ignatius, Yogyakarta.[5][6]

Minangka imam enom, Adrianus ngasta ana ing Grija Santo Antonius Kotabaru lan Hati Kudus Yesus Pugeran, Ngayogyakarta. Panjenengané uga naté dikunjara lawase rong taun karo wadya bala Jepang ing Cipinang, Jakarta lan Sukamiskin, Bandung. Sawusé metu saka pakunjaran, Adrianus banjur ngasta dadi rektor ing Kolsani lan Seminari Agung, wakil pangarsané Serikat Jesus lan provikaris ing laladan Indonesia.[7]

Sawusé kakersakaké minangka dadi Vikaris Apostolik Djakarta ajejuluk Biskop Tituler Trisipa tanggal 18 Februari 1953, Adrianus ditahbisaké dadi biskop tanggal 23 April 1953 déning nunsius apostolik kanggo Indonesia uga Biskop Agung Tituler Misthia, Mgr. Georges de Jonghe d'Ardoye, M.E.P., karo Biskop Ko-konsekrator Mgr. Albertus Soegijapranata, S.J. yaiku Vikaris Apostolik Semarang lan Mgr. Pierre Marin Arntz, O.S.C. saka Vikaris Apostolik Bandung.[8]

Amarga Vikariat Apostolik Djakarta kaunggahaké dadi Kabiskopan Agung Djakarta ing mangsa jumenengé Paus Yohanes XXIII, mula kalenggahané Mgr. Djajasepoetra malih saka Vikaris Apostolik Djakarta dadi Biskop Agung Djakarta wiwit 3 Januari 1961. Adrianus uga ngrawuhi Konsili Vatikan II (19621965) minangka Bapa Konsili.

Nalika wus ngancik yuswa kaping 76 taun, Adrianus nyuwun marang Paus supaya dikeparengaké pensiyun minangka Biskop Agung. Panyuwunane ditampa ana ing tanggal 21 Mei 1970.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 "Catholic Hierarchy". Dibukak ing 23 Juli 2013.
  2. "Historische Doop". De Volkskrant. Dibukak ing 18 Juli 2026.
  3. "Twee Javaansche priesters". De Indische Courant. Dibukak ing 17 Juni 2026.
  4. "Uskup (Pater) Adrianus Djajasepoetra, S.J." Domus Historiae Jesuit Indonesia. Dibukak ing 18 Juli 2026.
  5. "Estafet Formatio Seminari Tinggi St. Paulus Yogyakarta". Dibukak ing 2013-09-07.
  6. "Catholic Hierarchy". Dibukak ing 2013-09-07.
  7. "Estafet Formatio Seminari Tinggi St. Paulus Yogyakarta". Dibukak ing 2013-09-07.
  8. "Catholic Hierarchy". Dibukak ing 2013-09-07.

Pranala luar

[besut | besut sumber]