Sidaguri

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Sidaguri
Sida rhombifolia in Kadavoor.jpg
Klasifikasi ngèlmiah e
Karajan: Plantae
Klad: Angiosperms
Klad: Eudicots
Klad: Rosids
Ordho: Malvales
Famili: Malvaceae
Subfamili: Malvoideae
Génus: Sida
Spésies: S. rhombifolia
Jeneng binomial
Sida rhombifolia
L.
Tuwuhan Sidaguri

Sidaguri kalebu kulawarga Malvaceae, kanthi jeneng Latin Sida rhombifolia (L.). Tuwuhan Sidaguri duwé jeneng laladan ya iku sidaguri (Melayu), saliguri (Minangkabau), sadagori (Sunda), taghuri (Madura), kahindu (Sumba), lan digo (Ternate).[1] Sidaguri thukul alasan ing pinggir dalan, alas, kebon, lan panggonan-panggonan kanthi sinar srengéngé kang cerah utawa katutup sithik. Tuwuhan iki bisa thukul ing panggonan-panggonan kang duwé iklim tropis, ing dataran dhuwur utawa ing dataran cendhek. Tuwuhan Sidaguri bisa thukul nganti tekan 2 mèter. Oyod lan kulit sidaguri kuwat, dienggo gawé tali tali. Tuwuhan iki ditandur kanthi cara stek ing gagange, bisa uga nganggo wijine.[2] Godhong sidaguri duwé kandhungan alkaloid, kalsium oksalat, tanin, saponin, fenol, asem amino, lan lenga asiri. Akèh kandhungan zat phlegmatik kang bisa kanggo ngilangi riyak (ekspektoran) lan pelumas (lubricant). Gagange duwé kandhungan kalsium oksalat lan tanin. Déné oyode duwé kandhungan kimia alkaloid, steroid, lan ephedrine. Sifat kimiawi lan efek farmakologis ing tuwuhan iki ya iku ranase legi, pedhes, anyes. Kagunan tuwuhan iki ya iku bisa nambani lara radhang, ngilangake lara (analgetik), peluruh kemih, nambani lelara asma, rematik, desentri, lara untu, lan lara kuning utawa hepatitis. Pérangan kang digunakaké ya iku oyode. Nanging, tuwuhan iku ora éntuk kanggo ibu-ibu kang lagi ngandhut.

Ing tembang macapat[besut | besut sumber]

Kasebut ing tembang dandanggula:

Semut ireng anak-anak sapi
Kebo bongkang nyabrang kali bengawan
Keong kondhang jarak sungute
Timun wuku ron wolu
Surabaya geger kepati
Gegering wong nguyak macan
Cinandak wadahi bumbung
Alun-alun Kartasura
Gajah meta cinancang wit sidoguri
Mati cineker pitik trondol.

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. www.iptek.net.id Tanaman Obat Indonésia (kaundhuh tanggal 2 Agustus 2011)
  2. Wijayakusuma, Hembing. 2006. Resep Alami dari Pakar Herbal Atasi Asam Urat dan Rematik ala Hembing. Jakarta: Puspa Swara. ISBN 979-24-4807-1