Wédang kopi
Wédang kopi iku sajinins ombèn-ombèn sing bahan mligi wujud wiji kopi. Jinis wédang iki warna-warna, antarané:[1][2] Nggodhog wédang kopi wis dadi kabiasaan padinan ing kutha lan padésan, nanging supaya rasané énak prosès gawé wédang kopi iki pranyata ora gampang. Supaya dadi wédang kopi kanthi rasa sing énak, cara nggodhog bubuk kopi kudu dilakoni kanthi sampurna [3] Ana manéka warna cara nggodhog wédang kopi, antarané kanthi nggatèkaké komposisi bubuk kopi lan banyu, ukuran partikel, suhu banyu sing dianggo, métodhe, lan suwéné nggadhog.[3] Kesalahan sithik waé sajeroning prosès nggodhog wédang kopi bisa njalari kurang mirasa. Contoné cara nggodhog sing kesuwèn lumrahé bakal ndadèkaké rasa wédang kopi dadi pait banget.[3]
Jinis wédang kopi
[besut | besut sumber]- Kopi ireng, minangka asil ektraksi langsung saka perebusan wiji kopi sing disajèkaké tanpa penambahan perisa apa-apa.[1]
- Espresso, minangka kopi sing digawé kanthi èkstraksi wiji kopi migunakaké uwab panas ing tekanan dhuwur.[2]
- Latte (coffee latte), minangka sajinis kopi espresso sing ditambahi susu kanthi rasio antara susu lan kopi 3:1.[2]
- Café au lait, sarupa karo caffe latte nanging migunakaké campuran kopi ireng.[1]
- Caffè macchiato, minangka kopi espresso sing ditambahaké susu kanthi rasio antara kopi lan susu 4:1.[2]
- Cappuccino, minangka kopi dengan penambahan susu, krim, lan serpihan cokelat.[2]
- Dry cappuccino, minangka cappuccino kanthi krim lan tanpa susu.[1]
- Frappé, minangka espresso sing disajèkaké adhem.[1]
- Kopi instan, asal saka wiji kopi sing digaringaké lan digranulasi.[2]
- Kopi Irlandia (irish coffee), minangka kopi sing dicampur karo wiski.[1]
- Kopi tubruk, kopi asli Indonésia sing digawé kanthi cara masak wiji kopi bebarengan karo gula.[1]
- Melya, sajinis kopi kanthi panambahan bubuk cokelat lan madu.[1]
- Kopi moka, mèmper karo cappuccino lan latte, nanging kanthi panambahan sirup cokelat.[2]
- Oleng, kopi kas Thailand sing dimasak karo jagung, kacang kedhelé, lan wijèn.[1]
Peran tumrap awak
[besut | besut sumber]Kandhutan kaféin sajeroning kopi duwé èfèk sing bésa-béda tumrap saben wong, sawatara wong ngalami èfèké kanthi langsung, déné wong liya ora ngrasa babar pisan. Bab iki kagandhèng marang sipat génétika sing diduwèni saben individu lan kamampuan metabolisme awak sajeroning nyerna kaféin.[4] Metabolisme kaféin kadadéan kanthi pitulung ènzim sitokrom P450 1A2 (CYP1A2). Ana rong jinis ènzim, ya iku CYP1A2-1 lan CYP1A2-1.[5] Wong sing duwé ènzim CYP1A2-1 mampu mematabolisme kaféin kanthi rikat lan efisien saéngga èfèk saka kaféin bisa dirasakaké kanthi nyata.[butuh sitiran] Enzim CYP1A2-2 duwé laju metabolisme kaféin sing alon saéngga akèh-akèhé wong kanthi jinis iki oea ngrasakaké èfèk kaséhatan saka kaféin lan malah rada nimbulaké èfèk sing négatif.[5][6][7]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e f g h i Types Of Coffee – Coffee Varieties I & II. 2010. Diakses padha 14 Mèi 2010.
- ↑ a b c d e f g Brown A. 2008. Understanding Food: Principles and Preparation. Thomson Learning: AS. Kaca: 518-521.
- ↑ a b c Masalah sitiran: Tenger
<ref>
ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jenengkop1
- ↑ Masalah sitiran: Tenger
<ref>
ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jenengenzim1
- ↑ a b Bach C. 2008. Caffeine Metabolism DNA Testing: CaffeineGEN™.[pranala mati permanèn] Diaksès padha 15 Mèi 2010.
- ↑ Cornelis MC, El-Sohemy A, Kabagambe EK, and Campos H. 2006. Coffee, CYP1A2 genotype, and risk of myocardial infarction. JAMA 295:1135-41.
- ↑ Sata F, Yamada H, Suzuki K, Saijo Y, Kato EH, Morikawa M, Minakami H, Kishi R. 2005. Caffeine intake, CYP1A2 polymorphism and the risk of recurrent pregnancy loss. Mol Human Repro 11(5):357-60.