Pawerna alami bathik
Pawerna alami bathik sejatinipun sampun dipun mangertosi masarakat wiwit zaman kina. Kayekten menika kababar wonten ing naskah-naskan Jawi kina, mirungganipun wonten ing serat Centhini. Ing serat menika kaserat bilih wonten 6 jinis taneman ingkang ngasilaken werni saengga saged dipun ginakaken kanggé pawerni kain.
Asal Wénter Bathik Alami
[besut | besut sumber]Zat werni alami asalipun saking taneman menapa déné kewan. Zat werni saking taneman saged kapanggihaken saking kajeng, kulit kajeng, oyot, kulit oyot, isi, kulit isi, ron-ronan, lan sekar. Kirang langkung wonten 34 jinis taneman ingkang saged dipun ginakaken dados wénter alami bathik. Taneman ingkang umum dipun ginakaken kanggé untuk wénter batik inggih menika oyot pace (Morinda citrifolia) ingkang ngasilaken werni abrit, kajeng tegeran (Cudrania javanensis) ingkang ngasilaken werni kuning, kajeng tingi (Ceriops tagal) ingkang ngasilaken werni coklat, ron indigo utawi nila (Indigofera sp) ingkang ngasilaken werna biru, lan ron pelem (Mangifera indica) ingkang ngasilaken werna ijem. Taneman sanesipun inggih menika jolawe (Elaocorpus folium), jati (Tectonagrandis), secang (Caesalpinia sappan Flem.), krambil (Cocos nucifera), durèn (Durio zibethinus L.), bakau (Rhizophora mucronata), manggis (Gracinia mangostana), lan sakpiturutipun.
Sejarah Wénter
[besut | besut sumber]Pawerninan ngginakaken bahan alami saking pasta dados pawerninan bathik paling lami tertua ingkang teksih dipun agem dugi sakmenika. Pawerninan nganggé wénter pasta saged dipun panggihaken ing wilayah Wètan Tengah saha Asia sanèsipun kados ta: Jepang, Indonesia, Indhi, Afrika, lan China. Wénter pasta piyambak wonten maneka warni. Wénter wujud pasta ingkang tahan lami lan kathah dipun ginakaken didamel saking uwos kaliyan glepung sanèsipun. Campuran uwos lan bubuk sulfat seng saha sarem kathah dipun ginakaken ing Jepang. Campuran kasebat dipunmasak dados krim transparan, lajeng diudek supados rata lan asrep. Wénter wujud pasta diolesaken kanthi mawarni-warni cara, kados ta dipun sikat nganggé astha utawi ngginakaken stensil, dipunseka nganggé driji, lajeng dipunremes. Wénter pasta kanggé bathik biyasanipun nanging dipunoles wonten setunggal sisih kemawon.
Proses Pawerninan
[besut | besut sumber]Wénter bentuk pasta menika campuran saking bahan pawerni garing (ditumbuk dados bubuk) kalih campuran tlutuh kelèt ingkang sampun dipunèncèraken. Campuran tlutuh menika asipat kaku lan matesi jat pawerni supados boten kecampur kaliyan jat caér. Campuran tlutuh ingkang langkung kentel damel kain langkung kaku. Sakdèrèngipun dipun ginakaken campuran pawerni kedah dipunasrepaken rumiyin. Wonten ing proses pawernian, kain boten angsal dipunkom supados werni-werni sanès saged dipuncaosaken wonten ing bagéan sanès ingkang dipunpisahaken nganggé wénter pasta.
Proses pawernian ingkang pungkasan inggih menika nyikat pawerni peteng wonten ing saperanganipun kain. Sasampunipun, kain dipunadhang supados lem saking wénter pasta ical. Kain ingkang saged dipunadhang boten nanging selembar, sedaya kain ingkang sampun dipunwerni saged dipunadhang sesarengan. Saben lembar kain ingkang dipunadhang dipunpisahaken nganggé koran lajeng dipungulung dados setunggal. Gulungan menika lajeng digulung malih kanthi dipunlapisi kertas, lan pucuk-pucukipun dipuntekuk lajeng dipuniket. Gulungan menika dipuntutupi nganggé kain tal lan dipungantung wonten nginggilipun dandang. Kain dipunadhang sedayanipun sajroning kirang langkung setunggal jam. Kanggé kain ingkang langkung kandel, proses adhangipun langkung dangu. Sasampunipun, kain diwedalaken saking dandang lajeng dipungirahi ngantos resik ngangge toya asrep lan kedah dipunbilas makaping-kaping ngantos campuran pasta saèstu ical. Menawi kain sampun garing, kain dipunsetrika supados boten ketekuk.
Bahan Pawerni Sanès
[besut | besut sumber]- Kunir (Curcuma domestica val) -- kejawi dados pawerni masakan, kunir inggih saged kanggé pawerni bathik. Kunir ingkang dipuncampuraken kalih woh jarak lan jeruk ngasilaken werni ijem sepuh, menawi dipuncampuraken kalih nila utawi indigo ngasilaken werni ijem enèm.
- Isi woh pinang -- isi woh pinang ingkang saged diagem pawerni bathik menika ingkang sampun sepuh saking wit pinang. Wit pinang menika batangipun alit ndlujur nanging inggil sanget tinggi, boten nggadhahi pang, mirip wit krambil. Bèntenipun wit pinang boten nyerat-nyerat. Isi woh pinang sepuh ditumbuk alus lajeng dicampur toya nembé saged dinggé pawérni kain. Tiyang Papua ingkang nganggé isi woh pinang kanggé bathikipun. Werni ingkang kasil saking isi woh pinang menika coklat semu abrit lan cemeng.
- Oyot kulit pacé -- oyot kulit pace menika ngasilaken werni abrit sepuh utawi abrit radi coklat.
- Kulit wit mundu -- mundu menika dipun sebat apel Jawa. Nalika dipuncampur kaliyan tawas, kulit wit mundu ngasilaken werni ijem.
- Ron nila/indigo (Indigofera tinctoria) -- wonten ingkang nyebat wit menika wit tarum. Ron nila ngasilaken werni biru nalika dipuncampur kaliyan toya gamping. Werni biru saking ron nila menika kiyat sanget anggenipun nyatunggil kaliyan kain dados werninipun bathik saged awet lan boten gampil mbladus.
- Kulit manggis -- kulit manggis nggadhahi jat tannin (jat werni ingkang dipungadhahi taneman) paling saé. Kulit manggis ngasilaken werni abrit, ungu, lan biru. Sakdèrèngipun dinggé mernani bathik, kulit manggis kedah ditumbuk, lajeng dipunkum nganggé campuran etanol, bibar menika dipungaringaken.
- Ron jambu isi -- ron jambu isi nggadhahi senyawa ingkang gampil sanget dipunserep kain. Ron jambu menika ngasilaken werni kuning lan semburat coklat wonten ing kain.
- Wit soga -- ingkang diginakaken dados bahan pawerni ingging menika kulit kajengipun wit soga. Wonten tigang jinis soga, inggih menika: *Soga tegeran (Cudrania javanensis) - dipunmangertosi kanthi nami perdu eri. Taneman menika saged dipunpanggihi wonten ing wilayah Jawa, Madura, Kalimantan, lan Sulawesi. Soga tegeran ngasilaken werni kuning. *Soga tingi (Ceriops condolleana) - soga menika mirip kaliyan soga tegeran. Bèntenipun, soga tinggi nggadhahi jinis ron majemuk ingkang nggrombol ing pucuk pangipun. Soga tinggi ngasilaken werni abrit peteng utawi semburat coklat. *Soga jambal (Phelthopherum pterocarpum- soga menika benten saking soga tegeran lan soga tinggi. Wit soga jambal langkung inggil. Werni ingkang dipunasilaken inggih menika abrit semburat coklat.
- Isi kesumba -- isi kesumba menika ngasilaken werni abrit semu oranye.
- Lonjoran secang (Caesaslpinia sapapan lin) - lonjoran menika ngasilaken werni abrit senajan werni lonjoranipun oranye.
- Jalawe (Terminalia bellirica) -- bagéan kulit jalawe menika asring dinggé pawerni alami bathik. Werni ingkang dipunasilaken inggih menika ijem semburat coklat.
- Teh (Camelia sinensis) -- teh saged dipunginakaken dados pawerni alami bathik. Teh ngasilaken werni coklat wonten kain.
- Brambang (Allium ascalonicium L) -- kulit brambang menika ngasilaken werni oranye semburat coklat.
- Krambil (Cocos nucifera) -- ingkang ngasilaken werni krem semburat coklat inggih menika bagéan kulit woh paling njawi ingkang nyerabut.
Sipat Pawerni Alami Bathik
[besut | besut sumber]Bahan pawerni alami bathik menika nggadhahi konsentrasi lan konsistensi werni ingkang boten inggil. Mila mekaten, radi awrat menawi badhé damel bathik ingkang rata werninipun. Sipat menika awon dibandhingaken kaliyan pawerni damelan/sintetis. Supados werni bathik saged awet, bahan-bahan menika kedah dipuntambahaken:
- kapur
- tawas
- tunjung
Amargi pawerni alami gampil ical, mila ampun nggirahi bathik nganggé sabun deterjen. Kain bathik saénipun dipungirahi nganggé lerak supados werninipun mboten énggal luntur.
Rujukan
[besut | besut sumber]- Warisan Budaya Takbenda Archived 2023-09-07 at the Wayback Machine.
- Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2014). Buku Panduan Penetapan Warisan Budaya Takbenda Indonesia Tahun 2014 (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
- Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2018). Katalog Warisan Budaya Takbenda Indonesia 2018 (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
- Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2015). Panduan Pencatatan, Penetapan, dan Pengusulan Warisan Budaya Takbenda Indonesia (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
- Mancacaritadipura, Gaura; Wirakartakusumah, Daryl Neng (2019). Warisan Budaya Takbenda dan Pembangunan Berkelanjutan (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.