Regulus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Regulus A/B/C

Regulus is located at the lower right on this map of the constellation.
Dhata pangamatan
Epos J2000
Rasi lintang Leo
Asensio rekta A: 10h 08 min 22.3s
BC: 10h 08 min 12.8/14s
Dhéklinasi A: +11° 58' 02"
BC: +11° 59' 48"
Magnitudo katon (V) 1.35/8.14/13.5
Ciri-ciri
Kelas spektrumB7 V/K1-2 V/M5 V
Indèks warna U-B−0.36/0.54
Indèks warna B-V−0.11/0.87
Jinis variabelSlightly
Astrometri
Kacepetan radhial (Rv)+5.9 km/s
Gerak dhiri (μ) RA: 249 mas/taun
Dek.: 2 mas/taun
Paralaks (π)42.09 ± 0.79 mas
Let77 ± 1 tc
(23.8 ± 0.4 pc)
Magnitudo mutlak (MV)−0.52/4.2/9.5
Detail
Massa3.5/0.8/0.2 M
Radhius3.15–4.15/0.5/? R
Luminositas150/0.31 L
Suhu10,300–15,400/? K
Rotasi315 km/s. (15.9 hours)/?
Umur5 × 107 taun
Pamènèhan jeneng liya
Alpha Leonis, 32 Leo, Cor Leonis, Basilicus, Lion’s Heart, Rex, Kalb al Asad, Kabeleced, GJ 9316, HR 3982, BD +12° 2149/2147, HD 87901/87884, GCTP 2384.00, LTT 12716/12714, SAO 98967/98966, FK5 380, HIP 49669, TD1 14585.
Réferènsi database
SIMBAD data

Regulus (α Leo / α Leonis / Alpha Leonis) yaiku lintang ingkang padhang piyambak ning rasi Leo lan kagolong lintang kang cemerlang ning langit nalika bengi. Lintang iki ana ning jarak 77.5 taun cahya saka Bumi. Regulus kagolong ning sistem multi bintang tuladhané liyané yaiku papat lintang kang nggabung ning rong pasang bintang. Regulus A yaiku lintang biru keputihan lan pasanganné kang durung diteliti, bisa baé bintang katai putih (white dwarf).[1] Ing ngarepé Regulus A ana pasangané yaikuRegulus B lan Regulus C, kang kagolong lintang remeng.

Observasi[besut | besut sumber]

Regulus ana ing garis ekliptik, lan bakal nglakoni okultasi reguler karo Bulan. Okultasi karo Merkurius lan Venus uga bisa kedaden nanging jarang. Okultasi Regulus déning planit Venus kedaden nalika tanggal 7 Juli 1959. Okultasi sawisé iku dikira-kira bakal kedaden ing tanggal 1 Oktober 2044. Matahari tekan ing titik paling cedhak karo Regulus nganti tanggal 23 Agustus nggal taun.

Regulus duwé massa 3.5 kali Matahari lan kagolong lintang kang umuré esih enom, yaiku kira-kira pirangatus yuta taun. Lintang iki mubengé rikat banget, yaiku 15.9 jam, njalari brubahé warna kang rikat.[2]

Visibilitas[besut | besut sumber]

Regulus A yaiku lintang kang cemerlang ning langit nalika bengi karoan magnitudo kang nengsemaké. Regulus B kagolong lintang katai kelas K2 kang katon luwih remeng dibandingaké karo komponèn A. Komponèn akir, Regulus C, yaiku lintang abang cilik lan paling remeng ning watarané telung komponèn sarta saiki lintang iki lagi prosès obeservasi

Ètimologi[besut | besut sumber]

Rēgulus asalé saka basa Latin kang artiné pangeran utawa raja cilik. Masarakat Yunani nyebuté Basiliscus kang artiné pada. Jeneng liyané kanggo bintang iki yaiku:

jeneng liya asal basa artiné
Qalb Al Asad, Kabelaced / Cor Leōnis Arab / Latin jantung (sang singa)
Rex / Malikiyy Latin / Arab raja
軒轅十四 / Xuanyuanshísì China lintang kaping patbelas saka rasi Xuanyuan[3]
軒轅大星 / Xuanyuandàxīng China bintang besar ning rasi Xuanyuan[4]
皇后 / Huánghòu China (bintang) kang berkuasa lan nyumunar[4]
女主 / Nǚzhu China pelayan wanita [4]

Saliyané rasi Leo, lintang iki uga kagolong anggota saka rasi utawa asterisma:

jeneng rasi / asterisma asal artiné anggota liyané
軒轅十 / Xuanyuan China Xuanyuan 10 UMa, HD 77912, 38 Lyn, α Lyn, 15 Leo, κ Leo, λ Leo, ε Leo, μ Leo, ζ Leo, γ Leo, η Leo, ο Leo, ρ Leo, 31 Leo
Sickle sabit γ Leo, ε Leo, ζ Leo, η Leo, μ Leo
Al Jabhah Arab kepala pérangan depan γ Leo, ζ Leo, η Leo, μ Leo
Magha (मघा) (agama) Hindhu kang agung ora ana
UR.GU.LA Mesopotamia raja tidak ada
Sky Dragon[5] naga di langit α Aql, α Aur, α Boo, α CMa, α CMi, α Cyg, β Gem, α Gem, α Lyr, β Or, α Or, α PsA, α Sco, α Tau, α Vir
Regulus

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Gies, D.R.; et al. (2008). "A Spectroscopic Orbit for Regulus". The Astrophysical Journal. 682 (2): L117–L120. Bibcode:2008ApJ...682L.117G. doi:10.1086/591148. {{cite journal}}: Explicit use of et al. in: |author= (pitulung)
  2. McAlister, H. A., ten Brummelaar, T. A.; et al. (2005). "First Results from the CHARA Array. I. An Interferometric and Spectroscopic Study of the Fast Rotator Alpha Leonis (Regulus)". The Astrophysical Journal. 628: 439–452. doi:10.1086/430730. {{cite journal}}: Explicit use of et al. in: |author= (pitulung)CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  3. salah sawijining rasi bintang miturut bangsa Cina
  4. a b c http://www.chinese-tools.com/tools/sinograms.html
  5. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2008-05-13. Dibukak ing 2012-11-11.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)

Pranala njaba[besut | besut sumber]