Menyang kontèn

Teuku Ryan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Teuku Ryan
LairTeuku Ryan Rezky Hamzah
PakaryanAktor dan Penyanyi
Taun aktif1994-sekarang
BojoVira Yuniar
AnakCut Sjalinni Ryan
Teuku Prayaa Alcany Ryan

Teuku Ryan Rezky Hamzah utawa Teuku Ryan (lair ing Jakarta, 23 Oktober 1975; umur 50 taun)[1] ya iku salah sijiné juru main filem kang asalé saka Indonésia.[2] Teuku Ryan seneng kagiyatan kang ana tantangane kaya ta petualangan.[3] Saliyané iku Teuku Ryan uga seneng plesiran.[3] Teuku Ryan nduwéni profesi dadi aktor sinétron ing Indonésia.[3] Teuku Ryan ngugemi agama Islam.[3] Jeneng Teuku Ryan wiwit dikenal nalika dhèwèké dadi bintang ing sinétron Shangrilla lan Bella Vista 3.[3]

Teuku Ryan miwiti kariré dadi modhél.[4] Sawisé iku Teuku Ryan banjur njajal nyanyi bareng karo Ari Sihasale, Johandy Yahya, lan Surya Saputra ing kelompok Cool Colors.[4]Grup musik iki banjur nggawé album kang judhulé Tataplah (1995).[4] Nalika taun 1999, Teuku Ryan metu saka grup musik iki, awit dhèwèké sibuk syuting.[4] Teuku Ryan banjur digenténi Ari Wibowo.[4]

Ryan uga bisa akting.[5] Ryan wiwit dikenal lumantar sinétron Shangrilla dan Bella Vista 3.[5] Kang nggawé jenengé misuwur ya iku aktinge dadi bocah lanang oon nanging diajéni ing filem Si Yoyo 1 nganti 3.[5] Teuku Ryan uga main filem layar lebar kang judhulé Sesal nalika taun (1995).[5]

Kauripan pribadi

[besut | besut sumber]

Teuku Ryan nikah karo juru main sinétron kang jenengé Vira Yuniar.[6] Ryan nikah tanggal 6 Maret 2004 sawisé pacaran wiwitan taun 2000.[6] Saka pernikahan iki Ryan laan Vira nduwéni anak kang cacahé loro kang jenengé Cut Sjalinni Ryan lan Teuku Prayaa Alcany Ryan.[6]

Nalika wiwitan sasi Juli taun 2009, Ryan megat Vira.[3] Pasangan iki wis pisah ranjang nalika tanggal sasi April taun 2009.[3] Sidhang kang sepisanan kuduné dianakaké nalika tanggal 6 Juli 2009.[3] Nanging amarga bapaké Ryan séda, sidang iku banjur diundur.[3]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. http://www.kapanlagi.com/indonesia/t/teuku_ryan/ diakses 9 Fébruari 2025
  2. Teuku Ryan, Motokros Perlu Fisik Kuat Archived 2007-12-10 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 10 Juli 2011)
  3. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 Profil ing KapanLagi.com Archived 2009-04-11 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 10 Juli 2011)
  4. 1 2 3 4 5 ARI WIBOWO, Mencelat dari Cool Colors - Mendekati Shirley?(dipunundhuh tanggal 10 Juli 2011)
  5. 1 2 3 4 TEUKU RYAN, Rindu Main Film Layar Lebar(dipunundhuh tanggal 10 Juli 2011)
  6. 1 2 3 Vira Yuniar Lahirkan Anak ke Dua(dipunundhuh tanggal 10 Juli 2011)