Mesir Kuna
Mesir Kuna iku sawijining peradaban kuna ing bagéan lor-wétan Afrika. Peradaban iki kapusat saka pertengahan tekan hilir Kali Nil sing kajayané kurang luwih abad kaping 2 SM, ing mangsa sing disebut minangka periode Kerajaan Anyar. Dhaérahé nyakup wilayah Delta Nil ing lor, tekan Jebel Barkal ing Katarak Kapapat Nil. Ing sapérangan zaman tinentu, peradaban Mesir saya wiyar tekan bagéan kidul Levant, Gurun Wétan, pesisir Laut Merah, Semenajung Sinai, sarta Gurun Kulon (kapusat ing sapérangan oasis).
Peradaban Mesir Kuno tuwuh kurang luwih telu setengah abad. Diwiwiti kanthi unifikasi awal klompok-klompok sing ana ing Lembah Nil sekitar 3150 SM, peradaban iki sacara tradhisional dianggep berakhir sekitar 31 SM, nalika Kekaisaran Romawi awal naklukaké lan nyerep wilayah Mesir Ptolemi minangka bagéan provinsi Romawi. Éwadéné perkara iki dudu pendudukan asing sepisanan dhateng Mesir, periode kakuwaosan Romawi nimbulaké sawijining perubahan pulitik lan agama sacara bertahap ing Lembah Nil, sing sacara efektif nandhani berakhiré tuwuhing peradaban independen Mesir.
Peradaban Mesir Kuno didhasari déning kontrol kaseimbangan sing becik antarané sumber daya alam lan manungsa, ditandhani utamané déning:
- irigasi teratur ing Lembah Nil;
- eksploitasi mineral saka lembah lan wilayah gurun ing sekitaré;
- tuwuhing awal sistem tulisan lan literatur independen;
- organisasi proyèk koléktif;
- perdagangan kaliyan wilayah Afrika wétan lan tengah sarta Mediterania wétan; sarta
- aktivitas militer sing nedahaké karakteristik kuwat hegemoni kerajaan lan dominasi wilayah dhateng kabudayan tangga ing sapérangan periode sing béda.
Panglolan kagiyatan-kagiyatan iki dilakokaké déning èlit sosial, pulitik, lan ékonomi sing antuk konsénsus sosial liwat sistem sing rumit didhasari kapercayan agama sangisoré sosok panguwasa setengah déwa (semi-divine), sing biasané lanang, liwat sawijining suksési dinasti panguwasa sing dikenal déning donya wiyar minangka kapercayan politeisme.
[sunting] Pirsanana uga
[sunting] Pranala njaba
- (en) British Museum: Ancient Egypt
- (en) About Archaeology: Ancient Egypt and Egyptians
- (en) BBC History: Egyptians
- (en) Ancient Egyptian History
- (en) Ancientneareast.net: Ancient Egypt
- (en) Archaeowiki.org
- (en) Egyptology Resources
- (en) The Theban Mapping Project
- (en) Dokumen historis Mesir Kuno oleh James Henry Breasted (1906):
- (en) Ancient Egypt Web Community