Suona

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Suona

Suona inggih punika satunggaling piranti musik ingkang kalebet jinis piranti musik sebul ingkang asalipun saking nagari Cinten lan wujud trompet [1]. Suona gadhah peranan ingkang wigati wonten ing musik tradhisional Cina. Suona ugi asring dipuntedahaken wonten ing permainan musik kanthi cara solo. Suona punika saged dipundamel saking bahan kayu mawi kathah model lan wujud kanthi sajarah ingkang dawa. Suona punika awujud kerucut lan wonten bolongan kanthi cacah 7 bolongan wonten ing pérangan ngajeng lan 1 bolongan wonten ing pérangan wingking. Suona punika dipundamel kanthi bahan dhasar saking kayu ingkang katutup kaliyan satunggal pipa saking tembaga lan kuningan ingkang ginanipun minangka corong. Piranti musik suona punika saged ngasilaken swara ingkang variasi, saking swara ingkang seru sanget lan jero saéngga cocog sanget kanggé nggambaraken émosi nalika bungah lan ugi nalika sisah. Suona punika dipununekaken nalika wonten adicara mantenan, ing prosesi pemakaman lan militèr. Nanging piranti musik sebul punika ugi dados lembut lan sentimental gumantung ing cara nyebul suona. Suona punika asring dipun-ginakaken minangka instrumèn pendamping wonten ing opera-opera tlatah Cinten.

Pérangan-pérangan suona[besut | besut sumber]

Suona punika gadhah tigang pérangan inggih punika pipa, sempritan (peluit) lan trompet ingkang saged dipunpisah-pisah anggènipun ngunekaken suona. Saéngga kathah variasi swara suona gumantung kados pundi ingkang nyebul suona damel kreasi. Swara siulan, kabagyan lan swara ingkang melengking punika saged damel niru swara nyanyianipun manuk. Suona solo ingkang paling kondhang inggih punika "Bai Niao Chao Feng" (Pakurmatan dhumateng manuk hong) ingkang nyariosaken atusan manuk nembé nembang lan paring pakurmatan dhumateng manuk hong. Wonten ing sistem pentatonik Cina, swara saking suona punika kanthi jaraka 2 oktaf saéngga boten sami kaliyan konsèp nada kulon (Barat). Awit saking punika, nalika wonten pagelaran kaliyan orkestra Barat, tiyang para juru main suona badhé mbeta sesarengan langkung saking satunggal piranti instrumen kanthi ancas supados saged damel imbang kaliyan skala wonten ing nada-nada ing musik Barat. Nalika wonten ing abad kaping 20, jarak antawisipun swara piranti musik suona punika dipundamel langkung wiyar lan suona kanthi nada ingkang langkung inggil sarta suona mawi nada ingkang langkung andhap sampun kacipta. Suona bass punika saged langkung saking 1 yard,. Lajeng ingkang paling alit punika dawanipun namung sapérangan inci [2].

Sajarah Suona[besut | besut sumber]

Piranti musik sebul suona punika asalipun saking Asia Tengah utawi nagara India. Suona punika saged dugi ing nagara Cina nalika abad kaping 13. Dolanan suona punika kagambar wonten ing antawisipun lukisan para déwa ingkang wonten ing situs kuna Baicheng, Xinjiang. Salajengipun bibar abad kaping 16, piranti musik suona dados musik instrumèn Dinasti Ming lan awit saking punika suona dados salah satunggaling piranti musik sebul ingkang kondhang saking suku Han. Wonten langkung saking 20 ètnis Tionghoa minoritas ingkang ngginakaken suona punika. Nanging ugi wonten ingkang kapanggihaken wonten ing langkung saking 30 nagara-nagara ing Asia, Afrika lan Éropah. Amargi suona saged dipunsebul kanthi ngginakaken saben teknik ingkang jumbuh kaliyan piranti musik sebut lan saged ngasilaken swara ingkang béda lajeng suona sampun dipunadhaptasi déning musisi jazz lan ugi musisi rock.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Musik Cinten, (dipunakses tanggal 24 Maret 2013)
  2. Alat Musik Tiongkok Memberi Citra Khas pada Orkestra Divine Performing Arts , (dipunakses tanggal 24 Maret 2013)

Ugi pirsani[besut | besut sumber]