Sanggring Gumena

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Sanggring Gumena inggih punika tradhisi dhahar sesarengan ing Masjid Jami Sunan Dalem, Désa Gumena, Kabupatèn Gresik, Jawa Wétan. Tradhisi punika katindakaken kanthi dhahar sanggring (kolak ayam) nalika malem kaping 23 wulan Siyam, manut pananggalan Jawi.[1]

Sajarah[besut | besut sumber]

Ing warsa 1500-an, Sunan Dalem–wayahipun Sunan Giri–sakit ing Désa Gumena nalika ngéndha saking mungsuhipun ingkang sampun ngepung Giri Kedhaton. Para warga dipun dhawuhi Sunan Dalem supados madosi tamba kagem sakitipun. Nanging, para warga kasisahan boten nemu tamba saha tiyang ingkang saged nambani Sunan Dalem. Ing impènipun, Sunan Dalem pikantuk pitedah saking Gusti Allah murih ndamel dhaharan kagem tamba sakitipun. Salajengipun, piyambakipun ndhawuhi para warga mbekta ayam jago yuswa satunggal taun dhumateng masjid ingkang bakal dipun olahi dados kolak ayam nganggé santen, gendhis abrit, jinten, ketan, kaliyan ron bawang.[2][3]

Kala semanten ing wulan Siyam, Sunan Dalem buka sareng kaliyan para warga ing masjid désa. Sabibaripun dhahar dhedhaharan punika, Sunan Dalem mantun saking sakitipun. Dhaharan punika lajeng ingaran sanggring ingkang dumados saking tembung sang ateges ratu/panguwasa kaliyan tembung gring ateges sakit/gering, pramila sanggring saged dipun suraosi dhedhaharaning ratu ingkang sakit. Sunan Dalem ugi kagungan wasiyat amrih para warga ngawontenaken tradhisi sanggring saben malem kaping 23 wulan Siyam, malem ingkang pisanan dipun damelipun sanggring kagem Sunan Dalem.[3]

Lampahing acara[besut | besut sumber]

Tradhisi sanggring kawontenaken saben malem kaping 23 wulan Siyam utawi ingaran malem selikuran ing Masjid Jami Sunan Dalem, masjid ingkang dipun yasa Sunan Dalem. Ing jaman sapunika, panitya ingkang ngawontenaken tradhisi sanggring kadhapuk saking IPNU (Ikatan Pemuda NU) kaliyan takmir Masjid Jami Sunan Dalem. Panitya punika ingkang ngurusi babagan pamesenan bahan olah-olahan, ingkang ngolahi, kaliyan ndata para warga ingkang tumut sanggringan.[4] Ingkang ngolahi sanggring punika namung tiyang jaler, wondéné tiyang èstri ngolahi dhaharan ing griya kagem buka kulawarganipun.[5]

Tradhisi sanggring ugi ngawontenaken tahlilan ingkang ancasipun kagem nyuwun kajat dhumateng Gusti Allah. Tahlilanipun ngewrat slawat dhumateng Nabi Islam Muhammad, surat Al-Fatihah, surat Al-Ikhlas, surat Al-Falaq, wiwitaning surat Al-Baqarah, kaliyan donga kagem Sunan Dalem, Désa Gumena, saha sakathahing tiyang Muslim ing donya.[2] Ing warsa 2014, tradhisi sanggring kathah ingkang numuti tur dados rékor ingkang paling kathah, gunggung porsinipun ngancik 2.200 sanggring ingkang mbetahaken 210 ayam.[6] Ingkang numuti tradhisi punika sanès namung warga saking Désa Gumena kémawon, nanging ugi wonten warga saking laladan sanès ingkang dipun aruhi kyainipun supados nyobi sanggring saking Désa Gumena ingkang dipun pitadosi saged nambani sakit punapa kémawon.[3]

Suraos[besut | besut sumber]

Sosial[besut | besut sumber]

Tradhisi sanggring inggih punika salah satunggaling tradhisi ingkang lumayan kathah ingkang numuti jalaran porsi sanggringipun ngancik èwunan.[6] Kagiyatan punika anggadhahi peranan ingkang lumayan ageng anggènipun nyawijikaken para warga. Bab punika tinengeran kaliyan wontenipun makarya sesarengan anggènipun ngolahi sanggring.[7]

Budaya[besut | besut sumber]

Tradhisi punika sampun wonten wiwit warsa 1540 ingkang kawarisaken saha kawulangaken kanthi turun-tumurun.[4] Bab punika dados padatanipun para warga ingkang sampun nindakaken tradhisi punika sadangunipun pinten-pinten atus taun kagem nguri-uri budaya para leluhuripun.[7]

Ékonomi[besut | besut sumber]

Bahan-bahan kagem ngolahi kolak ayam kapendhet saking peken. Peken dipun anggé kagem papan dol-tinuku klapa, ayam, gendhis abrit, kaliyan bahan-bahan sanèsipun. Yatra kagem tumbas bahan-bahan punika pikantuk saking urunaning para warga ingkang ing tembé bakal dados kupon kagem tumbas sanggring ing masjid.[7]

Agama[besut | besut sumber]

Ing bab agama, tradhisi sanggring kaayahi nalika malem kaping 23 wulan Siyam, malem kagem nyambut dumugining Lailatulkadar. Tradhisi punika ugi kagem wujud kataataning para warga dhumateng Sunan Dalem, yoganipun salah satunggal Walisanga, inggih punika Sunan Giri. Wujud kataatan punika ugi saged dipun suraosi minangka ngibadah dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Tunggal (Pangèran Ingkang Murbèng Dumadi).[7]

Rujukan[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Arfah, Hamzah (25 April 2022). "Mengenal Tradisi Sanggring di Gumeno Gresik, Berbagi Kolak Ayam di Malam Ke-23 Ramadhan". KOMPAS.com. Dibukak ing 20 Fèbruari 2023.
  2. a b Mufarohah 2014, kc. 596.
  3. a b c "Sanggring Gumeno". Warisan Budaya Takbenda Indonesia. Dibukak ing 20 Fèbruari 2023.
  4. a b Mufarohah 2014, kc. 592.
  5. Mufarohah 2014, kc. 595.
  6. a b Mufarohah 2014, kc. 592–593.
  7. a b c d Mufarohah 2014, kc. 594.

Kapustakan[besut | besut sumber]