Pamanasan global

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Temperatur rata-rata global 1850 nganti 2006 relatif marang taun 1961–1990
Anomali témperatur permukaan rata-rata sajeroning kalamangsa 1995 nganti 2004 dibandhingaké témperatur rata-rata wiwit 1940 nganti 1980

Pamanasan global iku anané prosès mundhaké suhu rata-rata atmosfér, segara, lan dharatan bumi. Suhu rata-rata global ing lumahing bumi wis ningkat 0.74 ± 0.18 °C (1.33 ± 0.32 °F) sajeroning satus taun pungkasan iki. Intergovernmental Panel on Climate Change (IPCC) nyimpulaké yèn, "sapérangan gedhé paningkatan suhu hawa rata-rata global wiwit pertengahan abad kaping-20 kamungkinan gedhé disebabaké déning mundhaké konsèntrasi gas-gas omah kaca akibat aktivitas manungsa"[1] liwat èfèk omah kaca. Kesimpulan dhasar iki wis diandharaké déning saora-orané 30 badan èlmiyah lan akademik, kalebu kabèh akademi sains nasional saka nagara-nagara G8. Ananging, isih sisa sawetara èlmuwan sing ora setuju karo sawetara kesimpulan sing diandharaké déning IPCC kasebut. Modhèl iklim sing didadèkaké acuan déning projek IPCC nuduhaké suhu permukaan global bakal ningkat 1.1 nganti 6.4 °C (2.0 nganti 11.5 °F) antara taun 1990 lan 2100.[1] Béda ing angka perkiraan iku disebabaké déning panggunaan skenario-skenario kang béda-béda ngenani emisi gas-gas omah kaca ing mangsa ngarep, sarta modhèl-modhèl sensitivitas iklim sing béda-béda. Sanajan sapérangan gedhé panelitèn munjer marang kalamangsa nganti 2100, pamanasan lan mudhaking lumahing banyu segara dikira-kira bakal terus lumaku sajeroning punjul sèwu taun sanadyan tingkat emisi gas omah kaca wis stabil.[1] Iki nggambaraké gedhéné kapasitas panas saka segara.

Mundhaké suhu global dikira-kira bakal nyebabaké owah-owahan liya kaya déné mundhaké lumahing banyu segara, mundhaké intensitas fenomena cuaca sing ekstrim,[2] sarta owah-owahan gunggung lan pola presipitasi. Akibat-akibat pamanasan global sing liya ya iku kaprabawaané kasil tetanèn, ilangé gletser, lan punahé werna-werna jinis kéwan. Sawetara bab-bab sing isih dadi ranguné para èlmuwan ya iku ngenani gunggung pamanasan sing dikira-kira bakal kadadéan ing mangsa ngarep, lan piyé pamanasan sarta owah-owahan sing dumadi kasebut bakal bervariasi saka siji laladan menyang laladan liyané. Nganti wektu iki isih ana wacana pulitik lan publik ing donya ngenani apa, yèn ana, tindakan sing kudu dilakoni kanggo ngurangi utawa mbalikaké pamanasan sabanjuré utawa kanggo adhaptasi marang konsekwensi-konsekwensi sing ana. Sapérangan gedhé pamaréntahan nagara-nagara ing donya wis napak astani lan ngratifikasi Protokol Kyoto, sing ngarah marang pangurangan emisi gas-gas omah kaca.

Panyebab pemanasan global[besut | besut sumber]

Èfèk omah kaca[besut | besut sumber]

Artikel utama: Èfèk omah kaca

Sakabèhé sumber ènergi sing sisa ing Bumi asalé saka srengéngé. Sapérangan gedhé ènergi kasebut sajeroning wangun radiasi gelombang pèndhèk, kalebu cahya sing kasat mata. Nalika ènergi iki ngenani lumahing bumi, banjur owah saka cahya dadi panas sing ngangetaké bumi. Lumahing bumi, bakal nyerep sapérangan panas lan mantulaké sisané. Sapérangan saka panas iki minangka radiasi infra merah gelombang panjang menyang angkasa. Nanging sapérangan panas tetep kaperangkap ing atmosfer bumi akibat numpuké gas omah kaca antarané uwap banyu, karbon dioksida, lan metana sing dadi perangkap gelombang radiasi iki. Gas-gas iki nyerep lan mantulaké manèh radiasi gelombang sing dipancaraké bumi lan akibaté panas kasebut bakal kasimpen ing lumahing bumi. Bab iki kadadéan makaping kaping lan ngakibataké suhu rata-rata taunan bumi terus mundhak. Gas-gas kasebut duwé fungsi kaya déné fungsi kaca ing omah kaca. Kanthi tansaya mundhaké konsèntrasi gas-gas iki ing atmosfer, saya akèh panas sing kaperangkap ing sangisoré. Sakbeneré, èfèk omah kaca iki dibutuhaké banget déning kabèh makluk urip sing ana ing bumi, amarga tanpa iku, planit iki bakal dadi adhem banget. Kanthi suhu hawa rata-rata 15 °C (59 °F), bumi sakbeneré wis luwih panas 33 °C (59 °F) kanthi anané èfèk omah kaca[3] (tanpa èfèk mau suhu bumi mung -18 °C saéngga ès bakal nutupi kabèh lumahing bumi). Ananging suwaliké, akibat gunggungé gas-gas kasebut wis kaluwihan ing atmosfer, pamanasan global dadi akibaté.

Èfèk umpan balik[besut | besut sumber]

Èfèk-èfèk saka agen jalaran pamanasan global uga diprabawai déning werna-werna prosès umpan balik sing dikasilaké. Minangka conto ya iku ing panguwapan banyu. Ing kasus pamanasan akibat tambahé gas-gas omah kaca kaya CO2, pamanasan sakawit bakal nyebabaké luwih akèhé banyu sing nguwap menyang atmosfer. Amarga uwap banyu dhéwé minangka gas omah kaca, pamanasan bakal terus lumaku lan nambah gunggungé uwap banyu ing udara nganti kagayuh sawijining kasetimbangan konsèntrasi uwap banyu. Èfèk omah kaca sing dikasilaké luwih akèh yèn dibandhingaké akibat gas CO2 dhéwé. (Sanajan umpan balik iki ningkataké kandhutan banyu absolut ing udara, kelembaban relatif udara amèh konstan utawa malah rada mudhun awit udara dadi luwih anget).[4] Umpan balik ini hanya dapat dibalikkan kanthi perlahan-lahan karena CO2 memiliki usia yang panjang di atmosfer.

Èfèk-èfèk umpan balik saka prabawa méga lagi dadi obyèk panelitèn wektu iki. Yèn dideleng saka ngisor, méga uatawa awan bakal mantulaké radiasi infra abang balik menyang bumi, saéngga bakal ngundhakaké èfèk pamanasan. Suwaliké yèn dideleng saka ndhuwur, awan kasebut bakal mantulaké sinar srengéngé lan radiasi infra abang menyang angkasa, saéngga ningkataké èfèk prosès dadi adhem. Apa èfèk netto-né pamanasan utawa saya adhem gumantung marang sawetara detail-detail tinamtu kaya jinis lan dhuwuré awan kasebut. Detail-detail iki angèl direpresentasèkaké sajeroning modhèl iklim, antarané amarga awan cilik banget yèn dibandhingaké karo let antara wates-wates komputasional sajeroning modhèl iklim (watara 125 nganti 500 km kanggo modhèl sing digunakaké sajeroning Laporan Pandhangan IPCC ka Papat). Sanajan mangkono, umpan balik awan dumunung ana ing peringkat loro yèn dibandhingaké karo umpan balik uwap banyu lan dianggae positif (nambah pamanasan) sajeroning kabèh modhèl sing digunakaké sajeroning Laporan Pandhangan IPCC ka Papat.[4]

Umpan balik wigati liyané ya iku ilangé kamampuan mantulaké cahya (albedo) déning ès.[5] Nalika suhu hawa global mundhak, ès sing ana ing cedhak kutub mencair kanthi karikatan sing terus ningkat. Bebarengan karo melelehé ès kasebut, dharatan utawa banyu ing ngisoré bakal kabuka. Dharatan utawa banyu duwé kamampuan mantulaké cahya luwih sethithik yèn dibandhingaké karo ès, lan akibaté bakal nyerep luwih akèh radiasi srengéngé. Bab iki bakal nambah pamanasan lan nyebabaké luwih akèh manèh ès sing mencair, dadi sawijining siklus sing sambung-sinambung. Umpan balik positif akibat uculé CO2 lan CH4 saka prosès dadi empuké tanah beku (permafrost) iku mekanisme liyané sing mènèhi kontribusi marang pamanasan. Saliyané iku, ès sing melèlèh uga bakal nguculaké CH4 sing uga nimbulaké umpan balik positif. Kamampuan segara kanggo nyerep karbon uga bakal suda yèn banyuné tansaya anget, bab iki diakibataké déning mudhuné tingkat nutrien ing zona mesopelagic saéngga mbatesi tuwuhing diatom saka fitoplankton sing dadi penyerap karbon sing rendah .[6]

Variasi Srengéngé[besut | besut sumber]

Variasi Matahari sajeroning 30 taun pungkasan.
Artikel utama: Variasi Srengéngé

Ana hipotésa sing nyatakaké yèn variasi saka Srengéngé, dengan kamungkinan dikuwataké déning umpan balik saka awan, bisa mènèhi kontribusi dalam pamanasan wektu iki.[7] Béda antara mekanisme iki karo pamanasan akibat èfèk omah kaca ya iku mundhaké aktivitas Srengéngé bakal manasaké stratosfer suwaliké èfèk omah kaca bakal ngadhemaké stratosfer. Pendinginan stratosfer pérangan bawah saora-orané wis diamati wiwit taun 1960,[8] sing ora bakal kadadéan yèn aktivitas Srengéngé dadi kontributor utama pamanasan wektu iki. (Panipisan lapisan ozon uga bisa mènèhi èfèk pendinginan kasebut ananging penipisan kasebut kadadéan wiwit pungkasan taun 1970-an.) Fenomena variasi Srengéngé dikombinasèkaké karo aktivitas gunung geni manawa wis mènèhi èfèk pamanasan saka mangsa pra-indhustri nganti taun 1950, sarta èfèk pendinginan wiwit taun 1950.[9][10]

Ana sawetara kasil panelitèn sing nyatakaké yèn kontribusi Srengéngé manawa wis dilirwakaké sajeroning pamanasan global. Loro èlmuwan saka Duke University ngira-ira yèn Srengéngé manawa wis mènèhi kontribusi terhadap 45-50% paningkatan suhu hawa rata-rata global selama kalamangsa 1900-2000, lan sekitar 25-35% antara taun 1980 lan 2000.[11] Stott lan kancané ngandharaké yèn modhèl iklim sing didadèkaké pedoman wektu iki membuat estimasi berlebihan terhadap èfèk gas-gas omah kaca dibandhingaké karo prabawa Srengéngé; dhèwèké uga mratélakaké yèn èfèk pendinginan saka debu vulkanik lan aerosol sulfat uga wis dipanlang remeh.[12] Sanajan mangkono, dhèwèké nyimpulaké yèn kanthi ningkataké sensitivitas iklim marang prabawa Srengéngé, sapérangan gedhé pamanasan sing kadadéan ing dékadé-dékadé pungkasan iki disebabaké déning gas-gas omah kaca. Ing taun 2006, sawijining tim èlmuwan saka Amérika Sarékat, Jerman lan Swiss nyatakaké yèn ora nemu anané paningkatan tingkat "keterangan" saka Srengéngé ing sèwu taun pungkasan iki. Siklus Srengéngé mung mènèhi paningkatan cilik watara 0,07% sajeroning tingkat "keterangan"né sajeroning 30 taun pungkasan. Èfèk iki cilik banget kanggo mènèhi kontribusi marang pamanasan global.[13][14] Sawijining panelitèn déning Lockwood lan Fröhlich nemu yèn ora ana gayutan antara pamanasan global karo variasi Srengéngé wiwit taun 1985, liwat variasi saka output Srengéngé utawa variasi sajeroning sinar kosmis.[15]

Ngukur pamanasan global[besut | besut sumber]

Kasil pangukuran konsèntrasi CO2 ing Mauna Loa

Ing wiwitan taun 1896, para èlmuwan nganggep yèn ngobong bahan bakar fosil bakal ngowahi komposisi atmosfer lan bisa ningkataké suhu hawa rata-rata global. Hipotesis iki dikonfirmasi taun 1957 nalika para paneliti sing bekerja ing program panelitèn global yaitu International Geophysical Year, njupuk sampel atmosfer saka pucuk gunung Mauna Loa ing Hawai. Kasil pangukurané nuduhaké anané paningkatan konsèntrasi karbon dioksida ing atmosfer. Sawisé iku, komposisi saka atmosfer terus diukur kanthi teliti. Data-data sing dikumpulaké nuduhaké yèn memang terjadi paningkatan konsèntrasi saka gas-gas omah kaca di atmosfer. Para èlmuwan uga wis suwé nduga yèn iklim global tansaya tambah anget, nanging ora kuwawa mènèhi bukti-bukti sing premana. Suhu hawa terus bervariasi lan saka lokasi sing siji menyang lokasi liyané. Perlu mataun-taun pangamatan iklim kanggo ngéntukaké data-data sing nuduhaké anané kacendherungan (trend) sing jelas. Cathetan ing pungkasan taun 1980-an rada nuduhaké kacenderungan iki, ananging data statistik iki mung sethithik lan ora bisa dipercaya. Stasiun cuaca wiwitané, dumunung cedhak karo laladan kutha saéngga pangukuran suhu hawa bakal diprabawai déning panas sing dipancaraké déning yasan lan kendharaan lan uga panas sing disimpen déning material yasan lan dalan. Wiwit taun 1957, data-data dijupuk saka stasiun cuaca sing dipercaya (dumunung adoh saka kutha), sarta saka satelit. Data-data iki mènèhi pangukuran sing luwih akurat, mligi ing 70 persèn lumahing planit sing katutup segara. Data-data sing luwih akurat iki nuduhaké yèn kacenderungan tambah angeté lumahing Bumi bener-bener kadadéan. Yèn dideleng ing pungkasan abad ka-20, kacathet yèn sepuluh taun paling anget sajeroning satus taun pungkasan kadadéan sawisé taun 1980, lan telung taun paling panas kadadéan sawisé taun 1990, kanthi taun 1998 minangka taun kang paling panas. Sajeroning lapuran sing diwetokaké taun 2001, Intergovernmental Panel on Climate Change (IPCC) nyimpulaké yèn suhu hawa udara global wis ningkat 0,6 drajat Celsius (1 drajat Fahrenheit) wiwit 1861. Panel setuju yèn pamanasan kasebut mligi disebabaké déning aktivitas manungsa sing nambah gas-gas omah kaca menyang atmosfer. IPCC mrédhiksi paningkatan suhu hawa rata-rata global bakal ningkat 1.1 nganti 6.4 °C (2.0 nganti 11.5 °F) antara taun 1990 lan 2100. IPCC panèl uga mènèhi pepènget, yèn sanadyan konsèntrasi gas ing atmosfer ora nambah manèh wiwit taun 2100, iklim tetep terus nambah anget sajeroning kalamangsa tinamtu akibat emisi sing wis diculaké sadurungé. Karbon dioksida bakal tetep ana ing atmosfer sajeroning satus taun utawa luwih sadurungé alam mampu nyerep manèh. Yèn emisi gas omah kaca terus ningkat, para ahli mrédhiksi, konsèntrasi karbondioksioda ing atmosfer bisa ningkat nganti tikel telu ing wiwitan abad ka-22 yèn dibandhingaké mangsa sadurungé era indhustri. Akibaté, bakal kadadéan owah-owahan iklim sacara dramatis. Sanajan sakbeneré prastawa owah-owahan iklim iki wis dumadi bola-bali sadawaning sajarah Bumi, manungsa bakal ngadhepi masalah iki kanthi résiko populasi sing paling gedhé.

Modhèl iklim[besut | besut sumber]

Pètungan pamanasan global ing taun 2001 saka sawetara modhèl iklim adhedhasar skénario SRES A2, sing ngasumsèkaké ora ana tindhakan sing dilakoni kanggo ngurangi emisi.
Artikel utama: Modhèl iklim global

Para èlmuwan wis nyinaoni pamanasan global adhedhasar modhèl-modhèl komputer adhedhasar prinsip-prinsip dhasar dinamikan fluida, transfer radiasi, lan prosès-prosès liyané, kanthi sawetara penyederhanaan disebabaké anané wates kamampuan komputer. Modhèl-modhèl iki mrédhiksi yèn panambahan gas-gas omah kaca duwé èfèk marang iklim sing luwih anget.[16] Sanajan digunakaké asumsi-asumsi sing padha marang konsèntrasi gas omah kaca ing mangsa ngarep, sensitivitas iklimé isih bakal dumunung ana sawijining rentang tinamtu. Kanthi nglebokaké unsur-unsur ketidakpastian marang konsèntrasi gas omah kaca lan pemodhèlan iklim, IPCC ngira-ira pamanasan watara 1.1 °C nganti 6.4 °C (2.0 °F nganti 11.5 °F) antara taun 1990 lan 2100.[1] Modhèl-modhèl iklim uga kanggo nyelidhiki jalaran-jalaran owah-owahan iklim sing kadadéan wektu iki kanthi mbandhingaké owah-owahan sing ka-amati karo kasil predhiksi modhèl saka werna-werna jalaran, alami utawa aktivitas manungsa. Modhèl iklim wektu iki ngasilaké kamèmperan sing cukup apik karo owah-owahan suhu hawa global kasil pangamatan sajeroning satus taun pungkasan, ananging ora mensimulasi kabèh aspek iklim.[17] Modhèl-modhèl iki ora sacara pasti nyatakaké yèn pamanasan sing dumadi antara taun 1910 nganti 1945 disebabaké déning prosès alami utawa aktivitas manungsa; ananging; nuduhaké yèn pamanasan wiwit taun 1975 didominasi déning emisi gas-gas sing dikasilaké manungsa. Sapérangan gedhé modhèl-modhèl iklim, nalika ngitung iklim ing mangsa ngarep, dilakukan berdasarkan skenario-skenario gas omah kaca, biasanya saka Laporan Khusus marang Skenario Emisi (Special Report on Emissions Scenarios / SRES) IPCC. Sing jarang dilakukan, modhèl ngitung dengan menambahkan simulasi marang siklus karbon; sing biasanya menghasilkan umpan balik sing positif, walaupun responnya isih belum pasti (kanggo skenario A2 SRES, respon bervariasi antara penambahan 20 lan 200 ppm CO2). Sawetara studi-studi uga nuduhaké sawetara umpan balik positif.[18][19][20]

Prabawa awan uga merupakan salah satu sumber sing menimbulkan keorapastian marang modhèl-modhèl sing dihasilkan wektu iki, walaupun saiki wis ana kemajuan dalam menyelesaikan masalah iki.[21] Wektu iki uga terjadi diskusi-diskusi sing isih berlanjut ngenani apakah modhèl-modhèl iklim mengesampingkan èfèk-èfèk umpan balik lan tak langsung saka variasi Srengéngé.

Dampak pamanasan global[besut | besut sumber]

Para èlmuwan menggunakan modhèl komputer saka suhu hawa, pola presipitasi, lan sirkulasi atmosfer kanggo mempelajari pamanasan global. Berdasarkan modhèl kasebut, para èlmuwan wis membuat sawetara prakiraan ngenani dampak pamanasan global marang cuaca, tinggi permukaan air laut, pasisir, tetanèn, panguripan hewan liar lan keséhatan manungsa.

Cuaca[besut | besut sumber]

Para èlmuwan memperkirakan yèn selama pamanasan global, laladan pérangan Utara saka belahan Bumi Utara (Northern Hemisphere) bakal memanas punjul laladan-laladan lain di Bumi. Akibatnya, gunung-gunung ès bakal mencair lan daratan bakal mengecil. Bakal luwih sedikit ès sing ngambang ing tlatah Lor kasebut. Laladan-laladan sing sadurungé mengalami salju ringan, manawa ora bakal mengalaminya lagi. Ing pagunungan di laladan subtropis, pérangan sing ditutupi salju bakal tansaya sedikit sarta bakal luwih cepat mencair. Musim tanam bakal luwih panjang di sawetara area. Suhu hawa ing musim dingin lan malam hari bakal cenderung kanggo ningkat. Laladan anget bakal dadi luwih lembab amarga luwih akèh air sing nguwap saka lautan. Para èlmuwan belum begitu yakin apakah kelembaban kasebut malah bakal ningkataké atau menurunkan pamanasan sing luwih jauh lagi. Bab iki disebabkan amarga uwab air merupakan gas omah kaca, saéngga keberadaannya bakal ningkataké èfèk insulasi ing atmosfer. Aananging, uwab air sing luwih akèh uga bakal membentuk awan sing luwih akèh, saéngga bakal mantulaké cahya srengéngé kembali ke angkasa luar, di mana bab iki bakal menurunkan prosès pamanasan (lihat siklus air). Kelembaban sing dhuwur bakal ningkataké curah udan, sacara rata-rata, watara 1 persèn kanggo saben drajat Fahrenheit pamanasan. (Curah udan ing saindhenging donya wis ningkat 1 persèn sajeroning satus taun pungkasan iki)[22]. Badai bakal dadi luwih sering. Saliyané iku, air bakal luwih cepat nguwap saka tanah. Akibatnya sawetara laladan bakal dadi luwih kering saka sadurungé. Angin bakal bertiup luwih kencang lan manawa dengan pola sing berbeda. Topan badai (hurricane) sing memperdéning kekuatannya saka penguapan air, bakal dadi luwih besar. Berlawanan dengan pamanasan sing terjadi, sawetara kalamangsa sing sangat dingin manawa bakal terjadi. Pola cuaca dadi ora terprediksi lan luwih ekstrim.

Dhuwuré lumahing segara[besut | besut sumber]

Owah-owahan dhuwur rata-rata lumahing segara diukur saka laladan kanthi lingkungan kang stabil sacara géologi.

Nalika atmosfer menghangat, lapisan permukaan lautan uga bakal menghangat, saéngga volumenya bakal membesar lan menaikkan tinggi permukaan laut. Pamanasan uga bakal mencairkan akèh ès di kutub, mligi sekitar Greenland, sing luwih memperbanyak volume air di laut. Tinggi muka laut di seluruh donya wis ningkat 10 – 25 cm (4 - 10 inchi) selama abad ke-20, lan para èlmuwan IPCC memprediksi paningkatan luwih lanjut 9 – 88 cm (4 - 35 inchi) ing abad ke-21. Owah-owahan dhuwuring banyu segara bakal mengaruhi banget kauripan ing laladan pasisir. Mundhaking banyu 100 cm (40 inchi) bakal ngèremaké 6 persèn laladan Walanda, 17,5 persèn laladan Bangladesh, lan akèh pulo-pulo. Erosi saka tebing, pasisir, lan bukit pasir bakal ningkat. Nalika dhuwuré segara ngancik lumahing sungapan kali, banjir akibat banyu pasang bakal ningkat ing dharatan. Nagara-nagara sugih bakal ngentèkaké dhuwit sing akèh banget kanggo nglindhungi laladan pasisirné, déné nagara-nagara mlarat manawa mung bisa evakuasi saka laladan pasisir. Bahkan mundhakingn banyu segara bakal mengaruhi ékosistem pasisir. Mundhaking banyu 50 cm (20 inchi) bakal ngèremaké saparo saka rawa-rawa pasisir ing Amérika Sarékat. Rawa-rawa anyar uga bakal kawangun, ananging ora ing area kutha lan laladan sing wis diyasa. Mundhaké banyu segara iki bakal nutupi sapérangan gedhé Florida Everglades.

Tetanèn[besut | besut sumber]

Wong-wong manawa nganggep yèn Bumi sing anget bakal ngasilaké luwih akèh pangan saka sadurungé, ananging bab iki sakbeneré ora padha ing sawetara panggonan. Pérangan kidul Kanada, minangka conto, manawa bakal éntuk kauntungan saka luwih dhuwuré curah udan lan luwih suwéné mangsa tandur. Suwaliké, lahan tetanèn tropis sing rada cengkar ing sawetara pérangan Afrika manawa ora bisa tuwuh. Laladan tetanèn ara-ara sing migunakaké banyu irigasi saka gunung-gunung sing adoh bisa mendherita yèn snowpack (kumpulan salju) musim adhem berfungsi minangka reservoir alami, bakal nyair sadurungé pucuk mangsa tandur. Tanduran pangan lan alas bisa ngalami serangan ama lan lelara sing luwih hébat.

Kéwan lan tetanduran[besut | besut sumber]

Kéwan lan tetanduran dadi makluk urip sing angèl uwal saka èfèk pamanasan iki amarga sapérangan gedhé lahan wis dikuwasani manungsa. Sajeroning pamanasan global, kéwan cenderung nglakoni migrasi menyang kutub utawa menyang dhuwur pagunungan. Tuwuhan bakal ngowahi arah patuwuhané, golèk laladan anyar amarga habitat lawasé dadi panas. Ananging, pangyasa manungsa bakal ngalang-alangi papindahan iki. Spesies-spésies sing migrasi ngalor utawa ngidul sing kalangan déning kutha-kutha utawa lahan-lahan tetanèn manawa bakal mati. Sawetara jinis spésies sing ora mampu sacara rikat pindhah panggonan nuju kutub manawa uga bakal musna.

Kaséhatan manungsa[besut | besut sumber]

Ing donya sing anget, para èlmuwan mredhiksi yèn luwih akèh wong sing kena lelara utawa mati amarga stress panas. Wabah lelara sing biyasa tinemu ing laladan tropis, kaya lelara sing diakibataké lemut lan kéwan sing nggawa lelara liyané, bakal tansaya ngambra-ambra amarga kéwan mau bisa rpindah menyang laladan sing sadurungé krasa adhem. Wektu iki, 45 persèn padunung donya manggon ing laladan sing akèh lemuté saéngga bisa dicakot lemut sing nggawa parasit malaria; persentase iku bakal ningkat dadi 60 persèn yèn suhu hawa ningkat. Lelara-lelara tropis liyané uga bisa nyebar kaya malaria, demam dengue, demam kuning, lan encephalitis. Para èlmuwan uga mredhiksi mundhaké insiden alergi lan lelara nafas amarga hawa sing luwih anget bakal nambah polutan, spora mold lan serbuk sari

Perdebatan tentang pemanasan global[besut | besut sumber]

Ora kabèh èlmuwan setuju bab keadaan lan akibat saka pamanasan global. Sawetara pengamat isih mempertanyakan apakah suhu hawa benar-benar ningkat. Sing liyané mengakui owahan sing wis terjadi tetapi tetap membantah yèn isih terlalu diki kanggo membuat prediksi bab keadaan ing mangsa ngarep. Kritikan kaya iki uga bisa membantah bukti-bukti sing nuduhaké kontribusi manungsa marang pamanasan global dengan berargumen yèn siklus alami bisa uga ningkatkan suhu hawa. Mereka uga nuduhaké fakta-fakta yèn pamanasan berkelanjutan bisa menguntungkan di sawetara laladan. Para èlmuwan sing mempertanyakan pamanasan global cenderung nuduhaké tiga perbedaan sing isih dipertanyakan antara prediksi modhèl pamanasan global dengan perilaku sebenarnya sing terjadi marang iklim. Pertama, pamanasan cenderung berhenti selama tiga dekade ing pertengahan abad ke-20; bahkan ana mangsa pendinginan sebelum naik kembali ing taun 1970-an. Kedua, jumlah total pamanasan selama abad ke-20 mung separuh saka sing diprediksi déning modhèl. Ketiga, troposfer, lapisan atmosfer terendah, ora memanas secepat prediksi modhèl. Ananging, pendukung anané pamanasan global yakin bisa menjawab dua saka tiga pertanyaan kasebut. Kurangnya pamanasan ing pertengahan abad disebabkan déning besarnya polusi udara sing menyebarkan partikulat-partikulat, mligi sulfat, ke atmosfer. Partikulat iki, uga misuwur minangka aerosol, mantulaké sapérangan sinar srengéngé kembali ke angkasa luar. Pamanasan berkelanjutan akhirnya ngatasi èfèk iki, sapérangan lagi amarga anané kontrol marang polusi sing menyebabkan udara dadi luwih bersih. Keadaan pamanasan global wiwit 1900 sing ternyata ora kaya sing diprediksi disebabkan penyerapan panas kanthi besar déning lautan. Para èlmuwan wis lama memprediksi bab iki tetapi ora duwé cukup data kanggo membuktikannya. Ing taun 2000, U.S. National Oceanic and Atmospheric Admikistration (NOAA) mènèhi hasil analisa baru bab suhu hawa air sing diukur déning para pengamat di seluruh donya selama 50 taun pungkasan. Hasil pengukuran kasebut memperlihatkan anané kecenderungan pamanasan: suhu hawa laut donya ing taun 1998 luwih tinggi 0,2 drajat Celsius (0,3 drajat Fahrenheit) saka suhu hawa rata-rata 50 taun pungkasan, ana sedikit owahan tetapi cukup berarti .[22]

Pitakonan katelu isih mbingungaké. Satelit ndetèksi luwih sethithik pamanasan ing troposfer dibandhingaké predhiksi modhèl. Miturut sawetara kritikus, data atmosfer kasebut bener, déné pangukuran atmosfer saka lumahing bumi ora bisa dipercaya. Ing sasi Januari 2000, sawijining panèl sing ditunjuk déning National Academy of Sciences kanggo mbahas bab iki ngakoni yèn pamanasan lumahing bumi ora bisa diragukan manèh. Ananging, pangukuran troposfer sing luwih endhèk saka prediksi modhèl ora bisa dijelasaké sacara jelas.

Pengendalian pemanasan global[besut | besut sumber]

Konsumsi total bahan bakar fosil ing donya ningkat kanthi 1 persèn per-taun. Langkah-langkah sing dilakokaké utawa sing lagi dadi diskusi wektu iki ora ana sing bisa nyegah pamanasan global ing mangsa ngarep. Tantangan sing ana wektu iki ya iku ngatasi èfèk sing timbul sinambi nglkokaké langkah-langkah kanggo nyegah tansaya owahé iklim ing mangsa ngarep. Karusakan sing parah bisa diatasi kanthi werna-werna cara. Laladan pasisir bisa dilindhungi nganggo tanggul kanggo nyegah mlebuné banyu segara. Cara liyané, pamaréntah bisa mbantu populasi ing pasisir kanggo pindhah menyang laladan sing luwih dhuwur. Sawetara nagara, kaya Amérika Sarékat, bisa nylametaké tuwuhan lan kéwan kanthi tetep njaga koridor (jalur) habitaté, ngosongaké tanah sing durung diyasa saka kidul mengalor. Spesies-spésies bisa sacara alon-alon pindhah sadawaning koridor iki kanggo nuju menyang habitat sing luwih adhem. Ana loro pendekatan utama kanggo ngerèm tansaya tambahé gas omah kaca. Sepisan, nyegah karbon dioksida diculké menyang atmosfer kanthi nyimpen gas kasebut utawa komponen karbon-né ing panggonan liya. Cara iki ingaran carbon sequestration (ngilangaké karbon). Kaloro, ngurangi prodhuksi gas omah kaca.

Ngilangaké karbon[besut | besut sumber]

Cara sing paling gampang kanggo ngilangaké karbon dioksida ing udara ya iku kanthi miara wit-witan lan nandur tuwuhan luwih akèh manèh. Wit-witan, mligi sing anom lan rikat tuwuh, nyerep karbon dioksida sing akèh banget, mecah liwat fotosintesis, lan nyimpen karbon sajeroning kayuné. Ing saindhenging donya, tingkat perambahan alas wis ngancik level sing mutawatiri. Ing sakèhing wewengkon, tanduran sing tuwuh manêh sithik banget amarga lemah kèlangan kasuburané nalika diowahi kanggo kagunan sing liya, kaya kanggo lahan tetanèn utawa pangyasa omah. Langkah kanggo ngatasi bab iki ya iku kanthi reboisasi sing duwé peran sajeroning ngurangi tansaya tambahé gas omah kaca. Gas karbon dioksida uga bisa diilangaké sacara langsung. Carané kanthi nyuntikaké (nginjèksi) gas kasebut menyang sumur-sumur lenga kanggo nyurung supaya lenga bumi metu saka jero lemah (delengen Enhanced Oil Recovery). Injeksi uga bisa dilakokaké kanggo ngisolasi gas iki ing jero lemah kaya sajeroning sumur lenga, lapisan batubara utawa aquifer. Bab iki wis dilakokaké ing salah siji anjungan pangeboran lepas pasisir Norwegia, ya iku karbon dioksida sing kagawa menyang permukaan bebarengan karo gas alam dicekel lan disuntikaké manèh menyang aquifer saéngga ora bisa bali menyang permukaan. Salah siji sumber panyumbang karbon dioksida ya iku pangobong bahan bakar fosil. Panggunaan bahan bakar fosil miwiti ningkat pesat wiwit révolusi indhustri ing abad ka-18. Ing wektu iku, batubara dadi sumber ènergi dominan kanggo sabanjuré diganti déning lenga patra ing tengah abad ka-19. Ing abad ka-20, ènergi gas wiwit biyasa digunakaké ing donya minangka sumber ènergi. Owah-owahan trèn panggunaan bahan bakar fosil iki sakbeneré sacara ora langsung wis ngurangi jumlah karbon dioksida sing diculké menyang udara, amarga gas nglepasaké karbon dioksida luwih sethithik tinimbang lenga, apamanèh yèn dibandhingaké karo batubara. Sanajan mangkono, panggunaan ènergi kang bisa dinyaraké lan ènergi nuklir luwih ngurangi palepasan karbon dioksida menyang udara. Energi nuklir, sanadyan kontroversial amarga alasan kaslametan lan limbahé sing mbebayani, malah ora ngeculké karbon dioksida babar pisan.

Pasetujon internasional[besut | besut sumber]

Artikel utama: Protokol Kyoto

Kerjasama internasional diperlokaké kanggo nyuksèsaké pangurangan gas-gas omah kaca. Ing taun 1992, sajeroning Earth Summit di Rio de Janeiro, Brasil, 150 nagara ngucapaké ikrar kanggo ngadhepi masalah gas omah kaca lan setuju kanggo nerjemahaké ancas iki sajeroning sawijining prajanjèn sing ngiket. Ing taun 1997 ing Jepang, 160 nagara ngrumusaké pasetujon sing luwih kuwat sing misuwur minangka Protokol Kyoto. Prajanjèn iki, sing durung diimplementasèkaké, nyeru marang 38 nagara-nagara indhustri sing duwé persentase paling gedhé sajeroning bab ngeculaké gas-gas omah kaca supaya ngurangi emisi nganti tekan tingkat 5 persèn sangisoré emisi taun 1990. Pangurangan iki kudu bisa digayuh paling ora taun 2012. Wiwitané, Amérika Sarékat ngajokaké dhiri kanggo nglakoni pamotongan sing luwih ambisius, njanjèkaké pangurangan emisi nganti 7 persèn sangisoré tingkat taun 1990; Uni Éropah, sing kepingin prajanjèn sing luwih keras, nduwé komitmen 8 persèn; lan Jepang 6 persèn. Sisa 122 nagara liyané, sapérangan gedhé nagara berkembang, ora dijaluk kanggo mènèhi komitmen sajeroning pangurangan emisi gas. Ananging, ing taun 2001, Présidhèn Amérika Sarékat sing nyar, George W. Bush mbiwara yèn prajanjèn kanggo pangurangan karbon dioksida kasebut perlu béya sing gedhé banget. Dhèwèké uga sélak yèn nyatakaké yèn nagara-nagara berkembang ora dibebani persyaratan pangurangan karbon dioksida iki. Kyoto Protokol ora ana prabawané apa-apa yèn nagara-nagara indhustri sing tanggung jawab nyumbang 55 persèn emisi gas omah kaca ing taun 1990 ora ngratifikasi. Persyaratan iku kasil dipenuhi nalika taun 2004, Présidhèn Ruslan Vladimir Putin ngratifikasi prajanjèn iki, mènèhi dalan kanggo lumakuné prajanjèn iki wiwit 16 Fèbruari 2005. Akèh wong sing ngritik Protokol Kyoto kurang kuwat. Malah yèn prajanjèn iki ditindakaké rikat-rikat lumaku, mung bakal ngurangi sethithik panambahan konsèntrasi gas-gas omah kaca ing atmosfer. Sawijining tindhakan sing keras bakal diperlokaké mengkoné, mligi amarga nagara-nagara berkembang sing dikecualèkaké saka prajanjèn iki bakal ngasilaké separuh saka emisi gas omah kaca ing 2035. Penentang protokol iki duwé posisi sing kuwat banget. Penolakan marang prajanjèn iki ing Amérika Sarékat mligi diandharaké déning indhustri lenga, indhustri batubara lan perusahaan-perusahaan liyané sing produksinya tergantung marang bahan bakar fosil. Para penentang iki ngeklaim yèn biaya ékonomi sing diperlokaké kanggo melaksanakan Protokol Kyoto bisa ngancik 300 milyar dollar AS, mligi disebabkan déning biaya ènergi. Suwaliké pendhukung Protokol Kyoto percaya yèn biaya sing diperlokaké mung sebesar 88 milyar dollar AS lan bisa luwih kurang lagi sarta dibalèkaké dalam wujud penghematan uang sawisé ngowahi ke peralatan, kendaraan, lan prosès indhustri sing luwih effisien. Ing sawijining nagara kanthi kawicaksanan lingkungan sing ketat, ékonominé bisa terus tuwuh sanadyan werna-werna polusi wis dikurangi. Ananging mbatesi emisi karbon dioksida kabukti angèl dilakoni. Minangka conto, Walanda, nagara industrialis gedhé sing uga pelopor lingkungan, wis kasil ngatasi werna-werna polusi nanging gagal kanggo nggayuh target sajeroning ngurangi produksi karbon dioksida. Sawisé taun 1997, para perwakilan saka penandatangan Protokol Kyoto bertemu kanthi reguler kanggo negoisasii isu-isu sing durung rampung kaya paugeran, métodhe lan pinalti sing wajib diterapaké ing saben nagara kanggo ngerèm emisi gas omah kaca. Para negoisator ngrancang sistem yèn sawijining nagara sing duwé program ngresiki hawa sing sukses bisa njupuk kauntungan kanthi ngedol hak polusi sing ora digunakan menyang nagara liya. Sistem iki diarani dagang karbon. Minangka conto, nagara sing angèl ningkataké kasilé, kaya déné Walanda, bisa tuku krèdhit polusi ing pasar, sing bisa dituku kanthi béya sing luwih murah. Ruslan, minangka nagara sing éntuk kauntungan yèn sistem iki ditrapakaké. Ing taun 1990, ékonomi Ruslan payah banget lan emisi gas omah kacané dhuwur banget. Amarga sabanjuré Ruslan kasil motong emisiné punjul 5 persèn sangisoré tingkat 1990, Ruslan ana ing posisi kanggo ngedol krèdhit emisi menyang nagara-nagara indhustri liyané, mligi sing ana ing Uni Éropah.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c "Summary for Policymakers" (PDF). Climate Change 2007: The Physical Science Basis. Contribution of Working Group I to the Fourth Assessment Report of the Intergovernmental Panel on Climate Change. Intergovernmental Panel on Climate Change. 05-02-2007. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2007-02-03. Dijupuk 02-02-2007.  Priksa gandra date ing: |access-date=, |date= (pitulung)
  2. ^ NASA: Global Warming to Cause More Severe Tornadoes, Storms, Fox News, August 31, 2007.
  3. ^ Intergovernmental Panel on Climate Change Fourth Assessment Report. Chapter 1: Historical overview of climate change science.
  4. ^ a b Soden, Brian J.; Held, Isacc M. (01-11-2005). "An Assessment of Climate Feedbacks in Coupled Ocean-Atmosphere Models" (PDF). Journal of Climate 19 (14): 3354-3360. Dijupuk 21-04-2007. Interestingly, the true feedback is consistently weaker than the constant relative humidity value, implying a small but robust reduction in relative humidity in all models on average" "clouds appear to provide a positive feedback in all models  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date=, |date= (pitulung)
  5. ^ Stocker, Thomas F.; et al. (20-01-2001). "7.5.2 Sea Ice". Climate Change 2001: The Scientific Basis. Contribution of Working Group I to the Third Assessment Report of the Intergovernmental Panel on Climate Change. Intergovernmental Panel on Climate Change. Dijupuk 11-02-2007.  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date=, |date= (pitulung)
  6. ^ Buesseler, K.O., C.H. Lamborg, P.W. Boyd, P.J. Lam, T.W. Trull, R.R. Bidigare, J.K.B. Bishop, K.L. Casciotti, F. Dehairs, M. Elskens, M. Honda, D.M. Karl, D.A. Siegel, M.W. Silver, D.K. Steinberg, J. Valdes, B. Van Mooy, S. Wilson. (2007) "Revisiting carbon flux through the ocean's twilight zone." Science 316: 567-570.
  7. ^ Marsh, Nigel; Henrik, Svensmark (2000). "Cosmic Rays, Clouds, and Climate" (PDF). Space Science Reviews 94 (1-2): 215–230. doi:10.1023/A:1026723423896. Dijupuk 17-04-2007.  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung); Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  8. ^ "Climate Change 2001:Working Group I: The Scientific Basis (Fig. 2.12)". 2001. Dijupuk 08-05-2007.  Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  9. ^ Hegerl, Gabriele C.; et al. (07-05-2007). "Understanding and Attributing Climate Change" (PDF). Climate Change 2007: The Physical Science Basis. Contribution of Working Group I to the Fourth Assessment Report of the Intergovernmental Panel on Climate Change. Intergovernmental Panel on Climate Change. k. 690. Dijupuk 20-05-2007. Recent estimates (Figure 9.9) indicate a relatively small combined effect of natural forcings on the global mean temperature evolution of the seconds half of the 20th century, with a small net cooling from the combined effects of solar and volcanic forcings  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date=, |date= (pitulung)
  10. ^ Ammann, Caspar; et al. (06-04-2007). "Solar influence on climate during the past millennium: Results from ransient simulations with the NCAR Climate Simulation Modhèl". Proceedings of the National Academy of Sciences of the United States of America 104 (10): 3713–3718. However, because of a lack of interactive ozone, the modhèl cannot fully simulate features discussed in (44)." "While the NH temperatures of the high-scaled experiment are often colder than the lower bound from proxy data, the modeled decadal-scale NH surface temperature for the medium-scaled case falls within the uncertainty range of the available temperature reconstructions. The medium-scaled simulation also broadly reproduces the main features seen in the proxy records." "Without anthropogenic forcing, the 20th century warming is small. The simulations with only natural forcing components included yield an early 20th century peak warming of ≈0.2 °C (≈1950 AD), which is reduced to about half by the end of the century because of increased volcanism.  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung); Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  11. ^ Scafetta, Nicola; West, Bruce J. (09-03-2006). "Phenomenological solar contribution to the 1900-2000 global surface warming" (PDF). Geophysical Research Letters 33 (5). doi:10.1029/2005GL025539. L05708. Dijupuk 08-05-2007.  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date=, |date= (pitulung)
  12. ^ Stott, Peter A.; et al. (03-12-2003). "Do Models Underestimate the Solar Contribution to Recent Climate Change?" (PDF). Journal of Climate 16 (24): 4079–4093. doi:10.1175/1520-0442(2003)016%3C4079:DMUTSC%3E2.0.CO;2. Dijupuk 16-04-2007.  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date=, |date= (pitulung)
  13. ^ Foukal, Peter; et al. (14-09-2006). "Variations in solar luminosity and their effect on the Earth's climate.". Nature. Dijupuk 16-04-2007.  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date=, |date= (pitulung)
  14. ^ "Changes in Solar Brightness Too Weak to Explain Global Warming". National Center for Atmospheric Research. 14-09-2006. Dijupuk 13-07-2007.  Priksa gandra date ing: |access-date=, |date= (pitulung)
  15. ^ Lockwood, Mike; Claus Fröhlich. "Recent oppositely directed trends in solar climate forcings and the global mean surface air temperature" (PDF). Proceedings of the Royal Society A. doi:10.1098/rspa.2007.1880. Dijupuk 21-07-2007. Our results show that the observed rapid rise in global mean temperatures seen after 1985 cannot be ascribed to solar variability, whichever of the mechanisms is invoked and no matter how much the solar variation is amplified.  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung); line feed character ing |quote= ing posisi 131 (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  16. ^ Hansen, James (2000). "Climatic Change: Understanding Global Warming". One World: The Health & Survival of the Human Species in the 21st Century. Health Press. Dijupuk 2007-08-18. 
  17. ^ "Summary for Policymakers". Climate Change 2001: The Scientific Basis. Contribution of Working Group I to the Third Assessment Report of the Intergovernmental Panel on Climate Change. Intergovernmental Panel on Climate Change. 20-01-2001]]. Dijupuk 28-04-2007.  Priksa gandra date ing: |access-date=, |date= (pitulung)
  18. ^ Torn, Margaret; Harte, John (26-05-2006). "Missing feedbacks, asymmetric uncertainties, and the underestimation of future warming". Geophysical Research Letters 33 (10). L10703. Dijupuk 04-03-2007.  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date=, |date= (pitulung)
  19. ^ Harte, John; et al. (30-10-2006). "Shifts in plant dominance control carbon-cycle responses to experimental warming and widespread drought". Environmental Research Letters 1 (1). 014001. Dijupuk 02-05-2007.  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date=, |date= (pitulung)
  20. ^ Scheffer, Marten; et al. (26-05-2006]]). "Positive feedback between global warming and atmospheric CO2 concentration inferred from past climate change." (PDF). Geophysical Research Letters 33. doi:10.1029/2005gl025044. Dijupuk 04-05-2007.  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date=, |date= (pitulung)
  21. ^ Stocker, Thomas F.; et al. (20-01-2001). "7.2.2 Cloud Processes and Feedbacks". Climate Change 2001: The Scientific Basis. Contribution of Working Group I to the Third Assessment Report of the Intergovernmental Panel on Climate Change. Intergovernmental Panel on Climate Change. Dijupuk 04-03-2007.  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date=, |date= (pitulung)
  22. ^ a b Hart, John. "Global Warming." Microsoft® Encarta® 2006 [DVD]. Redmond, WA: Microsoft Corporation, 2005.

Pranala njaba[besut | besut sumber]