Wayang Topèng Padhalangan
Wayang Topèng Padhalangan inggih punika drama beksan topèng ingkang dipun wiwiti kaliyan dipun lakonaken déning para dhalang saking Ngayogyakarta.[1] Beksan punika tumurun saking beksan topèng Panji ingkang sampun wonten wiwit warsa 1850-an ingkang ing tembé bakal ingaran Ringgit Topèng Padhalangan.[2][3]
Tuwuh-rembakanipun
[besut | besut sumber]Beksan punika dipun wiwiti sasampunipun para dhalang saking Ngayogyakarta mriksani ringgit topèng ing Klathèn. Sawenèh dhalang saking Ngayogyakarta taksih sadhèrèkan kaliyan dhalang-dhalang ing Klathèn, mila dhalang-dhalang punika ajeg gentènan anggènipun mriksani sarta nyinaoni pagelaranipun nalika kulawarga dhalang gadhah damel kados déné sunatan, slametan, kaliyan mantènan. Mila saking punika, dhalang-dhalang Ngayogyakarta gadhah idé ngripta Ringgit Topèng Padhalangan nganggé gagrag Ngayogyakarta. Ngantos warsa 1970-an, ringgit topèng ingkang dumados saking pinten-pinten dhalang punika asring kagelar nalika wonten dhalang gadhah damel ing tlatah Gunungkidul, Bantul, Sléman, Kulon Praga, kaliyan Kitha Ngayogyakarta. Bab punika ugi ingkang njalari tangganipun dhalang nggandrungi kagunan punika sabab masarakat ing padésan nganggep dhalang minangka tokoh masarakat.[2][3]
Ringgit Topèng Padhalangan boten manut pranatan ringgit tiyang saking Kraton Ngayogyakarta. Bab punika ingkang marakaken kagunan punika ngrembaka kaliyan gadhah ciri khasipun piyambak jumbuh kaliyan papénginanipun para dhalang. Sinaosa boten manut pranataning kraton, Ringgit Topèng Padhalangan pikantuk kawigatosaning para priyantun, salah satunggalipun Ki Hadjar Dewantara ingkang nanggap Ringgit Topèng Padhalangan pimpinanipun Ki Gandasana mawi lakon Kudha Narawangsa nalika 1923. Kala punika kathah dhalang ingkang saged mbeksa kaliyan mulang kaprigelanipun dhumateng larénipun supados saged nglajengaken dados pambeksa ing Ringgit Topèng Padhalangan kaliyan dhalang ing Ringgit Kulit Purwa.[2][3]
Nanging, sapunika Ringgit Topèng Padhalangan arang kagelar jalaran éwah gingsiring jaman. Sapréné masarakat sampun kagungan TV kaliyan smartphone kanggé panglipuripun. Topèng-topèng ingkang sapunika arang kaanggé dados kolèksi pribadi para dhalang.[3]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Hasanudin, Ujang (27 Juli 2021). "TBY Terbitkan Buku Wayang Topeng". Harianjogja.com. Dibukak ing 16 Fèbruari 2023.
- ↑ a b c Sumaryono (2021). Wayang topeng pedhalangan Yogyakarta : jejak lain perkembangan seni pertunjukan topeng di Jawa. Yogyakarta: UPTD Taman Budaya. kc. 86–88. ISBN 978-602-50302-8-4.
- ↑ a b c d Supriyanto (2015). "Seni Pertunjukan Wayang Topeng Gaya Yogyakarta". Greget. 14 (2): 140–141. doi:10.33153/grt.v14i2.1711. ISSN 2716-067X.