Mundu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Mundu (Garcinia dulcis) yo iku tetuwuhan sing bleger weté iku ukurané sedengan lan ijo sak lawasé. Artine, ora ngalami gugur godong. Batange tegep, wenone coklat lan duwuré nganti 20 m. Wet-wetan iki cukul ing kang apik nganti keduwurané 1.500 m dpl.

Uwoé bunder koyok bal pingpong, yen wes mateng wernoné kuning, alus, lan tipis kulité. Daging uwoé wernoé kuning, mbanyu lan rasane manis-manis asem. Wet-wetan iki ngembang ing wulan-wulan Apri-September. Uwoé matang ing Juli-November. Uwoé mundu iso dipangan langsung lan digarap dadi selai nganti iso dadi campurane jamu tradisional. sedangkan ing jaman bien, kayu lan kulité cerrek digawe sebagai bahan campuran gawene werno ijo asli.

Perlu diperatéakén ketiko mangan uwoé mundu secara langsung iyo iku getaé. Uwoé yen akeh ngandung vitamin C iki ngeduwei getaé yen iso dadeake iritasi enteng marang lambe gawe sing ora biasa. Maka lek katé mangan luwé apik di lucuti kulite lan diweso dikek nganti geta uwoé iku ilang. Ing jero tradisi pewarasan ing Jawa, pucuké godong mundu enom iso digaweaken ngobati mencret. Anadéné kulité dhangan didadéaké sebagai bahan gawe ngewarnoi tiker.[1]

Arané désa[besut | besut sumber]

Désa-désa ing Jawa Etan/ Jawa Tengah/ DIY kang nganggo aran Mundu ya iku:[1]

No Désa/Kélurahan Kécamatan Kabupaten
1 Mundurejo Umbulsari Jember
2 Mundusewu Bareng Jombang
3 Mundu Tulung Klaten
4 Kedungmundu Tembalang Kota Semarang
5 Mundu Tanjung Brebes

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b Santosa, Iman Budhi (2017). Suta Naya Dhadhap Waru. Yogyakarta: Interlude. k. 299. ISBN 978-602-6250-42-1.