Sitok Srengenge

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Sitok Srengenge
Sitok Srengenge.jpg
Biodata
Lair (1965-08-22) Agustus 22, 1965 (umur 54)
AsalIndonésia Godhong, Grobogan, Jawa Tengah, Indonésia
PakaryanPengajar, Aktor, Penulis, Sutradara, Pelukis

Sitok Srengenge (jeneng lair: Sitok Sudarto) ya iku budayawan Indonésia kang nekuni seni teater lan wis ngasilaké akèh karya tulis. Dhèwèké uga dikenal mingka sawijining penyair sarta panulis novèl lan esai.[1] Karya-karyané ora mung dikenal ing Indonésia nanging uga nagara manca, kaya ta Amérikah Sarékat, Walanda, lan Australia. Miturut Janet de Neefe[2], sanajan puisi-puisine akèh kang ngrembug babagan kaanan manungsa, ananing fokus mligi ya iku babagan katresnan.

Biografi[besut | besut sumber]

Lair[besut | besut sumber]

Sitok Srengenge lair ing Désa Dorolegi, Godong, Grobogan, Jawa Tengah tanggal 22 Agustus 1965.[1]

Pendhidhikan[besut | besut sumber]

Sitok wiwit nekuni seni peran ing teater SMP Demak lan SMA Negeri 1 Semarang. Sawisé lulus SMA taun 1985, dhèwèké pratélan ing Jurusan Teknik Nuklir, Universitas Gajah Mada (UGM), nanging ora katampa. Pungkasane dhèwèké bali kampung lan ngamali kabingungan amarga dhèwèké kudu nulung kulawarga kanthi dadi pegawé wigati utapa nekuni kesenian. Pungkasane Sitok luwih milih ing jalur kesenian lan lunga menyang Jakarta. Ing Jakarta, dhèwèké tumuju Taman Ismail Marzuki (TIM) kanggo golèk informasi ngenani Institut Kesenian Jakarta (IKJ) kang pranyata larang kanggone. Pungkasane dhèwèké kudu magang ing grup teater pimpinan Arifin C. Noer, Putu Wijaya, Teguh Karya, lan W.S. Rendra).[1]

Sawisé setaun tumut W.S. Rendra (alm), Sitok ngendelake awake njaluk beasiswa jalaran wektu iku Bengkel Teater Rendra mènèhi beasiswa marang sapérangan wong kang kepéngin sekolah. Dhèwèké éntuk beasiswa nganti rampung kuliah ing IKIP Negeri Jakarta Jurusan Sastra dan Basa Indonésia. Sorene, Sitok mèlu kursus filsafat ing STF (Sekolah Tinggi Filsafat) Driyarkara, Jakarta.[1]

Sitok Srengenge uga kadaptar minangka alumni International Writing Program University of Iowa (Amérikah Sarékat) dan International Writing Program Hong Kong Baptist University.[1]

Perkara[besut | besut sumber]

Ing wulan November 2013, Sitok dilapurake marang pulisi jalaran tuduhan eksploitasi sèksual utawa pemerkosaan marang sawijining mahasiswa Fakultas Ilmu Pengetahuan Budaya Universitas Indonésia nganti nyebabake ngandut.[3][4] Nanging kulawarga Sitok dhéwé nyangkal tuduhan mau, amargi kekarone nindakakene kanthi dhasar padha senenge [5]

Kegiyatan[besut | besut sumber]

Sitok Srengenge wis naté tumut manéka festival sastra internasional.[1] Dhèwèké éntuk panjurung saka Departemen Dalam Negeri Amérikah Sarékat ing acara IWP.[6] Wiwit taun 1997, Sitok wis tumut ing manéka acara ing Éropah, ing antarané Rotterdam International Poetry Reading lan Winternachten Festival ing Walanda, the Poetry Society ing Inggris, lan Melbourne's Next Wave Festival ing Australia.[7]

Pengajar, editor, lan panerbit[besut | besut sumber]

Saliyané aktif main teater, Sitok uga ngajar ing Institut Kesenian Jakarta (IKJ).[1] Dhèwèké dadi guru literatur ing Eksotika Karmawiggangga lan editor Jurnal Kultur Kalam.[6] Sitok uga minangka pangadeg lan pengelola Penerbitan Katakita.[8]

Organisasi[besut | besut sumber]

Sapérangan komunitas kang dipunyasa utawa utawa dieloni Sitok Srengenge:[1]

  1. Gorong-gorong Budaya
  2. Teater Matahari
  3. Komunitas Utan Kayu minangka Koordinator Program[6]
  4. Salihara minangka kurator babagan teater[8]

Karya tulis, teater, lan lagu[besut | besut sumber]

Triyanto Triwikromo ing acara perilisan buku Tripitakata, kandha yèn sanajan ora sajlimet puisi peteng, puisi Sitok "Tetep kudu diakoni, nalika wis dadis bait-bait, mbutuhake daya lelana luhur kanggo bisa mbukak." Mitirut dhèwèké, akèh kaselip enigma utawa teka-teki ing sajeroning puisi Sitok. Hakikate, Sitok kepéngin merjuangake gagasan perlawanan mesin kekuasaan via puisi. Sanajan manawa katindakaken via puisi, nanging tetep duwé resiko amarga pamaca diajak mlenu ing labirin kang kebak enigma, "Kang kadang kala gawé mutah-mutah," kandhane Triyanto.[9] Miturut Ahmad Yulden Erwin, kanthi tematis, puisi Sitok gumaler kanthi tema spiritualitas, keadilan, nganti katresnan. Sitok biniji ngekpresiake apa kang dideleng, lan nindakaken prosès perenungan. " dinilai mengekpresikan apa yang dia lihat, sisan melakukan prosès perenungan. "Dan perenungannya itu, untuk anak SMA sangat dalam," ujarnya. Meski tidak sedahyat puisi Wiji Tukul dalam konteks pulitik. Nanging ada kedahsyatan lain, ihwal empati kepada orang kecil yang diinternalisasi, tetap memancing empati pembaca. Dan arah konsepsi puisi Sitok mudha kecenderungannya ya iku romantisme.[9]

Dina Leo, sawining sastrawan, nyoroti karya Sitok Srengenge akèh nggunakaken tembung-tembung asing kang ora dingerteni. Tembung mau tuwuh ing puisi Sitok kang kenthel kanthi tema katresnan lan sosial. Dhèwèké nggunggung karya Sitok kang runtut lan nggunakaken pilihan tembung kang prasaja.[10]

Puisi Sitok kenthel kanthi romantisme, pmbrontakan. Aku nyaman macane jalaran kaya déné plesiran.“

Antologi puisi[besut | besut sumber]

Pratélan buku antologi puisi Sitok Srengenge kang wis diterbitake:[1]

  1. Persetubuhan Liar
  2. Anak Jadah
  3. Nonsens
  4. Ambrosia
  5. Klanjer Bekisar Jantan dan Stanza Hijau Muda[11]
  6. On Nothing (kompilasi dari empat buku puisi Ambrosia, Nonsens, Bastard, dan Wild Coupling)[2][12]
  7. trilogi Tripitakata[13]
  8. Gembala Waktu dan Madah Pereda Rindu[14]

Novèl[besut | besut sumber]

Pratélan novèl kang wis diterbitake:[1]

  1. Menggarami Burung Terbang
  2. Trilogi Kutil (terbit bersambung ing harian Suara Merdeka)
  3. Kumpulan esai Cinta di Negeri Seribu Tiran Kecil.

Teater[besut | besut sumber]

  1. Peran ing konser Mahacinta Rahwana besutan Sujiwo Tejo ing Jakarta lan Surabaya (2013).

Komposisi musik lan lagu[besut | besut sumber]

Puisi-puisi Sitok Srengenge kang diowahi dadi komposisi musik lan lagu manéka jinis, ing antarané ya iku:[1]

  1. Sun (album komposisi musik kontemporer Piet Han, Walanda)
  2. Singing Srengege (album jazz Jan Cornall, Australia)[15]
  3. Gedicht Gezogen (album jazz Denise Jannah, Walanda-Suriname)
  4. Keroncong Tenggara dan Komposisi Delapan Cinta (artsong Dian HP dan Ubiet)
  5. Semesta Cinta (artsong Dian HP).

Penghargaan[besut | besut sumber]

  1. Salah sawijining 20 leaders for the Millenium in society and culture ing Asia (taun 2000) déning majalah Asiaweek.[2][6][7]
  2. Salah sawijining penyair misuwur Indonésia ing Ubud Writers and Readers Festival taun 2005.[2]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k Seniman Teater, Sitok Srengenge. Laman Taman Ismail Marzuki. Akses: 19 November 2013.
  2. a b c d Janet de Neefe. 2006. Sitok Srengenge.
  3. Atriana R. Kasus Dugaan Perkosaan Sitok, Istri Serahkan ke Pengacara. DetikNews. Edisi Senin, 2 Des. 2013. Diakses 2 Dhésèmber 2013.
  4. Alfadila Ema Yunita. 1 Dhésèmber 2013. Kronologi Perkosaan Sitok Srengenge Versi BEM FIB UI.
  5. Gagah Wijoseno. 30 November 2013. "detikNews", Surat Terbuka Keluarga Sitok Srengenge dalam Kasus Dugaan Pemerkosaan.
  6. a b c d The University of Iowa. 2001. Sitok Srengenge.
  7. a b salihara. Akses=19 November 2013. Sitok Srengenge.
  8. a b Benny Benke. 9 Juli 2013. "Suara Merdeka", Rilis Buku Sitok Srengenge: Tripitakata.
  9. Shinta Maharani. 1 Mèi 2013. "Tempo Seleb!", Penyair Sitok Srengenge dan Hari Leo Saling Kritik.
  10. National Library of Australia. Akses= 19 November 2013. Kelenjar bekisar jantan dan stanza hijau muda / Sitok Srengenge.
  11. goodreads. Akses=19 November 2013. On Nothing
  12. salihara. 4 Juli 2013. Akses=19 November 2013. Tripitakata by Sitok Srengenge.
  13. National Library of Australia. Akses=19 November 2013. Gembala waktu dan madah pereda rindu / Sitok Srengenge.
  14. ABC Radio. 15 Oktober 2008. Australian jazz and Indonésian poetry -- Sitok Srengenge and Jan Cornall.

Pranala njaba[besut | besut sumber]