Kali Nil
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
| Kali Nil | |
|---|---|
| Kali Nil ing Mesir | |
| Origin | Afrika |
| Mouth | Segara Mediterranean |
| Basin countries | Sudan, Burundi, Rwanda, DR Kongo, Tanzania, Kenya, Uganda, Etiopia, Mesir |
| Length | 6,650 km (4,132 mi) |
| Source elevation | 1,134 m (3,721 ft) |
| Avg. discharge | 2,830 m³/s (99,956 ft³/s) |
| Basin area | 3,400,000 km² (1,312,740 mi²) |
Kali Nil (Basa Arab: النيل, transliteration: an-nīl, Mesir kuna iteru, Coptic piaro utawi phiaro) punika satunggiling kali ageng ing Afrika ingkang mili ngalèr, minangka kali ingkang paling panjang ing donya.[1] Kali Nil gadhah kalih cabang utawi tributaries ingkang nggabung dados satunggal, inggih punika Kali Nil Pethak kaliyan Kali Nil Biru. Ingkang pungkasan minangka sumber utami toya Kali Nil lan sumber kasuburan siti wonten ing tlatah aliranipun, déné Nil Pethak minangka Kali ingkang paling panjang. Kali Nil Pethak miwiti saking tlatah Telaga Ageng ing Afrika Tengah, kanthi sumber ingkang paling tebih saking Rwanda kidul. , lan mili mengalèr ngangkungi Tanzania, Lake Victoria, Uganda lan Sudan kidul, déné Kali Nil Biru miwiti saking Telaga Tana ing Ethiopia , mili dhumateng Sudan saking kidul wétan. Kekalihipun kepanggih wonten ing panggénan caket ibukitha SudanKhartoum.
Bagéan lèr aliran Kali ingkang mèh sedaya mili wonten ing gurun pasir, saking Sudan dumugi Mesir, satunggiling negari ingkang sejarah kabudhayanipun civilization gumantung dhumateng Kali Nil wiwit jaman purbakala. Kathah pedunung lan kitha-kitha Mesir séjénipun ingkang wonten ing tlatah pesisir, dumunung wonten ing lembah Nil lèripun Aswan; lan mèh sedaya situs kabudhayan lan sajarah Mesir Kuno dipun temokaken ing tebing Kali punika. Pungkasan aliran Kali Nil awujud delta ingkang ageng tumuju dhumateng Seganten Mediterranean.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Etimologi
Tembung "Nil"(Arabic: 'nīl) punika asalipun saking basa Yunani Neilos (Νειλος), ingkang maknanipun lembah kali. Ing basa Mesir Kuno, Kali Nil dipun wastani iteru, ingkang maknanipun "Kali Ageng ", kados ingkang dipun pratélaaken wonten ing gambar hieroglyphs ing tengen punika.[2] Ing basa Coptic, tembung piaro (Sahidic) utawi phiaro (Bohairic) punika maknanipun "kali" (lit. p(h).iar-o "the.canal-great") sami-sami asal saking nami jaman kino.
[sunting] Galeri
|
Africa4 009.jpg
A river boat crossing the Nile in Uganda |
[sunting] Media
-
- Kangèlan ndeleng vidéo iki? Pirsani media help.
[sunting] Ugi Pirsani
- Dèlta Kali Nil
- Nile
- (en):Delta Nil
- (en): River Cruise
- (en): Aswan Dam
- (en): Hydro Politics in the Nile Basin
[sunting] Referensi
- ↑ River Encarta (Accessed 3 October 2006)
- ↑ What did the ancient Egyptians call the Nile river? Open Egyptology. (Accessed 17 October 2006 - Login required or enter as Guest)
[sunting] Pranala Jawi
- Photographs of the Nile in Uganda
- Bibliography on Water Resources and International Law See Nile River. Peace Palace Libray
- Information and a map of the Nile's watershed
- Geology and History of the Nile
- Map of the Nile River basin at Water Resources eAtlas
- Facts About The Nile River
- Nile Delta from Space
- Essay: The Inscrutable Nile at the Beginning of the New Millennium
- Nile paleogeography
- Link to Google Maps to see the Nile
- Article on the Eonile Canyon: Vast "Grand Canyon" Lurks 8,200 Feet BENEATH Cairo, Egypt (accessed October 21, 2006)
- PowerPoint slideshow with lots of hydrology information
- Amazon river 'longer than Nile' BBC
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.Cithakan:Mesir kuna
