Pertamina Tower

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pertamina Energy Tower
Tetélan pokok
StatusMandeg
JinisOffice, observation, energy
PernahKav. Rasuna Off Park (ROP) Unit XO-02, JL. HR. Rasuna Said -, South Jakarta, Indonesia
Koordhinat6°12′56″S 106°49′47″E / 6.2155350°S 106.8296520°E / -6.2155350; 106.8296520Koordhinat: 6°12′56″S 106°49′47″E / 6.2155350°S 106.8296520°E / -6.2155350; 106.8296520
Diyasa kawit-
Rampung-
Height
Architectural523 metres (1,716 ft)[1]
Tip523 metres (1,716 ft)[1]
Top floor515 metres (1,690 ft)
Technical details
Floor count99
Floor area495,000 m2 (5,328,100 sq ft)
Rancangan lan yasan
ArsitèkSkidmore, Owings & Merrill LLP (SOM)[1]
Structural engineerSkidmore, Owings & Merrill LLP (SOM)[1]

Pertamina Tower (Basa Indonésia: Menara Pertamina; Hanacaraka: ꦩꦼꦤꦫꦦꦼꦂꦠꦩꦶꦤ) utawa Pertamina Energy Tower ya iku wangunan gedhong 99 lampit kang dhuwuré 530 mèter (1740 ft) saéngga bakal dadi gedhong paling dhuwur ing Indonésia lan paling dhuwur nomer 3 sadonya.[2] Gedhong iki dirancanakaké bakal dibangun ing Jakarta’s Rasuna Epicentrum kang prenahé ana ing Kawasan Bisnis Kuningan, Jakarta.[3]

Pambangunan gedhong bakal nggandhèng Turner International kang sadurungé uga nggarap proyèk Burj Khalifa, Skidmore, Owings Merrill, lan Rider Levett Bucknall. Sarta saka Indonésia dhéwé bakal nggandhèng PT Airmas Asri, PT Wiratman & Associates, KSO PT Pembangunan Perumahan, lan PT Hutama Karya.[2][4][5] Déné ing tanggal 9 Dhésèmber 2013 wus digelar adicara panyèlèhan watu minangka pratandha diwiwitiné pambangunan Pertamina Energy Tower. Pambangunan gedhong Pertamina Tower iki ditargètaké bakalé rampung ing taun 2025.[6]

Rupa Wangunan lan Énergi[besut | besut sumber]

Pérangan sisih ndhuwur menara iki dirantam saéngga wujudé mlengkung. Pérangan dhuwur iku wujud kawiyak kang bisa dadi coronging angin, saéngga migunani kanggo ngrikataké lakuné angin supaya bisa ngasilaké énergi. Jumbuh klawan laladan sakiwa tengené Jakarta, rupa wangunan iki digawé mlengkung supaya nyuda panasing srengéngé. Payomaning srengéngé iki bakal ngundhakaké intènsitas pakaryan dadi luwih becik lan bisa ngéfisienké énergi amrih luwih irit. Diarani éfisien énergi jalaran bisa nyuda énergi cahya gawéan kang dianggo ing menara iki. Pungkasané pambangunan menara iki nduwèni pangajap amrih bisa ngusung konsèp net zero energy.[7]

Struktur[besut | besut sumber]

Sistem struktur gedhong kang duwèni aji invéstasi US$ 1,7 milyar iki kadadèn saka inti beton balungan wulet lan rangka momen éksterior waja struktural klawan kolom périmèter komposit lan balok waja.[6][8] Sistem karoné iku digabungaké kalawan telung sèt waja struktural lan rangka sabuk kang prenahé ana ing saben 30 lampit. Sistem gravitasi kadadèn saka lèmpèngan beton ing dhèg métal kang disengkuyung kalawan balok waja komposit minangka dhiafragma kanggo nransfer beban menyang ngarepan lan kolom.[8]

Fasilitas[besut | besut sumber]

Gedhong menara iki ditargètaké bakal dadi papan padunungan, makarya, lan dolan kanggoné udakara 23.000 pegawé Pertamina lan uga anak badan usahané. Fasilitas kang ana ing menara iki ing antarané ya iku 2000 bangku sasana séwaka (Performing Arts Auditorium Center) uga Exhibition Pavilion kanggo kagiyatan pakuliyahan lan kagiyatan liyané.[9] Masjid kang binuka kanggo umum lan papan pasamuwan kanggo para masarakat.[7]

Pambangunan disumenèkaké[besut | besut sumber]

Pambangunan gedhong Pertamina Tower iki ditargètaké bakalé rampung ing taun 2025.[9] Ananging Dwi Soetjipto mbusak rancanané Karen Agustiawan kang nduwèni pangajap kanggo mangun menara Pertamina. Kaya mangkéné iki jalaran Pertamina bakalé luwih fokus menyang invèstasi ing séktor udhik, saéngga nyumenèkaké invèstasi kaya déné pambangunan menara.[10] Arief Budiman nyuda anggaran blanja modhal kang gedhéné USD 7 milyar ing taun 2015. Salah sawijining blanja kang diilangi ya iku menara Pertamina, jalaran invèstasi kang ora rasional lan dianggep ora pati wigati.[11] Menara iki yèn pancèné arep dibangun minangka ikon énergi Indonésia, mangka sajatiné gedhong iki kudu migunakaké énergi kang bisa dianyari kaya déné panas bumi, banyu, srengéngé, lan gas.[3]

Sawetara iku pambangunan menara kang luwih cilik (namung 30 lampit, dudu 99 lampit) bakal diwiwiti manèh déning BNI, ya iku salah sawijining badan usaha kagungan negara. Menara BNI iki bakalé diyasa ing Jalan Pejompongan Raya V Nomor 24, Jakarta Pusat lan diarep-arep bakalé dadi ikon anyar ing Jakarta.[11] Nuli papan kang biyèn dirancanakaké kanggo mbangun Pertamina Tower iku bakalé dinggo mbangun proyèk Menara E-Polis Rasuna. E-Polis minangka wujud anyar saka Pertamina Energy Tower (PET) manggon ing lemah kang ambané 5,9 héktar lan mapan ing laladan golden triangle Jakarta. Diwastani E-Polis Rasuna jalaran huruf "E" iku minangka cekakan saka tembung Energy, déné tembung Polis iku dijupuk saka basa Yunani kang tegesé kutha. Proyèk E-Polis Rasuna iku diyasa minangka punjering papan bisnis kang préstisius lan uga minangka papan wisata kutha kang ramah ligkungan kanthi konsèp energized city. Ing cakupaning proyèk pangembangan fasilitas komersial bakalé dumadi saka hotèl bintang papat kanthi kamar cacah 250 lan 540 unit apartemèn ing telung menara uga papan kantor sarta fasilitas ritèl.[12][13]

Pangaji-aji[besut | besut sumber]

Ing taun 2014, Pertamina Tower menangaké Pangaji-aji Emas ing pagelaran MIPIM Asia Awards ya iku kategori Best Futura Mega Project.[14]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c d "Pertamina Tower". The Skyscraper Center. Council on Tall Buildings and Urban Habitat. Dibukak ing 28 January 2017.
  2. a b Liputan6.com (2013-12-10). "Ini Penampakan Pencakar Langit Tertinggi Pertamina Energy Tower". liputan6.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-12-30.
  3. a b Pertamina (Persero), P. T. "PT Pertamina (Persero)". www.pertamina.com (ing basa Inggris). Dibukak ing 2019-12-19.
  4. Idris, Muhammad. "Tarif Sewa Kemahalan, Pertamina Tower Batal Dibangun 99 Lantai". detikfinance. Dibukak ing 2019-12-19.
  5. "Pertamina Tower - The Skyscraper Center". www.skyscrapercenter.com. Dibukak ing 2019-12-20.
  6. a b Liputan6.com (2015-09-01). "Apa Kabar Gedung Pencakar Langit Pertamina?". liputan6.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-12-30.
  7. a b "Pertamina Energy Tower". SOM (ing basa Inggris). Dibukak ing 2019-12-19.
  8. a b Besjak, Charles; Biswas, Preetam; Petrov, Georgi I.; Streeter, Matthew; Devin, Austin (2017). "Effects of Perimeter to Core Connectivity on Tall Building Behavior". International Journal of High-Rise Buildings. 6 (1): 1–9. doi:10.21022/IJHRB.2017.6.1.1. ISSN 2234-7224.
  9. a b "Bikin Melongo, 7 Gedung Super Keren Ini Adanya di Indonesia!". Telset (ing basa Inggris Amérika Sarékat). 2019-03-20. Dibukak ing 2019-12-30.
  10. Media, Kompas Cyber. "Pembangunan Pertamina Tower Ditunda". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-12-19.
  11. a b Jati, Gentur Putro. "BNI Teruskan Ambisi Pertamina Bangun Menara Tinggi di Ibukota". ekonomi (ing basa Inggris). Dibukak ing 2019-12-19.
  12. Media, Kompas Cyber. "Proyek Jumbo E-Polis Jakarta Dirancang Arsitek Dunia". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-12-23.
  13. Mediatama, Grahanusa (2019-07-22). "Gedung pencakar langit bernama E-Polis Rasuna segera dibangun, kantor Pertamina?". kontan.co.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-12-23.
  14. "SOM Wins Top MIPIM Asia Awards for 2014". SOM (ing basa Inggris). Dibukak ing 2019-12-20.