Sfinks Agung Giza
Sfinks Agung Giza (Basa Arab: أبو الهول Abū al Hūl, Basa Inggris: The Terrifying One) yaiku réca sfinks gédhe sing bentuke separo manungsa lan separo singa sing ana ing Mesir, ing Dataran Giza, pinggir kulon Kali Nil, cerak Kairo saiki.Sfinks Agung Giza kuwi patung paling gedhe ing dunya sing digawé saka watu siji kang wutuh lan dipercaya dibangun Mesir Kuno ing milenium ketiga SM[1]. Jeneng sing digunakaké masyarakat Mesir Kuno kanggo nyebut patung iki ora ana sing mangerteni[1]. Jeneng "sfinks" sing biyasa digunakaké dijupuk saka jeneng makhluk mitologi Yunani karo awak singa, sirah wanita, lan sewiwi elang, senajan patung sfinks Mesir nduweni sirah lanang[2]. Tembung "sfinks" asale saka basa Yunani (basa Yunani: Σφιγξ, sing artine nyekik, amarga sfinks saka mitologi Yunani nyekik wong sing ora bisa njawab teka-teki[2].
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b www.yahoindo.com
- ^ a b kasakusuk.com